
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Para maos isih kelingan ora, yen rega jae mundhak ndedel nalika wiwitane pageblug korona? Jae kang klebu empon-empon (rimpang) iku laris manis jalaran dianggep minangka tulak lelara. Malah, ana kang nggawe racikan, salah siji bahane jae, lan diwenehi tenger: jamu korona.
Sejatine, apa ta khasiyate jae? Kepala Kelompok Penelitian Center for Drug Discovery and Development, Pusat Penelitian Bioteknologi LIPI, Masteria Yunovilsa Putra, njlentrehake yen jae nduweni khasiyat ngundhakake daya tahane badan. Arane, immunomodulator. Lumrahe, saben manungsa butuh daya tahan badan kang apik, amrih bisa nindakake padinan kanthi kepenak, lan ora gampang ketaman lelara.
Ananging ora ateges banjur kudu konsumsi jae. Apamaneh yen banjur mung mligi sregep konsumsi jae lan ora nggatekake butuh liyane. Iku ora pener. Anggone kepengin badan saras durung mesthi kasembadan. Jalaran, badan butuh asupan gizi jangkep, kang werna-werna jinise. Semono uga gunggunge, kudu selaras karo takerane.
Ing jae, utamane jae abang, ana gingerol lan shogaol kang pigunane kaya ing ndhuwur mau, ngundhakake daya tahane badan. Jae uga ngandhut antiinflamasi lan antioksidan. Mula, kanggone pawongan sing lagi lara, ngombe wedang jae anget bisa nyuda rasa panandhange. Ananging, ora ateges ngusadani.
Semono uga kanggone sing nandhang Covid-19. Umume, yen ketaman virus korona, ana peradhangan rada nemen ing perangan paru-paru. Ambegan seseg, dhadha ampeg. Lha yen ngombe wedang jae anget, sok-sok ana sing krasa suda gangguwane.
Antiinflamasi nyuda gangguwane badan, dene immunomodulator ngundhakake daya tahane badan. Ya kanthi mengkono iku, khasiyate jae bisa nyengkuyung pangusadane pasiyen Covid-19. Dudu ngobati, alias dudu minangka obate!
Uga, dudu antivirus. Mula aja nganti salah panemu. Rumangsane yen kulina ngombe wedang jae banjur ora bakal ketaman virus.
Konsumsi jae, umume pancen digawe wedang anget. Kejaba wedang jae murni, ana uga inuman liyane kang nganggo jae. Rondhe, angsle, tauwa, bandrek, lsp.
Kejaba saka iku, jae uga kerep dadi jejangkepe bumbu panganan. Ya mangsakan, utawa nyamikan. Mangsakan abahan iwak banyu, apameh iwak segara, kerep diimbuhi jae. Sing paling baku pancen kanggo nyuda ganda amise. Semono uga olahan daging, ya
daging sapi, apamaneh wedhus. Jae piguna kanggo nyuda ganda prengus.
Sanadyan yen kanggo bumbu rak ya mung sethithik, ananging yen ajeg dirahabi, para maos bakale ngrasakake khasiyate jae. Kaya ta nyuda kolesterol lan asam urat. Uga, ngontrol tekanan dharah.
Kejaba inuman lan mangsakan, salah sijine sing bisa dicoba yaiku nggawe kuweh coklat jae. Legiting coklat bisa dadi sumber energi, dene semriwinge jae piguna kanggo njaga kasarasane badan.
Kuwe COKLAT JAE
Bahan:
Carane Nggawe: