
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Mangsane sejatine wis rendheng, ananging saperangan papan isin keduman panas ngenthang-ngethang. Sing ngati-ati, amarga kahanan panas nemen bisa njalari maneka pangguwan kasarasan.
Kang paling cetha, panas ne-men bisa njalari badan kurang cairan. Istilahe, dehidrasi. Mesthekake cukup ngombe wedang bening. pancen dadi bab paling pokok kanggo njaga kasarasan ing mangsa kaya ngene.
Gangguwan liyane kang kerep jumedhul yaiku ing kulit. Mruntus, alias kringet buntet. Iku kang pa-ling lumrah. Apamaneh kanggone bayi lan bocah.
Yen uwong diwasa, krasa su-muk nemen, kemringet gobyos, adate bisa ngisis sedhela banjur adus. Gebyuran, sabunan, lan di-bilas banyu nganti resik, sabanjure andhukan nganti garing. Iku wis cara paling trep kanggo njaga kulit resik lan kumane ilang. Peranga-ne kulit sing mruntus bisa dioseri obat wujud losion utawa krim (pra-yogane priksa dhokter luwih dhisik).
Dene bayi lan bocah, bisa adus utawa disekah. Yen mruntuse ne-men ya kudu priksa menyang dhokter, amrih entuk tetamba kang trep. Aja gampang ngoser-oseri wedhak. Jalaran sok-sok bubuke wedhak malah dadi srana uripe kuman.

Olehe nglambeni pilih sing rada tipis amrih bisa rada isis. Kasur lan sakupenge dijaga resik. Panas nemen sok-sok sakupeng omah dadi garing, gampang ana lebu. Iki kudu diawekani. Jogan luwih ke-rep disaponi, latare awan sore disirami.
Sakbegja-begjane uwong lara entuk tamba, luwih prayoga yen bisa ngendhani lelara. Nomer siji, paling utama, ya njaga karesikan lan kasarasane badan. Saka pu-cuking rambut tekan dlamakane sikil.
Rambut mapan ing sirah, olehe njaga resik ora ana cara liya ke-jaba sregep kramas. Yen rambut resik, kulit ing perangane sirah uga bakal seger. Ora gampang nglenga kang banjur dadi krasa gatel lan mambu apek. Apamaneh yen kerep lelungan, adus kramas iku wigati banget. Amrih rereged kang bisa wae ketem-plekan bakteri lan ku-man, gogrog nganti gusis.
Pasuryan dijaga kan-thi manganggo topi utawa payung nalika lelungan ing wayah awan, Yen nganggo kosmetik, pilih kang cocog kro jinis kulit. saiki ana sing luwih aman, yaikku gel (jel). Bisa kanggo kulit kang nglenga, uga kasap. Sawise raup resik, lagi dioser-oseri jel sacukupe.
Perangane badan, saka lengen tekan ampeyan. Lengen iku klebu sikut, dene ampeyan ya tekan tungkak lan dlamakan. Kanggo njaga kulit saka bebayane panas kang keladuk, bisa nganggo bahan alami. Kaya ta lidah buaya dicam-pur madu, banjur dinggo mas-keran.
Dene yen arep praktis bisa nggunakake losion utawa krim.. Saiki uga ana prodhuk jenenger body butter. Ramuane luwih ken-thel lan cocog banget kanggo kulit kasap/mbesisik. Anggone nganggo saben sawise adus. Yen ing tangan bisa uga dinggo bola-bali. Kaya ya yen kerep wijik. Sawise wijik, apa-maneh yen nganggo sabun, kulit tangan krasa mbekisik. Ya wektu iku pas banget yen banjur nganggo body butter.
Aja lali tungkak lan dlamakan uga kudu digatekake. Sranane pa-dha karo pangrumate sikut. Dene yen wis kadhung garing nemen, nganti pecah-pecah, ya kudu luwih permana anggone ngupakara.
Carane, wisuh sikil banjur di-andhuki nganti garing. Banjur pe-rangan tungkak kang katon rusak iku dikosoki nganti mripil kulite.. Yen jaman biyen, nganggo watu apung. Saiki, wis ana prodhuk pa-brikan kang mupangate saemper.. Rada dipenet, nanging aja keladuk.. murih kulit ora beset. Sawise iku, dibilas lan diandhuki nganti gring, banjur dileleti krim. Kudu sregep, rong dina pisan, amrih kulit tungkak pulih alus maneh.
***
Panulis : Lie