Bapak Mateni Putrine, Warga Irak Nuntut UU

Aksi unjuk rasa warga Irak awit rajapati kang namani Tiba Al-Ali

Warga Irak rame-rame nggelar unjuk rasa, sawise ana kedaden YouTuber, Tiba al-Ali, nemahi pati. Pawestri 22 taun iku koncadan nyawa jalaran ditekek dening bapake dhewe.

Juru wicara Kementrian Dalam Negeri Irak, Saad Maan, kandha yen rajapati iku dumadi ing tlatah Diwaniya, sakidule Irak. Ali lan bapake kinabarake sejatine wis suwe anggone regejegan. Jalarane, Ali milih urip dheweing Turki, misah saka kulawargane. Dene keng ramane ora sarujuk.

Dhek 2017, Ali sakbrayat lelungan menyang Turki. Ananging, sawise rampung butuhe, Ali ora gelem melu mulih menyang Diwaniya. Dheweke kukuh arep keri lan medu nung ing Turki. Kang dadi jalarane, Ali kerep dipilara dening sanak kadange (ngalami kekerasan seksual). Kapacak ing Guardian, Saad Maan kandha yen pamarentah wis ngupaya amrih Tiba al-Ali bisa rembugan kanthi becik karo bapake. Ananging, pancen durung ana titik temu. Nalika Ali mulih kanggo sanja kulawargane ing Diwaniya, dumadi cek cok maneh karo bapake. Miturut kabar, padudon iku ana rekamane. Ananging, pihak kang wenang durung kasil nlesih bener orane.

Buntute prastawa iku, warga Irak rame-rame nggelar protes ing sangarepe Dewan Kehakiman Tertinggi Irak. Ancase, nuntut patine Ali diusut tuntas lan adil. Warga sarombongan ana kang nggawa spanduk kanthi tulisan kang surasane “aja maneh-maneh merjaya pawestri”. Uga ana kang ukarane “pelaku rajapati Ali kudu tanggungjawab”.

Salah sijine warga sing melu dhemo, Rose Hamid, kandha yen dheweke sakanca njaluk anane paugeran (UU) kang surasane aweh pangayoman marang pawestri. Utamane paugeran ukum kang ora ngolehi kekerasan ing kulawarga. Aku sakanca teka mrene saperlu protes bab rajapatine Ali lan pawestri liyane. Sapa maneh sing mengko dadi korbane?” imbuhe, kaya kapacak ing Al Jazeera. Warga protes awit ing padinane, pawestri kabetheng dening sakehing wewates lan adat lawas. “Awit ora ana paugeran kanggo menggak kekerasan rumah tangga. Ukum kang ditetepake pamarentah uga ora satimbang karo tumindake pelaku,” tulise politikus veteran Ala Talabani ing Twitter. Rancangan UU KDRT sejatine wis diusulake menyang parlemen dhek 2014. Ananging proses iku kandheg. Awit, miturut legislator, RUU kasebut kabiji bisa ngikis tatanan sosial Irak. Gegayutan karo bab iku, Amnesty Internasional ngundamana rajapati nggegirisi kasebut. Uga nandhesake yen Irak durung tumemen nggatekake perkaraWarga Irak rame-rame nggelar unjuk rasa, sawise ana kedaden YouTuber, Tiba al-Ali, nemahi pati. Pawestri 22 taun iku koncadan nyawa jalaran ditekek dening bapake dhewe.

Juru wicara Kementrian Dalam Negeri Irak, Saad Maan, kandha yen rajapati iku dumadi ing tlatah Diwaniya, sakidule Irak. Ali lan bapake kinabarake sejatine wis suwe anggone regejegan. Jalarane, Ali milih urip dheweing Turki, misah saka kulawargane. Dene keng ramane ora sarujuk.

Dhek 2017, Ali sakbrayat lelungan menyang Turki. Ananging, sawise rampung butuhe, Ali ora gelem melu mulih menyang Diwaniya. Dheweke kukuh arep keri lan medu nung ing Turki. Kang dadi jalarane, Ali kerep dipilara dening sanak kadange (ngalami kekerasan seksual). Kapacak ing Guardian, Saad Maan kandha yen pamarentah wis ngupaya amrih Tiba al-Ali bisa rembugan kanthi becik karo bapake. Ananging, pancen durung ana titik temu. Nalika Ali mulih kanggo sanja kulawargane ing Diwaniya, dumadi cek cok maneh karo bapake. Miturut kabar, padudon iku ana rekamane. Ananging, pihak kang wenang durung kasil nlesih bener orane.

Buntute prastawa iku, warga Irak rame-rame nggelar protes ing sangarepe Dewan Kehakiman Tertinggi Irak. Ancase, nuntut patine Ali diusut tuntas lan adil. Warga sarombongan ana kang nggawa spanduk kanthi tulisan kang surasane “aja maneh-maneh merjaya pawestri”. Uga ana kang ukarane “pelaku rajapati Ali kudu tanggungjawab”.

Salah sijine warga sing melu dhemo, Rose Hamid, kandha yen dheweke sakanca njaluk anane paugeran (UU) kang surasane aweh pangayoman marang pawestri. Utamane paugeran ukum kang ora ngolehi kekerasan ing kulawarga. Aku sakanca teka mrene saperlu protes bab rajapatine Ali lan pawestri liyane. Sapa maneh sing mengko dadi korbane?” imbuhe, kaya kapacak ing Al Jazeera. Warga protes awit ing padinane, pawestri kabetheng dening sakehing wewates lan adat lawas. “Awit ora ana paugeran kanggo menggak kekerasan rumah tangga. Ukum kang ditetepake pamarentah uga ora satimbang karo tumindake pelaku,” tulise politikus veteran Ala Talabani ing Twitter. Rancangan UU KDRT sejatine wis diusulake menyang parlemen dhek 2014. Ananging proses iku kandheg. Awit, miturut legislator, RUU kasebut kabiji bisa ngikis tatanan sosial Irak. Gegayutan karo bab iku, Amnesty Internasional ngundamana rajapati nggegirisi kasebut. Uga nandhesake yen Irak durung tumemen nggatekake perkara

Penulis

Lie.

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 10