Hawa adhem 14 derajat Celcius mbuntel Desa Batur, Kabupaten Banjarnegara, Jawa Tengah, Selasa, 26 Mei 2026, sedina sadurunge Riyaya Idul Adha 1447 Hijriah. Sok ngonoa adheme hawa khas dhataran dhuwur Dieng iku ora nyurutake semangate warga cecawis samubarang keperluwan kanggo mapag tekane riyaya kurban. Umyege swasana mau njalari desa sing sedina-dinane katon ayem iku malih krasa anget.

Wiwit esuk warga enom tuwa guyub tandang gawe ana gedhung serbaguna duweke desa. Kabeh bebarengan nyamaptakake kebutuhane Idul Qurban, wiwit ndhata sumbangane warga, nampa sumbangan kewan kurban, lan ngatur sawernane keperluwan teknis. Ibute warga iku kaya-kaya dadi sesawangan kang kontras ing Desa Batur kang tentrem. Sejatine persiapan mapag riyata kurban ora mung ditindakake sedina sadurunge ‘hari H’, nanging wiwit setaun sadurunge.
Lumantar sistem iuran kang dikemonah musala, warga nglumpukake dhuwit sethithik mbaka sethithik. Ora beda nyelengi, warga kang sebageyan gedhe nyambut gawe minangka petani iku nyetorake dhuwit urunan samampune marang panitia kurban tingkat musala. Saeklase, ora dikudokake kudu semene-semene.
Dhuwit sing nglumpuk mau dikemonah kanthi tinarbuka (transparan) nganti gunggunge cukup kanggo tuku kewan kurban. Kewan kurban kang wis dituku banjur dipasrahake marang panitia tingkat desa kang sacara organisasi ngindhuk marang Majelis Pelayanan Sosial. Kabeh proses, wiwit nglumpukake iuran nganti tuku kewan kurban, ora ana sing ditutup-tutupi. Sawenane keputusan dijupuk bebarengan lumantar musyawarah.




Apike, tradhisi kurban Desa Batur mau ora mung ditandangi umat Islam. Warga kang duwe keyakinan liya uga diwenehi enggon dening panitia kanggo melu urunan, kepara diolehi nyumbang sapi utawa wedhus. Sawise kabeh kewan kurban dipragad (sembeleh) daginge didum warata marang warga, ora nyawang agama lan keyakinane. Bakune kabeh kumanan.
Tradhisi kang wis mlaku puluhan taun iku kabukten bisa ngundhakake partisipasine warga. Kewan kurban kang disembeleh wimbuh akeh. Miturut ketua panitia kurban Desa Batur, Dayat Iskandar, Idul Adha taun 2026 iki ana 714 wedhus lan 176 sapi kang diimpun. Saengga yen ditotal gunggunge 890 kewan kurban. “Taun 2025 kepungkur kewan kurban sing diimpun panitia ana 720,” ujare Dayat.
Saka 890 kewan kurban mau ngasilake daging 25 ton. Daging iku dibungkusi tas plastik dadi 8.600 paket, banjur didum-dumake marang warga kang uripe kekurangan. Ora mung ing Desa Batur, nanging uga tekan desa-desa sakiwa tengene, kepara nganti wewengkon Kabupaten Pekalongan, Banyumas lan Wonosobo.
Miturut Dayat Idul Adha ora mung saderma prayaan keagamaan, nanging uga wektu kang prayoga kanggo nyawijine kabeh warga amrih urip jrone kerukunan, ora mbedak-bedakake keyakinane sarta asal-usule. Dheweke ngajab tradhisi kang wis ana kawit 1930 kuwi terus dileluri dening generasi bacute.
Kepala Desa Batur Ahmad Fauzi ngandharake, semangat gotong royong-e warga mujudake pondhasi tradhisi kang bisa dirasakake tekan anak putu. Tradhisi kurban Desa Batur dadi bukti menawa nilai-nilai gotong royong isih urip ana satengahe masyarakat. Keguyuban iku dadi modhal kanggo mikuwati solidharitas sosial, toleransi lan paseduluran. Desa Batur bisa dadi pengilon tumrap masyarakat Indonesia kang majemuk.
(Foto: ANTARA/ Makna Zaezar)



