Drama Sedina ing Rengasdengklok

Pamilihe Rengasdengklok kanggo nyingidake Sukarno-Hatta mbokmenawa ora tanpa alasan. Wektu semana ing Rengasdengklok ana markas cudan (kompi) kaloro saka Daindan (batalyon) Tentara PETA Purwakarta. Kompi PETA Rengasdengklok dikomandhani Subeno kang sa-aliran karo klompok pemudha Jakarta.

Srengenge durung mlethek nalika saklompok pemudha saka panitia persiapan kemerdekaan Indonesia (PPKI)  nekad nggawa Sukarno, Hatta, Fatmawati lan Guntur ninggalake Jakarta, 16 Agustus 1945. Hawa atis, dalan-dalan isih sepi. Playune mobil kebat ngarah menyang Rengasdengklok ing Karesidenan Purwakarta. Maune Sukarno, Hatta, Fatmawati lan Guntur dijujugake ana asrama tentara sukarela Pembela Tanah Air (PETA) Rengasdengklok. Gunggunge pasukan ana njero asrama iku ora luwih saka wong 100.

Nekade pemudha-pemudha iku nyulik Sukarno-Hatta saderma kanggo ndheseg amrih tokoh nasional loro mau sacepete mroklamirake kamardikan sawise santer keprungu kabar yen Jepang kasoran ing palagan prang donya. Bengi sadurunge, najan wis diancam dening pemudha, Sukarno tetep tidha-tidha. Dheweke isih nunggu janjine Jepang sing jarene bakal menehi kamardikan Indonesia akhir Agustus 1945.

Rehne asrama PETA kono kurang kepenak kanggo ngaso, kapapate banjur dipindhah menyang omahe petani keturunan Tionghoa, Djiau Kie Siong. Ing omah sing ora adoh jarake karo asrama PETA mau Sukarno lan Hatta ora nindakake kegiyatan sing serius. Lelorone mung lungguhan karo ngobrol entheng-enthengan. Hatta kang isih bujang ing umure sing wis kliwat 40 taun, luwih akeh nggendhong Guntur. Umure Guntur durung genep setaun. 

“Kegiyatanku wong telu ora ana liya kejaba ngemong Guntur, gentenan mangku,” kandhane Hatta ing buku Muhammad Hatta Memoir (1979).

Sukarno lan Hatta ing Rengasdengklok, 16 Agustus 1945.

Dina kuwi Guntur rewel. Susune keri ana mobile “penculik” sing wis lunga maneh embuh menyang ngendi. “Nalika lagi dakpangku, Guntur pipis ing clana. Dhengkulku teles. Najan dheweke cepet-cepet dakdhunake menyang jrambah, nanging ‘kacilakan’ wis kebacut dumadi,” tuture Hatta. 

Cilakane maneh, Hatta ora nggawa ganti. “Kanthi clana kuwi aku ora bisa nindakake sembahyang,” ujare. Hatta kepeksa tetep nganggo clana mau nganti tilas pipise Guntur garing.

Kekuwatane PETA Purwakarta

Petrik Matanasi jrone artikel asesirah Yang Terjadi Kala Drama Penculikan Sukarno di Rengasdengklok (2018) nuturake, pamilihe Rengasdengklok kanggo nyingidake Sukarno-Hatta mbokmenawa ora tanpa alasan. Wektu semana ing Rengasdengklok ana markas cudan (kompi) kaloro saka Daindan (batalyon) Tentara PETA Purwakarta. Kompi PETA Rengasdengklok dikomandhani Subeno.

Kejaba ing Rengasdengklok, markas kompi PETA Batalyon Purwakarta uga dumunung ing Cimalaya kang dipimpin Setiadi Kartohadikusumo. Kompi Cimalaya mujudake kompi kapisan. Kompi katelu dipimpin Sumarna, dene kompi kapapat dipandhegani Tjetjep Prawiradinata. Komandhan Batalyon PETA Purwakarta dhewe dicekel dening Surjodiputro. Dheweke perwira PETA paling senior sakaredisenan.

“Daidanco Surjodiputro akeh dipengaruhi dening Daidanco Mr. Kasman ing Jakarta kang luwih nengenake ngelmu agama tinimbang ketrampilan kemiliteran,” tulise Omar Bahsan jrone buku PETA (Pembela Tanah Air) dan Peristiwa Rengasdengklok (1955).

Para komadhan regu (bundanco) PETA Purwakarta entuk gemblengan fisik saka Syodanco Singgih. Ngelmune Singgih kuwawa mbangkitake semangat anti-Jepang marang dhirine para bundanco, utamane komandhan regu saka kalangan terpelajar kaya dene Sunarjo lan Sugeng Iskandar (Jawa), sarta Sukandar lan Sutema (Sunda). 

Sauntara kuwi ing kompi PETA Purwakarta ana komandhan sing tilas mahasiswa Sekolah Tinggi Kedokteran (Ika Dai Gakku) Jakarta, yaiku Setiadi (Cimalaya) lan Subeno (Rengasdengklok). Setiadi lan Subeno tansah ngrawat sesambungan karo mitra-mitrane ing Jakarta sing padha-padha duwe sikep anti-Jepang. Mula Subeno ora bisa meneng wae bareng krungu kabar menawa Jepang wis nungkul marang sekutu 14 Agustus 1945.

Saengga tumrap klompok pemudha “penculik,” kanthi anane Subeno, saora-orane Sukarno-Hatta tetep aman upama digawa menyang Rengasdengklok. “Yen ana apa-apa karo Bung Karno lan Bung Hatta ing Rengasdengklok, kanthi cepet bisa diamanake dening tentara PETA kang sakubu karo golongan pemudha Jakarta, saengga keslametane bisa dijamin. Dununge Rengasdengklok ora sepira adoh karo Jakarta, ora ing sapinggire dalan gedhe Jakarta-Cirebon,” ujare Setiadi Kartohadikusumo jrone buku PETA: Tentara Sukarela Pembela Tanah Air (1996).

Nalika para perwira PETA duwe niyat nindakake gerakan ing Jakarta, Batalyon PETA Purwakarta ngepasi ditinggal komandhane, Surjodiputro, tugas dhines menyang Bandung. Kanggo sawatara wektu abang ijone PETA wilayah Purwakarta dipasrahake marang Setiadi. Pasukan PETA Purwakarta, kandhane Setiadi, jroning posisi siap tempur. Kepara kompi Rengasdengklok wis ora sabar kumudu-kudu nyapu Jepang.

Gegambaran gladhen militer pasukan PETA Purwakarta.

Rasa gethinge pasukan PETA Purwakarta marang Jepang satemene wis dirungu dening tentara-tentara cebol kepalang iku wiwit setaun sadurunge. Kanthi sesidheman Jepang nyusupake pulisi rahasia (Kenpeitai) menyang wilayah Purwakarta kanggo memanuki kahanane markas-markas kompi. Kejaba nlusupake intelijen sing ora kawistara, Jepang uga terang-terangan nekakake perwira saka pasukan khusus PETA (Yukeitai) aran Syodancho Sjachra menyang kompi Rengasdengklok. Suprandene perwira khusus Jepang (sidokan) sing ditugasi ngawat-awati PETA Rengasdengklok mau ora betah suwe mapan ana kono krana ngadhepi sikep-sikep memungsuhan saka Subeno sakanca. 

Tekane Sukarno, Hatta, Fatmawati lan Guntur saka Jakarta menyang Rengasdengklok uga ora uwal saka pangawasane intelijen Jepang. Sawenehe sidokan jeneng Matsumura nekad ngrangseg menyang omahe Djiau Kie Siong. Nanging Matsumura mundur bareng gulune dipapag bayonet gyuhei dening andhahane Subeno sing ngreksa omah kasebut.

Pangrimuke Subardjo

“Ilange” Sukarno lan Hatta nuwuhake geger ing Jakarta. Penasihat PPKI, Ahmad Subardjo Djojoadisoerjo kelabakan merga jam 10.00 kuwi kudune Sukarno nekani rapat PPKI ing Pejambon. Mula Subardjo age-age nglapurake ilange Sukarno marang Laksamana Tadhasi Maeda saka Angkatan Laut Jepang. Mulih saka markase Maeda, Subardjo ganti ndhedhes Wikana, wakil golongan pemudha. Subardjo yakin Wikana ngerti dununge Sukarno diculik lan disingidake jalaran dhek bengine nom-noman kuwi klebu sing ngancam Bung Karno.

“Apa sing wis koktindakake marang Sukarno lan Hatta,” takone Subardjo kaya kang katulis ana autobiografine kanthi judhul Kesadaran Nasional (1978).

“Sukarno-Hatta digawa menyang luwar kota. Kuwi wis dadi kemupakatane rapat mau bengi,” jawabe Wikana.

“Apa akibat saka tumindakmu sakanca iki wis kokpikirake kanthi mateng?”

“Kuwi dudu keputusanku dhewe, Bung, nanging keputusane kabeh golongan pemudha. Tugasku mung mbujuk Sukarno amrih gelem mroklamirake kamardikan Indonesia wingi bengi,” Wikana ngotot.

“Ngene Wikana, aku lan Sukarno wis bebarengan suwe. Dakkira ora ana alasan kanggo kowe ora nuduhake papane Sukarno-Hatta disingidake. Ora ana sing perlu digawe wadi,” pangrimuke Subardjo.

Wikana menyat, njaluk wektu arep rundhingan luwih dhisik karo kanca-kancane. Subardjo ngenteni. Sawatara wektu bacute Wikana mbalik maneh babarengan karo Pandu Kartawiguna lan Adam Malik. “Aku ora bisa nuduhake lokasine Sukarno-Hatta, jalaran PETA  ngrahasiakake papan pandhelikan kuwi marang aku sakanca,” kandhane Pandu.

Subardjo ora marem. Dheweke puguh ndheseg Wikana sarowang amrih nuduhake papane Sukarno-Hatta, jalaran tanpa lelorone bisa-bisa Indonesia wurung mardika. Wikana janji arep golek kabar bacute. Wanci bedhug tengange Wikana lan Pandu bali sapatemon karo Subardjo. Lelorone ngajak Jusuf Kunto, salah sijine anggota PETA. Jusuf kandha lamun Sukarno-Hatta sengaja disingidake menyang luwar kota amrih ora diprajaya Angkatan Darat Jepang.

“Yen dhasar kanggo nglungakake Sukarno-Hatta mau merga prekara keslametan, kowe sakanca ora perlu was sumelang keslametane Sukarno-Hatta saupama lelorone bali maneh menyang Jakarta. Awake dhewe wis disengkuyung dening Angkatan Laut Jepang mungguhna Angkat Darat ngalang-alangi. Tulung tuduhna papan dununge Sukarno-Hatta, supaya bisa dakpapag lan dakajak bali menyang Jakarta dina iki uga kanggo mbacutake rembugan bab kamardikan Indonesia,” Subardjo bali ngrimuk.

Sawise Subardjo wani njamin yen kamardikan bakal sacepete diprokamirake, klompok pemudha dadi luluh atine. Jam 16.00 bebarengan karo Jusuf Kunto, Sudiro lan sopir, Subardjo gegancangan ninggalake Jakarta numpak mobil Skoda tuwa kang ban-e wis alus. Najan wis pirang-pirang kilometer lakune mobil, parandene Jusuf Kunto durung gelem nuduhake papan dununge Sukarno-Hatta. Nanging Subardjo nyicil ayem awit Jusuf Kunto njamin sore kuwi dheweke bakal ditemokake karo Bung Karno lan Bung Hatta.

Subardjo kober mbadhe Sukarno-Hatta disingidake ana dhaerah Selabintana, Sukabumi. Nanging Subardjo sadhar pambadhene luput bareng arahe mobil menggok tumuju Karawang. Jusuf Kunto meneng wae ing sadawane laku. Apese, nalika Skoda wis cedhak wilayah Rengasdengklok, ujug-ujug bane mbledhos. Kepeksa kabeh mudhun saperlu ganti ban.

Jam 18.00 magrib lakune mobil lagi tekan asrama pasukan PETA kompi Rengasdengklok. Kabeh kober mbatalake pasa ing warung sacedhake asrama luwih dhisik. Rampung buka, Subardjo dilarapake Jusuf Kunto marang Chudanco Subeno. Subeno miterang keperluwane Subardjo.

“Tekaku mrepe saperlu mapag Bung Karno lan Bung Hatta kanggo dakajak bali menyang Jakarta amrih kamardikan sacepete bisa kawujud,” kandhane Subardjo.

“Apa Jepang wis bener-bener kalah perang lumawan sekutu?” 

“Tekaku mrene iki saperlu aweh kabar marang Bung Karno lan Bung Hatta menawa Jepang wis kalah,” ujare Subardjo.

Subeno kang kepengin banget Indonesia cepet-cepet mardika kaya kekarepane Wikana, Adam Malik, Jusuf Kunto, Chaerul Saleh, Sukarni, Pandu Kartawiguna lan liya-liyane, ngolehi Subardjo mara menyang omahe Djiau Kie Siong. Subardjo mung mlaku wae menyang omahe Djiau. Dheweke lega bareng nyumurupi Sukarno, Hatta, Fatmawati lan Guntur ora kekurangan sawiji apa.

“Ayo cepet, kita kabeh kudu enggal-enggal bali menyang Jakarta! Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia ora bisa mbacutake rapat tanpa awake dhewe. PPKI wis muspra nunggu awake dhewe dina iki mau,” kandhane Subardjo.

“Apa Jepang wis nyerah?” takone Sukarno.

“Esuk mau Laksamana Maeda aweh kabar menawa Jepang wis kalah perang,” Subardjo ngyakinake. Bengi kuwi uga, 16 Agustus 1945, Sukarno, Hatta, Fatmawati lan Guntur rerikatan bali menyang Jakarta. Tekan Jakarta, Sukarno, Hatta lan Subardjo njujug ana omahe Laksamana Maeda. Ing kono wong-wong padha melekan ngonsep naskah prokmalasi kanggo diwacakake sesuk esuke.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 383

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *