
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Semangat para siswa ing Kabupaten Gresik jroning nguri-uri Basa Jawa saya sumunar wae. Bab iki katon ing gelaran Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) Basa Jawa Kabupaten Gresik Tahun 2026 kang finale kaleksanan ing UPT SMP Negeri 22 Gresik, Setu, 29 Agustus 2026. Kegiatan kang ngangkat tema “Ngleluri Basa Jawa, Ngluhurake Budaya Bangsa” ksb kasil narik kawigaten lan antusiasme para pelajar saka jenjang SD lan SMP.
Rerangken FTBI Gresik 2026 kaleksanan kanthi sawenehing tahapan. Kagiyatane diwiwiti kanthi sosialisasi lomba kang dileksanakake kanthi daring tanggal 27 Juli 2026. Sabanjure, pendaftaran saha pangumpulan karya peserta kanggo cabang lomba Sesorah, Dhagelan Tunggal, Cerkak, Ndhongeng, Geguritan, Nembang lan Maca sarta Nulis Aksara Jawa.

Karya para peserta sabanjure dibiji dening para juri kanthi kapilih nem peserta paling apik saka saben mata lomba. Para finalis sabanjure maju ing babak final kang dileksanakake kanthi luring tanggal 29 Agustus 2026 kanggo tingkat SD lan SMP.
Sakabehe rerangken kagiyatan iki dadi papan kanggo para siswa Gresik nuduhake kaprigelan, kreativitas, lan rasa tresnane marang basa Jawa. Lumantar FTBI, para siswa ora mung bisa ngembangake kaprigelan basa lan sastra Jawa, nanging uga melu nguri-uri lan nglestarekake kabudayan Jawa ing tengahing owah-owahan jaman.

Cacahe peserta kang melu FTBI ana 546 siswa, dumadi saka 431 peserta tingkat SD lan 115 peserta tingkat SMP. Akehe peserta kang melu ksb dadi pratandha yen para siswa isih nduweni semangat kang gedhe kanggo nyinaoni lan ngembangake kaprigelan Basa Jawa. Mula FTBI ora mung dadi ajang adu kaprigelan, nanging uga dadi papan tumrape para siswa ngasah rasa percaya diri, kreativitas, lan kemampuan ngandharake gagasan nganggo basa lan sastra Jawa.
Ana pitung cabang lomba kang dilombakake, yaiku Cerkak, Ndhongeng, Nembang, Sesorah/Pidato, Ndhagel Ijen, Maca lan Nulis Aksara Jawa, sarta Geguritan. Saben cabang lomba nduweni daya tarik dhewe, wiwit saka kaprigelan ngolah tembung, maca lan nulis aksara Jawa, ngandharake crita, nganti nembang lan maca geguritan.
Dr. S. Hariyanto, S.Pd.,M.M., Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Gresik, kang rawuh ing final FTBI paring apresiasi marang antusiasme para peserta kang melu FTBI. Miturut panjenengane, cacahe peserta kang cukup akeh nuduhake yen para pelajar ing Kabupaten Gresik isih nduweni semangat kanggo nglestarekake basa Jawa. Mula Pak Hariyanto ngajab supaya kegiatan iki bisa nambah wawasan lan kaprigelane para siswa ing babagan basa Jawa, mligine para pelajar ing tingkat SD lan SMP ing Gresik.
Sauntara kuwi Ketua Panitia FTBI SD Kabupaten Gresik, Aminnatul Widyana, S.Pd., M.Pd., uga paring apresiasi marang para peserta kang wis wani tampil lan nyoba ngasah kaprigelane. Miturut Bu Aminnatul Widyana, menang lan kalah dudu perkara kang wigati. Sing luwih penting yaiku wani, duwe pengalaman, lan semangat kanggo terus sinau. Para siswa kang wis wani maju ing ngarepe wong akeh wis oleh pengalaman kang migunani kanggo ngembangake kapribadene.
Adhedhasar asil penilaian Dewan Juri, saben cabang lomba ngasilake juwara 1 saka jenjang SD lan SMP. Ing tingkat SD, juwara 1 Cerkak yakuwi Khanza Almeera Azzahra saka UPT SD Negeri 163 Gresik. Ndhongeng Gendis Maesa Tunggal Prakarsa saka UPT SD Negeri 155 Gresik, Nembang Gideon Febriano Bambulu saka SD Insan Mulya, lan Sesorah dening Khansa Naura Aqila saka UPT SD Negeri 16 Gresik. Dene Ndhagel Ijen pemenange Ahmad Rizky Jalaludin Akbar saka UPT SD Negeri 217 Gresik, Maca lan Nulis Aksara Jawa Rahma Shafiyya Junaedi saka UPT SD Negeri 155 Gresik, sarta Geguritan Kaisa Zakiya Dafisa saka SD YPI Darussalam Cerme.
Ing tingkat SMP, juwara 1 Cerkak yaiku Aisyah Salsabila Kinoshita Amano saka UPT SMP Negeri 33 Gresik. Ndhongeng Gafaruq Yusuf saka UPT SMP Negeri 1 Gresik, Nembang Arviona Bilqis Shakila saka UPT SMP Negeri 27 Gresik, lan Sesorah dening Raya Istighfarina Triwanto saka UPT SMP Negeri 11 Gresik. Ndhagel Ijen Nugraha Charly Anto saka UPT SMP Negeri 18 Gresik, Maca lan Nulis Aksara Jawa Siti Fatimatuz Zahra saka UPT SMP Negeri 6 Gresik, sarta Geguritan Gigih Gubah Pinastiko Sudaryono saka UPT SMP Negeri 5 Gresik.
Nuwun. (panitia FTBI)***