Geger Madiun 1948 (1) Sawise Musso Mulih saka Uni Soviet

Musso
Saka Praha, Cekoslowakia, Musso lan Suripno mbacutake laku menyang wilayah Jawa Wetan nggunakake montor mabur amfibi Catalina. Pesawat ndharat ing Campurdarat, sakidule Tulungagung. “Pendharatane Musso lan Suripno ora ngundang kawigatene warga,” tulise Soerjono jroning buku asesirah Surat Untuk Ben Anderson (2016).

10 Agustus 1948, Munawar Musso mulih menyang Indonesia sawise keplayu menyang Uni Soviet saploke pembrontakan Partai Komunis Indonesia gagal taun 1926. Mulihe Musso ora dhewe, nanging karo Suripno, Duta Besar RI ing Praha, Cekoslowakia, sing uga duwe paham kiwa. Priya kelairan Kediri 1897 iku namur laku minangka sekretarise Suripno kanthi aran Soeparto. Saka Praha,Musso lan Suripno mabur menyang Indonesia ngliwati Kairo (Mesir), Rangoon (Kamboja) lan Bukittinggi (Sumatra Kulon).

Wong loro mbacutake laku menyang wilayah Jawa Wetan nggunakake montor mabur amfibi Catalina. Pesawat ndharat ing Campurdarat, sakidule Tulungagung. “Pendharatane Musso lan Suripno ora ngundang kawigatene warga,” tulise Soerjono jroning buku asesirah Surat Untuk Ben Anderson (2016).

Saka Campurdarat, Musso lan Suripno nerusake laku tumuju Yogyakarta. Dheweke kober mandheg ana Solo. Musso diweruhi ora leren ing Madiun kang wiwit dadi “dhaerah abang” merga dibroki dening wong-wong golongan kiwa sawise Sumarsono ngedegake markas Badan Pekerja Kongres Pemuda.

Musso ‘leren’ ing Solo nedhenge geni kasujanane Divisi Panembahan Senopati lan Divisi Siliwangi mureng. Miturut buku Siliwangi dari Masa ke Masa (1968), kasujanan kuwi disebabake dening tiwase Panglima Divisi Panembahan Senopati Kolonel Soetarto kang diprajaya pawongan misterius ana sangarep omahe tanggal 2 Juli 1948.

Sejarawan Walanda, Harry A. Poeze, jrone bukune mawa judhul Madiun 1948: PKI Bergerak (2011) mratelakake, Komandhan Militer Solo, Achmadi, mara menyang Markas Besar Divisi Siliwangi kang hijrah saka Jawa Kulon menyang Solo. Achmadi nemoni langsung Komandhan Siliwangi Omon Abdurachman karo nuduhake peci lan lencana Siliwangi sing ditemu ana lokasi rajapatine Kolonel Soetarto.

Omon sangga runggi patine Soetarto ditindakake tentara Siliwangi. Miturut Omon, mokal andhahane mrajaya Soetarto banjur ninggal tlacak arupa lencana lan pecine. Omon cubriya pelakune rajapati duwe niyat ngedu Divisi Panembahan Senopati karo Siliwangi. Achmadi bisa nampa katrangane Omon. Nganti dina-dina candhake, pelakune rajapati ora kewiyak.

Swasana nggekeng ing Solo uga dislomot dening pradondi antarane laskar-laskar rakyat. Laskar Sabupri klawan Pesindo bentrok karo SBII lan Hizbullah tanggal 10 Juli 1948. Geger Solo wimbuh ndadi nalika Batalyon Mayor Lukman saka Divisi Siliwangi bentrok karo satuan pasukan Tentara Laut Republik Indonesia (TLRI).

Musso lan Suripno mbacutake laku menyang Yogyakarta sawise kasil nyawijekake para anggotane Front Demokrasi Rakyat (FDR) kang maune dibentuk dening Amir Sjarifoedin, Perdana Menteri RI ngrangkep Menteri Pertahanan sing dipocot saka palungguhane dening Hatta gegayutan karo Prajanjen Renville kang dianggep mitunani Indonesia. Tanggal 13 Agustus 1948 Musso kelakon ketemu karo Presiden Sukarno ana Gedung Agung Yogyakarta. Koran Revolusioner edisi 19 Agustus 1948 kang dikutip Harry Poeze nyebutake, sapatemone Sukarno lan Musso katon akrab. Sukarno nggapyuk Musso, mengkono uga kosok baline.

Sukarno lan Musso kena diarani kanca lawas. Lelorone tau kos ana omahe Haji Oemar Said Tjokroaminoto ing kampung Peneleh, Surabaya, sakiwa tengene taun 1920-an. Nanging miturut pandhemen Sukarno, Kuncarsono Prasetyo, Musso, sing umure 5 taun luwih tuwa tinimbang Sukarno, ora kacathet tau indekos ing omahe Tjokro.

“Saka riset-riset sejarah sing daktindakake, Musso ora kos ing omahe Tjokroaminoto. Dheweke mung kadhang kala wae merdhayoh, jalaran Musso lan Tjokroaminoto iki pancen padha-padha nyambut gawe ana Jawatan Kereta Api Surabaya,” ujare Kuncarsono marang Panjebar Semangat, Slasa (20/9).

Miturut Revolusioner, Sukarno lan Musso luwih akeh ngobrol babagan “gerakan kiri” kang saya anjrah ing negara-negara berkembang saindenging donya. Ibu Negara Fatmawati kober nrambul jejagongan. Fatmawati malah takon Musso wis rabi apa durung. “Pak Musso wis nikah apa durung? Yen uwis, banjur ana ngendi garwane?” ujare Fatmawati.

Sadurunge pepisahan, Sukarno menehi Musso hadhiah buku kanthi judhul Sarinah. Kepara presiden nulis pesen ing lembar kapisan buku kasebut nganggo ukara sing unine: Buat Bung Musso dari Penulis, Djokdjakarta, 13-08-1948. Nalika nguntabake mulihe Musso lan Suripno, Sukarno mekas amrih lelorone “seneng mbiyantu mikuwati negara lan nindakake revolusi.” Musso mangsuli, “Kuwi pancen kuwajibanku. Ik kom hier om orde te scheppen (Mulihku menyang Indonesia iki saperlu nyiptakake ketertiban).”

Interograsi ing prastawa Madiun 1948.

Madiun Bedhah

Bali saka Istana Gedung Agung Yogya, pepingiane Musso ngedegake pamarentahan front nasional saya adreng. Dheweke ‘unjuk kekuwatan’ kanthi nggelar rapat raksasa ing Yogyakarta. Jrone rapat raksasa iku Musso nawakake konsep Jalan Baru untuk Republik Indonesia, yakuwi revolusi klas proletar kanthi disengkuyung dening partai telu kang nduweni mahzab Marxisme-Leninisme: PKI, Partai Buruh Indonesia (PBI) lan Partai Sosialis.

Musso mawas Indonesia perlu ngadani sesambungan kang luwih supeket klawan Uni Soviet kanggo mungkasi kolonialisme. Miturut Musso, Indonesia kudu mardika 100 persen. Musso ora cocog karo sikep politike Hatta sing luwih milih dalan kompromi karo Walanda. Musso uga maido program Rekonstruksi dan Rasionalisasi (RERA) kang dicakake Hatta. Program mau arupa nyuda gunggunge tentara sing kliwat akeh awit pamarentah ora duwe dhuwit kanggo nggaji. Sadurunge dipocot, Amir Sjarifoedin tetep ngotot amrih kabeh laskar rakyat lan tentara tilas KNIL lan PETA digaji negara awit tau padha-padha berjuwang ngusir penjajah.

Musso luwih nyengkuyung Amir Sjarifoedin. Musso nuding Hatta ndhalangi rajapatine Kolonel Soetarto awit anggotane Divisi Panembahan Senopati akeh sing duwe haluan kiwa. Kanggo nyebarake gagasane kang revolusioner mau, wiwit awal September 1948 Musso lan tokoh-tokoh PKI kliling menyang Solo, Madiun, Kediri, Jombang, Bojonegoro, Cepu, Purwodadi lan Wonosobo. Miturut petunge Musso, dhaerah-dhaerah sing diparani kuwi wilayah kang strategis kanggo mujudi gegayuhane.

Ing sisih liya, Solo sing maune nggekeng kaperbawan dening sesatrone Divisi Panembahan Senopati lan Divisi Siliwangi, wimbuh panas dening timbuling ontran-ontran padha dene laskar sipil, utamana antarane Front Demokrasi Rakyat kang dipandhegani Amir Sjarifoedin lan Musso, lumawan Gerakan Revolusi Rakyat (GRR) kang dipimpin Tan Malaka. Diculik dan dipatenine Ketua Barisan Banteng (swiwi politike GRR) dr Moewardi dening laskar FDR, nyebabake konflik saya tajem.

Swasana nggekeng Solo nular menyang Madiun. Sumarsono, Komandhan Brigade 29 kang pro PKI, entuk lapuran menawa Divisi Siliwangi bakal nglucuti senjatane laskar FDR Madiun sarta ngrangket tetunggule. Sumarsono mutusake ndhisiki tumindak sadurunge kedhisikan Siliwangi. Esuk umun-umun tanggal 18 September 1948, kanthi kekuwatan 1.500 gabungan laskar militer lan sipil, Sumarsono nglucuti 350 pasukan Siliwangi lan Brigade Mobil CPM (Corps Polisi Militer).

***

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Thania Dewi Kartika
Thania Dewi Kartika
Articles: 6