
Geger Madiun 1948 (2) Soeharto Muncul ing Ulegane Pradondi
Share your love

Madiun dijegi laskar Front Demokratik Rakjat (FDR), banjur ditetepake minangka Pemerintahan Front Nasional. Timbuling ontran-ontran Madiun keprungu tekan Yogyakarta wanci surup tanggal 18 September 1948. Presidhen Sukarno srumuwus marang rakyate, “Pilihen siji ing antarane loro: melu Musso karo PKI sing bakal nggawa bangkrute cita-cita Indonesia mardika, apa melu Sukarno-Hatta!”
Wakil Presiden Mohammad Hatta mawas kraman Madiun kudu sacepete ditumpes amrih ora sangsaya ngambra wara. Manut petunge Hatta, Divisi Siliwangi sing paling pas nyirep ubaling geni pembrontakan kuwi. Awit kejaba pasukane lagi manggon ana Solo, sikepe Divisi Siliwangi uga luwih condhong marang Sukarno-Hatta tinimbang marang klompoke Amir Sjarifoedin-Musso.
Sawijining awan, Kapten Imam Syafi’ie, Komandhan Brigade ka-13 Kesatuan Reserve Umum Divisi Siliwangi ngonangi glibete priya nyujanani ing Kreteg Jurag, Solo. Isih mudha tumaruna. Dedege sedheng, praupan nggantheng, sugih esem. Kulite nguning langsep, irunge mbangir, rambute ngombak. Imam Syafi’ie, (tembene dadi Menteri Urusan Keamanan era Kabinet 100 Menteri), nyujanani nom noman bagus kuwi matapitane PKI andhahane Musso.
Maune Imam arep terus mbedhil wae priya kasebut. Nanging dheweke butuh njaluk tetimbangan luwih dhisik marang ndhuwurane, Mayor Omon Abdurrachman. Gempalaning crita ing Kreteg Jurag iku katulis jroning dhokumen pribadine Kolonel (Purnawirawan) Omon Abdurrachman asesirah Menoempas Pemberontakan PKI 1948.
Omon mratelakake dilapuri Imam Syafi’ie sing mentas nangkep “letnan kolonel PKI.”
“Pak, kula nembe mikut overste PKI, menapa sekecanipun langsung kula beres aken kemawon?” takone Imam kaya kang ditulis ulang dening Historia kanthi irah-irahan Ketika Soeharto Bertemu Musso.
Omon ora grusa-grusu nyaru juki. Sebab Divisi Siliwangi lagi sesatron karo Komando Pertempuran Panembahan Senopati ing Solo. Swasana panas antarane pasukan militer kekarone durung mendha saploke Komandhan Divisi Panembahan Senopati Kolonel Soetarto tiwas ing ngarep omah dhi nese, 2 Juli 1948. Pasukan Panembahan Senopati nyujanani Sili wangi sing mrajaya Soetarto.
Patine Soetarto nuwuhake pangigit. Kedadeyan padha dene nyulik lan mrajaya antarane anggota pasukan kekarone kedadeyan gilir gumanti. Divisi Siliwangi tau nglapurake ilange sawatara perwirane mau marang panglima tentara, Jendral Soedirman. Parandene Soedirman, sing sacara emosional luwih cedhak karo pasukan Panembahan Senopati, ora bisa aweh putusan sing nglegani atine Divisi Siliwangi sing kedharang-dharang hijrah menyang Solo merga kaperbawan dening asile Prajanjen Renville kuwi. Samar pakartine Imam Syafi’ie bakal njalari saya umebe geni sesatron, Omon njaluk pawongan sing ditangkep iku digawa menyang pengarepane dhisik sadurunge dilunasi nyawane.
Iba kagete Omon bareng nyumurupi priya bagus sing dilarapake Imam Syafi’ie mau jebul Letkol Soeharto. Jroning dhokumen pribadine, Omon nulis Soeharto kadidene Komandhan Resimen Yogyakarta.
Sethithik akeh, Omon tau krungu karo kondhange perwira mudha kang tinanggenah ngreksa katentremane Kraton Yogyakarta iku. Mula dheweke banjur ngiterograsi Soeharto kanthi sopan, ana parigawe apa dene komandhan pasukan Yogya kuwi kok keraya-raya tekan Solo?
Soeharto mangsuli menawa dheweke mentas mulih ngestreni konferensi pimpinan militer sing digelar dening Kolonel Djokosujono ing Balai Kota Madiun. Kolonel Djokosujono dikenal kalebu salah sijine pentholan militer sing condhong marang FDR.
“Apa overste kalebu anggota FDR?” panlesihe Omon.
“Dudu, aku komandhan resi men Yogya. Aku teka menyang konferensi kasebut merga diun dang Kolonel Djokosudjono,” wang sulane Soeharto.
“Komandhanku (Letkol Sadikin) uga diundang, nanging panjene ngane ora mangkat merga dudu simpatisan (komunis).”
“Aku teka atas parentahe Panglima Besar, Pak Dirman.”
“Apa ana buktine?”
“Ana.”
“Apa aku entuk ndeleng?”
“Kena.”
Soeharto banjur ngulungake ki tir salembar. Dupi mulat tandha tangane Jendral Soedirman ing surat katrangan mau, Omon lagi yakin menawa Soeharto dudu wong FDR. Sawise njaluk pangapura, Omon banjur mrentahake Imam Syafi’ie amrih ngeterake baline Soeharto tekan tapel watesing Solo-Yogya.
Ing buku otobiografi mawa judhul Pikiran, Ucapan dan Tindakan Saya, Soeharto ora nyelaki tau ditangkep dening pasukan Siliwangi ing Solo. Nanging andharane Pak Harto ing otobiografi kasebut geseh karo dhokumene Omon Abdurrachman. Miturut Soeharto nalika iku dheweke diutus Soedirman menyang Madiun saperlu nitik swasana ing kana.
Kejaba kuwi, Soeharto uga ngemban prentah winadine Soedirman amrih ngalang-alangi perwira kesayangane, Letkol Soeadi Soeromihardjo, nggamblok FDR. Nanging rikala ing Solo, Soeharto ora ketemu karo Soeadi sing uga Komandhan Brigade ka-5 Panembahan Senopati kuwi. Soeharto lagi ketemu Soeadi ing Wonogiri. Ing kono Soeharto nyampekake pesene Panglima Soedirman.
Soeharto Ketemu Musso
Soeharto ora nyebutake kaya ngapa tanggapane Soeadi marang welinge Soedirman mau. Soeadi malah ngajak Soeharto menyang Madiun kanggo nuduhake situasi sing kedadeyan ana kutha kasebut. Tekan Madiun, Soeadi lan Soeharto njujug kantor karesidenan. Kantor Karesidenan Madiun wis dilungguhi dening Musso lan Sumarsono. Sekawit Soeadi bakal nemokake Soeharto karo Amir Sjarifoedin. “Nanging Sjarifoedin isih turu, dadi aku ora bisa ketemu klawan dheweke, ngendikane presidhen ka pindho Republik Indonesia kuwi.

Sok ngonowa, ing kantor karesi denan mauSoeharto kober bawa rasa karo Musso. Nadyan isih mudha taruna, nanging Soeharto wani nelakake rasa cuwane marang Musso dene dheweke lan Amir Sjarifoedin ngobarake geni memungsuhan klawan Sukarno Hatta nedhenge Indonesia isih bikut lumawan Walanda.
Tokoh gaek PKI kuwi sarujuk karo panemune Soeharto menawa mungsuh utamane rakyat mono satemene Walanda. Dhestun ing prekara iki, kandhane Musso, FDR lan PKI kepengin Indonesia mardika 100 persen. Musso ora mathuk karo politik luwar negri sing dicakake Hatta jalaran banget lembek lan kompromistis marang Walanda. Akibate, ing Prajanjen Renville, wewengkone Indonesia saya rupak.
Nanging, miturut Musso, sikepe sing tanpa kompromi kuwi malah dianggep mrengkang prenatan dening Sukarno-Hatta. Kepara Pamarentah Yogyakarta wis nyamaptakake bregadaning tentara kanggo ngancurake kekuwataning FDR sarta PKI Madiun. “Bung Harto, yen aku arep dijur, aku bakal nglawan,” kandhane Musso sing dina iku nganggo hem putih lengen dawa, clana ireng lan kopyah ireng.
Ya samulihe saka Madiun mau Soeharto ditangkep dening pasukan Siliwangi ing Kreteg Jurag. Miturut Soeharto, dheweke dicekel awit ana kesalahpahaman. Pasukan Siliwangi ngira dheweke Mayor Soeharto, salah sijine komandhan pasukan Panembahan Senopati kang pro-FDR. Sawise dilucuti senjatane, Soeharto banjur digiring menyang markas Brigade ka-13 Divisi Siliwangi kang mapan ana kan- tor wali kota Solo.
Beda karo dhokumene Omon Abdurrachman sing ngandharake menawa dheweke dhewe sing nginterograsi Soeharto sawise dilarapake Imam Syafi’ie, miturut versine Pak Harto, dudu Omon sing nemoni, nanging Letkol Sadikin langsung. Minangka perwira militer sing padha-padha apangkat letkol, Sadikin tentu wae wis tepung karo Soeharto.
“Lho, ngapa kowe ana kene?” takone Sadikin gumun.
“Aku ya ora ngerti geneya ditahan ing kene,” wangsulane Soeharto. Dheweke banjur njlentrehake menawa tujuwane menyang Madiun lan Solo atas dhawuhe Jendral Soedirman. Letkol Sadikin dadi mudheng prekarane.
“Iki kanca kita dhewe, Letkol Soeharto saka Yogyakarta,” kandhane Sadikin karo aweh prentah marang andhahane supaya ngluwari Soeharto.
***
Panulis: KSW















