Gendera Ireng Ngenteni Dinas sing Lena

Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, paring perintah kabeh Aparatur Sipil Negara (ASN) Pemkot Surabaya supaya mudhun langsung menyang lapangan kanggo nindakake verifikasi ulang data panampa bantuan sosial tanpa pathokan marang klasifikasi desil. Bab iki diandharake ing Apel Pagi Struktural sing dianakake ing Halaman Balai Kota Surabaya, Selasa (22/9/2026).

default

Jroning arahane, Wali Kota Eri ngelingake kabeh jajaran pejabat struktural supaya ngrumangsani hakekat jabatane minangka instrumen pelayanan publik kanggo masyarakat, dudu kanggo gaya-gayaan kaya atasan.

“Nalika kerja kuwi sawijining ibadah, mula tindakna kanthi ati sing ikhlas. Mudhuna rek. Nalika aku mudhun ing lapangan, isih ana wong ora duwe sing durung entuk bantuan apa-apa. Dina iki aja nganti ketok maneh sing jenenge desil,” ujare Wali Kota Eri ing sangarepe para peserta apel.

Pak Eri paring instruksi supaya perwakilan dinas, wiwit Ketua Tim Kerja (Katimja) nganti pejabat struktural saka maneka dinas teknis, kolaborasi karo jajaran kecamatan lan kelurahan kanggo nekani saben RT lan RW kanthi rutin. Kanggo njamin pase sasaran, Wali Kota Eri printah supaya proses penetapan warga panampa bantuan ditindakake kanthi tinarbuka liwat forum warga ing tingkat RT.

“Rembugane kudu ngajak paling ora telung prapat warga saka RT kasebut, tokoh masyarakat, tokoh agama, lurah, camat, LPMK, sarta tim pendamping saka pemkot,” jlentrehe.

Pak Eri uga ngelikake para ASN supaya ninggalake mekanisme verifikasi sadurunge sing dianggep isih asring ngliwati warga miskin lan lansia sebatang kara, nanging malah nglolosake warga sing sacara ekonomi kalebu mampu.

“Ana lansia ijenan ora tau entuk bantuan. Ing ngendi kowe minangka pejabat struktural. Wiwit dina iki aku ora gelem maneh weruh ana warga sing ora nampa bantuan nalika dheweke mbutuhake,” tandhese.

Wali Kota Eri paring conto, nalika panjenengane mudhun ing lapangan isih nemokake warga sugih nampa bantuan, kayata duwe sawenehing kendaraan bermotor utawa hp akeh.

default

“Aku ora pengin bab kaya ngono ana maneh. Verifikasi ing lapangan babagan kelayakan warga panampa bantuan kudu diserahake marang keputusan kabeh warga ing lingkungan kono,” imbuhé.

Kanggo nguwatake pengawasan, Pemkot Surabaya ngecakake sistem pengampu wilayah RW sing ngajak dinas-dinis teknis sanjabane kecamatan. Minangka conto, sawijining RW ing Kelurahan Ketintang bisa diampu dening Dinas Sumber Daya Air lan Bina Marga (DSDABM), dene wilayah ing Gunung Anyar bisa diampu dening Dinas Koperasi Usaha Kecil lan Menengah lan Perdagangan (Dinkopumdag).

Wali Kota Eri uga netepake sanksi tegas tumrap dinas sing gagal nindakake tugas pengawasan lan verifikasi iki kanthi menehi gendera ireng ing ngarep kantore.

“Dadi yen dinasé ora bisa nindakake kuwi, mula dinasé bakal tak wenehi gendera ireng. Yen wis entuk gendera ireng, sak wulan ora ana owah-owahan, mula tak ganti wiwit Kepala Dinas nganti struktural Katimja-ne. Tak ganti kabeh amarga padha ora bisa aweh sing paling apik kanggo warga Surabaya,” pamungkase. (d)***

Sumber : Rilis Pemkot Sby

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 62