Gerbong Khusus Petani & Pedagang

Satengahing pembangunan infrastruktur transportasi gedhen-gedhenan, pemerintah ora nglirwakake ‘wong cilik.’ PT Kereta Api Indonesia utawa PT KAI (Persero) kolaborasi karo Direktorat Jenderal Perkeretaapian Kementerian Perhubungan nyawisake gerbong mligi pedagang lan petani rute Merak-Rangkasbitung, Banten, wiwit 1 Desember 2025. Kanthi ongkos cukup murah, Rp 3.000, layanan gerbong khusus kasebut diajab bisa ngentheng-enthengake sesanggane pedagang lan petani ing babagan beya logistik.

“Kreta khusus iki dirancang ana Balai Yasa Surabaya Gubeng. Disiapake mligi penumpang petani-pedagang amrih cepet anggone nyalurake dagangane. Sok ngonowa gerbong iku tetep aman lan nyaman,” tuture Vice President Corporate Communication KAI Anne Purba. Adhedhasar rekapane PT KAI, nganti Februari 2026 luwih saka 10.000 petani lan pedagang kang nggunakake gerbong khusus kang nduweni kapasitas 73 kursi sarta area bagasi kang ditata salaras karo kebutuhan konsumen.

Samengko saben dinane atusan ewu pedagang lan petani ngenteni tekane sepur iku ana 11 stasiun kang diliwati, yaiku Rangkasbitung, Jambu Baru, Catang, Cikeusal, Walantaka, Serang, Karangantu, Tojong Baru, Cilegon, Krenceng lan Merak. Miturut PT KAI penumpang paling padhet manggon ing Stasiun Cikeusal. Ing stasiun iku saben dina rata-rata ana penumpang 3.730 kang munggah lan 3.511 mudhun. Mertandhani menawa ing kono dadi punjer utama dhistribusi komodhitas asil pertanian, panganan olahan, lan prodhuk kerajinan kang bakal dipasarake menyang Serang, Cilegon lan Merak.

Kanthi layanan mangkat-mulih kaping 14 saben dinane, sepur gerbong khusus iku wigati mungguhe pedagang lan petani kang butuh enggon kanggo nyelehake barang dagangane. Tini, salah sijine pedagang jajan, kandha meh saben dina numpak gerbong khusus iku kanthi rute Pasar Cikeusal-Kota Serang. Sadurunge ana sepur iki, Tini ngaku total ongkos sing diwetokake saben dinane Rp 30.000 kanggo tuku karcis sepur lan angkutan umum. “Saploke ana sepur khusus iki aku bisa ngirit,” kandhane.

Emi Kurniawati uga ngrasakake bab sing padha. Bakul panganan saka mlinjo iku maune urunan Rp 350.000 nyewa pikep kanggo nggawa dagangane saka Cikeusal tumuju Pasar Tanah Abang, Jakarta. Saiki sawise ana gerbong khusus, dheweke mung ngetokake ongkos Rp 3.000 banjur disambung numpak KRL Rp 8.000 tumuju Tanah Abang. Samengko Tini, Emi lan ewon petani-pedagang njagakake gerbong kasebut kanggo mapag dina tembe kang luwih padhang. 

(Foto: Antara/Muhammad Bagus Khoirunas)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 359

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *