Kabagyane Urip Tumprape Wong Mukmin

Sapa sing nalikane wayah esuk jroning kahanan aman awake (ana sing ngandhakake: panggonane lan mitra karuhe), sehat awake, lan nduweni panganan kanggo awan apadene bengine, mula kaya-kaya donya saisine kuwi wis dikumpulake kanggo dheweke.

Mula samesthine sawijining wong mukmin ksb rida lan muji syukur marang akekate urip kang langgeng yakuwi ing kampung akerat, mula iku cita-cita mukmin kudune ndadekake donya iki kanggo nggayuh kabagyan ing akerat uga.
Gusti Allah dhewe wis dhawuh jroning Al Quran surat Al-A’la ayat 17 kang terjemahan
bebase kurang luwih muni mangkene; “Kamangka panguripan akerat kuwi luwih becik
lan luwih langgeng”.

Semono uga kanjeng Nabi Muhammad Shalallahu Alaihi Wassalam uga wis paring
standar kabagyane urip tumrape mukmin ing donya kayadene kang ana ing hadits ngisor iki;

عَنْ عُبَيْدِ اللهِ بْنِ مِحْصَنٍ الْأَنْصَارِيِّ الْخَطْمِيِّ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ مَرْفُوعًا: «مَنْ أَصْبَحَ مِنْكُمْ آمِنًا فِي سِرْبِهِ، مُعَافًى فِي جَسَدِهِ، عِنْدَهُ قُوتُ يَوْمِهِ، فَكَأَنَّمَا حِيزَتْ لَهُ الدُّنْيَا بِحَذَافِيرِهَا». [حَسَنٌ] – [رَوَاهُ التِّرْمِذِيُّ وَابْنُ مَاجَهْ]

Saka ‘Ubaidillah bin Mihcan Al-Ancâri Al-Khathmi -ra
iyallâhu ‘anhu- kanthi marfû’, “Sapa ing antarane sira kang ana jroning wayah esuk jroning kahanan aman ing panggonane, sehat jasmanine, lan nduweni panganan kanggo dina iku, mula kaya-kaya kabeh donya iki wis diwenehake marang dheweke.” (Hadits hasan –Diriwayatake dening Ibnu Mâjah) sakabehing nikmat lan rejeki kang diparingake marang dheweke, saengga uripe dadi tenang lan bahagia, amarga rejeki mau tekane saka Gusti Allah.
Bab iki kaya kang wis didhawuhake Gusti Allah Al Quran surat Al-Ankabut ayat 62 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene; “Gusti Allah njembarake rejeki kanggone wong kang dikersakake ing antarane kawula-kawula-Ne lan Gusti Allah uga kang matesi kanggo wong mau. Satemene, Gusti Allah kuwi Maha Wikan marang apa wae”.
Gusti Allah njembarake rejeki marang sapa wae kang dikersakake tumrap makhluk-E, lan Gusti Allah uga matesi rejeki mau marang pawongan ing antarane makluk-E ksb, iki ora liya merga Gusti Allah kuwi pirsa apa sing migunani kanggo kawulaNe ksb. Satemene Gusti Allah kuwi Maha Pirsa marang apa wae klebu kahanan lan urusanmu, ora ana siji wae kang samar kanggone Gusti Allah. (Tafsir Al-Muyassar)

Nalika ngimani lan ngrumangsani yen Gusti Allah kang ngatur rejekine saben pawongan mula kudune saben pawongan kuwi fokus murni ibadahe mung kanggo Gusti Allah wae, ittiba’ nindakake sunnahe Kanjeng Nabi Muhammad Shalallahu Alaihi Wassalam, ikhtiar klawan perkara kang halal lan ngedohi perkara sing karom.
Wallahu’alam bisawab.

panulis Ki jenggot/ist

Bagikan artikel ini
anitriwidyawati105
anitriwidyawati105
Articles: 10