Kasektening Pancasila, Pangreksa Bhinneka Tunggal Ika

Monumen pancasila sakti (Sumber: Okezone)

Saben tanggal 1 Oktober, Indonesia mengeti Kasektening Pancasila. Pengetan kasebut ditetepake kanthi Kaputusan Presiden Nomer 153 Taun 1967 kang gegayutan karo ruhara politik ing pungkasan September nganti awal Oktober 1965. Iki sing dadi cikal bakale panetepe dina Kasektening Pancasila minangka pangeling tumrap sejarah bangsa lan kalungguhane Pancasila minangka dhasar negara.

Banjur apa ta tegese “kasekten” Pancasila nalika ing bebrayan isih tinemu maneka warna prabeda kang sok njalari kahanan saya bubrah?

Pitakon kuwi saya cundhuk karo kahanan masarakat ing jaman dhigital. Maneka informasi medhia sosial sumebar kanthi cepet tumuli menehi kalodhangan tumrap sapa wae kanggo nuduhake informasi kang ora cetha sumbere. Kahanan iki bisa nuwuhake pamawas kang beda-beda, yen ora ditampa kanthi wicaksana bisa malih dadi jalaraning kahanan bubrah.

Saka kene, bedane pamawas ora kudu dadi prakara. Kang wigati yaiku kepriye maneka warna pamawas bisa tetep ditampa lan dirembug. Nalika wong mung gelem ngrungokake swarane dhewe, papan rembugan saya ciut. Kosok balene, yen ana papan kanggo ngrungokake lan ngurmati pamawas liyane, bedane bisa tetep ana tanpa nyuwil sesambungan ing bebrayan.

Piwulang ngenani urip bebarengan ing satengahing prabeda sejatine dudu gagasan anyar. Mpu Tantular lumantar Kakawin Sutasoma ing jaman Majapahit wis nggambarake sesambungan antarane Buddha lan Siwa. Ing Pupuh 139 Bait 5 tinemu ukara “Bhinneka Tunggal Ika Tan Hana Dharma Mangrwa”, kang nganti dinane iki “Bhinneka Tunggal Ika” dadi semboyane negara Indonesia.

Senajan Buddha lan Siwa asale saka kabudayan spiritualis kang beda, nanging kekarone isih tinemu punjere. Tegese kekarone bisa gathuk mungguh wose ukara pethikan kuwi mau. Banjur saka pethikan kuwi, dudutane yaiku prabeda bisa tetep manunggal. Bedane ora kudu diilangi supaya bisa nyawiji. Tur sing wigati, senajan ta manunggal lan sesandhingan, sapa wae ora kudu nduweni pamawas kang padha.

Piwulang kasebut isih cundhuk karo kahanan saiki, kalebu nalika sesrawungan lumantar jagad dhigital. Nitipriksa sumber pawarta, mahami konteks, ora gampang keseret provokasi, lan gelem ngrungokake pamawas kang beda bisa dadi tatalaku kanggo njaga kamanunggalan.

Manunggaling Bangsa Indonesia perlu terus dijaga.

Pengetan Dina Kasektening Pancasila kanthi mangkono ora cukup mung mandheg ing upacara lan pangeling sejarah. Wos Pancasila, mligine sila katelu, bisa katon saka cara masarakat ngadhepi maneka warna pambeda. Bhinneka Tunggal Ika ora mung dadi sasmita ing lambang negara, nanging uga bisa urip nalika maneka warna pamawas tetep bisa jejeg bebarengan.

Mula, ngelingi Kasektening Pancasila uga ateges nguripake wosing kamanunggalan ing tumindak saben dina. Wulangan Mpu Tantular nuduhake yen pambeda wis dadi bageyan saka urip bebrayan wiwit biyen. Warisan kasebut perlu terus dileluri lan diugemi minangka kaca pangilon supaya bisa mujudake Bangsa Indonesia kang tetep manunggal ing satengahing owah-owahaning jaman.

***

Panulis: Tika Puji Lestari (Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)

Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Tika Puji Lestari
Tika Puji Lestari
Articles: 9