
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


KOPI wis dadi salah sijine asil bumi kang olahane dinikmati ngakeh ing padinan. Bisa kanggo cagaklek, iku kang paling kawentar. Dene yen ngrembug zat kandhutane, akeh-akehe mung padha bisa ngarani siji, yaiku kafein.
Para maos apa wis ngerti, yen kafein kang kinandhut ing kopi bisa nyusutake lemak? Kang tundhone bisa mbiyantu sudane boboting badan.
Sacara fisiologis, wong sing awake lemu, nalika olah raga, anggone mbakar lemake luwih sithik tinimbang wong sing bobote idheal. Mula, badan banjur nggunakake karbohidrat minangka sumber energi. Kanthi mangkono, kadhar gula dharah dadi luwih cepet mrosot. Ya iku kang njalari wong lemu luwih cepet luwe sawise olah raga. Tundhone malah banjur keladuk anggone memangan.
Kanthi ngombe kopi sedina telung cangkir, awak lemu bakale bisa mbakar lemak luwih akeh nalika olahraga. Kafein mbiyantu mecahake lemak dadi sumber energi arupa asam lemak. Badan luwih akeh migunakake lemak saengga kelonge karbohidrat bisa diwatesi. Nanging, ora kena lirwa, kudu nggatekake asupan gula, aja nganti kakehan.
Kejaba saka iku, ing sakehing jurnal internasional dibeberake yen kopi uga bisa nyuda risiko diabetes. Ana rong puluh panaliten kang ditindakake ing saindenging donya, asile nuduhake yen kopi bisa nyuda risiko diabetes tipe 2. Yaiku, kencing manis sing ora nganti gumantung marang insulin. Anggone nyuda risiko kasebut bisa nganti 50 persen.
Manut para ilmuwan ing panaliten kasebut, sing dadi jalarane yaiku asam klorogenik ing kopi bisa ngrerendhet panyerepe gula ing pencernaan. Asam klorogenik uga ngrangsang dumadine GLP-1, zat kimia sing ngundhakake insulin (hormon sing ngatur penyerapan gula menyang sel-sel). Zat liya ing kopi, yaiku trigonelin (pro vitamin B3), uga dinuga mbiyantu ngrerendhet penyerapan glukosa.
Kopi sing mbiyantu mbakar lemak, kaya sing kapratelakake ing ndhuwur, uga bisa dadi srana nuntasake sembelit utawa bebelen. Dene kanggone priya, kopi bisa ngundhakake kwalitas sperma. Bab iku kababar ing jurnal asil konferensi American Society for Reproductive Medicine, sing nyebutake yen ing San Antonio ana asil panaliten kasebut saka tim Universitas Sao Paulo, Brasil. Dikandhakae yen sperma priya sing ajeg ngopi kabukten luwih lincah tinimbang priya sing ora ngopi.
Isih akeh mupangat liyane, kayata ngundhakake daya pangelingeling, nyegah batu empedu, nyegah parkinson, lsp. Nanging, mesthi wae sing jenenge sawijining zat, ana sing cocog lan ana sing ora. Mula, kita ya kudu pinter anggone nggunakake.
Bab Kopi sing Kudu Diwaspadani
Kafein, miturut panaliten Universitas Riset Creighton Osteoporosis Center ing Omaha, bisa ngundhakake ekskresi kalsium. Yaiku yen anggone ngonsumsi luwih saka 330 mg. Kanthi mangkono, bisa ngundhakake risiko patah tulang.
Malah, ing taun 2008, ana panaliten sing mbuktekake gegayutane kafein lan pawestri sing keluron. Pranyata, kakehan kafein bisa njalari dhetak jantunge janin ora ajeg. Manut ginekolog Burke-Galloway, bab iku dumadi marang pawestri ngandhut sing anggone ngonsumsi kafein keladuk.
Kejaba saka iku, jalaran sipate asam, kopi bisa njalari kumate penyakit maagh. Panaliten liyane ngandhakake yen kakehan kafein bisa njalari menopouse teka luwih gasik.
Ngombe Kopi sing becik
Mula saka iku, kita kudu bisa wicaksana. Anggone ngombe kopi aja waton doyan. Ana bab-bab sing kudu digatekake.
Nomer siji yaiku banyu sing dinggo nggawe kopi. Kita kudu milih banyu sing kwalitase apik, banyu sing sehat. Yaiku, sing ora ana rasane, ora ana gandane, lan ora ana wernane (bening). Banyu kasebut uga kudu digodhong nganti umob yen arep kanggo ngecom kopi. Dene olehe nginum prayogane nalika isih panas utawa anget, amrih zat gizine bisa kaserep kabeh.
Keloro, sing paling becik, kopi diinum tanpa gula. Utawa, yen pancen kudu nganggo gula, ya sethithik wae. Amarga, gula bakale nyerep kafein ing wedang kopi luwih dhisik. Saengga yen kakehan, kasiate uga kurang optimal.
Kejaba saka iku, kaya sing katelah ing ndhuwur, kopi sipate asam. Mula, lambung ora kena kosong nalika arep ngopi. Mula yen kita ngematake, ing cafe-cafe kae, kopi umume disugatake karo biskuit.
Kopi uga sipate diuretik, saengga sing ngombe bisa banjur kerep kebelet seni. Aja banjur ora ngombe liyane, amarga wegah tambah kerep seni. Malah, kudu diimbangi kanthi ngombe banyu putih sing akeh. Ancase, amrih ora dehidrasi utawa kekurangan cairan.
Kafein ing kopi uga bisa ngudhakake detak jantung. Kanggone sing sehat, bakale ngundhakake greget. Makarya bisa luwih sigrak. Nanging, kanggone sing nduwe lelara gegayutan karo jantung, ya kudu ngendhani kopi.
***
Panulis: lie