Kukusing dupa kumelun
Ngeningaken tyas Sang Apekik
Kawengku sagung jajahan, ooo
Nanging sanget hangikipi
Sang Resi Kanekaputra
Kang anjog saking wiyati, ooo
Unine gamelan, kendhang lan demung ngiringi suluk pambukane lakon Anoman Obong. Ing ngarep kelir, Benji, sawenehe dhalang cilik, prigel ngobahake wayang Anoman. Tangan tengen nyolahake wayang, dene tangan kiwane ndhodhog kothak. Sauntara kuwi sikile tengen mancal-mancal keprak.
Ing poncod ruwangan, bocah-bocah cilik antusias nabuh gamelan. Iringan swara kendhang, bonang, gender, kenong, sarun, demung, slenthem lan gong mau nguripake “pentas” dina kuwi, Minggu, 14 Juni 2026. Dudu ing wilayah Jawa Tengah, Yogyakarta apadene Jawa Timur, nanging gladhen wayang kulit iku mapan ana omah prasaja ing Gang Wayang, Cinere, Depok, Jawa Barat.
Ana ing lantai loro Sanggar Nirmala Sari mau bocah cacah 25 padha gladhen seni wayang purwa. Didum dadi rong kelas. Kelas A sinau wayang lan karawitan jam 08.00-12.00. Dene kelas B jam 13.00-17.00. Sanggar kang didegake dening swargi Ki Asman Budi Prayitno 1 Juni 1987 mau nganti seprene isih rame dening bocah-bocah kang gladhen seni kabudayan Jawa saka wilayah Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang lan Bekasi (Jabodetabek).
Saben dina minggu bocah-bocah umur limang taun nganti las-lasan taun teka saka wewengkon Jabodetabek saperlu sinau ndhalang lan nabuh gamelan. Kejaba nyolahake wayang, kabisan nabuh kabeh jinis gamelan dadi wulangan wajib tumrap bocah-bocah kang meguru marang sanggar kasebut. Satemah si bocah ora mung bisa ndhalang, nanging uga bisa nabuh.

Sanggar Nirmala Sari wis nglairake puluhan dhalang cilik. Dhalang-dhalang cilik iku ana sing lestari dadi dhalang profesional nganti diwasane, ana uga sing ora. Guru Sanggar Nirmala Sari, Puji Winarto, ngandharake proses sinaune dhalang bocah iku ora mung mentingake kaprigelan ngobahake wayang, nanging uga “dikenalake” marang karaktere saben-saben tokoh wayang, dhodhogan kothak, pancalan keprak, suluk, sarta mahami filosofi kang kinandhut jroning lakon sing dipentasake.
“Saengga saka lakon kang dimainake mau siswa bisa methik piwulang ngenani kabecikan, kasetyan, sarta wewarah-wewarah kawicaksanan kang isih selaras karo kahanan ing dina samengko,” tuture Puji Winarto.
Mungguhe wong tuwa, nyekolahake anake menyang Sanggar Nirmala Sari uga salah sijine sarana supaya si bocah ora gumantung marang teknologi digital terus-terusan. Salah sijine yaiku Irina Laurensia, ibune Amadeo, kang omahe ing Kebun Jeruk, Jakarta. Adoh-adoh sinau wayang menyang Depok, kandhane Irina, kabeh mau dilakoni merga nuruti pepinginane Amadeo. Irina saderma nyengkuyung kekarepane anak.
Irina seneng dene kegiyatan iku kuwawa ngedohake Amadeo saka handphone. Iriana sok sumelang anake keladuk anggone dolanan HP saengga dadi kurbane konten digital sing satemene durung wancine dikonsumsi bocah. Was sumelange Iriana lan wong-wong tuwa liyane mau dadi kawigatene pemerintah. Lumantar Kementerian Komunikasi dan Digital pemerintah nerbitake Peraturan Pemerintah ngenani Tata Kelola Penyelenggaraaan Sistem Elektronik dalam Perlindungan Anak (PP Tunas). Aturan iku diajab bisa nyiptakake ruwang digital kan luwih “grapyak” marang bocah.
Ing satengah upayane pemerintah ngayomi generasi mudha saka pangaribawa mbebayani konten digital, Sanggar Nirmala Sari nyawisake alternatif rasa asyike bocah ing alam kasunyatan. Ana sanggar mau bocah ora mung saderma nyinau wayang lan nabuh gamelan, nanging uga diwenehi pangerten bab sejarahe leluhur Nuswantara. Sanggar Nirmala Sari pindha tuk banyu tumrap bocah kang ngelak kegiyatan positif.




(Foto: ANTARA/Indrianto Eko Suwarso)



