Lara Lapane Seniman Ludrug Kartolo (2-Cuthel) Niba Tangi ing Panggung Ludrug, Wurung Dadi Pegawe Negri

Boncengan sepedha motor, wong loro lanang wadon mertamu menyang omahe Kartolo ing Jalan Kupang Jaya I No. 12 Surabaya, sawijining awan tengahe taun 2016 kepungkur. Kartolo nyigeg sauntara anggone ngobrol karo Panjebar Semangat lan ganti ngajak omong dhayoh salaki rabi mau. Tekane wong loro iku jebul arep andheg-andheg (nanggap) Kartolo Cs. Ujube kanggo ngregengake olehe duwe gawe mantu anake wadon.
Kartolo lan sisihane, Kastini.
(foto ksw)

Kartolo saguh, jer ing tanggal sing ditemtokake dening tamune mau jadwale lagi kosong. Rembugan sabanjure nyandhak bab tarip. Nyang-nyangan rega rada alot, awit dhayoh ngunduri tuwa iku nganyang ing sangisore taripe Kartolo Cs. “Pripun nggih, pasaran kula panci sak manten. Mergi kula niki mboten sadeyan barang, nanging dodol swara,” kandhane Kartolo.

Wekasane dhayoh iku gelem karo tarip sing ditetepake Kartolo. Kepara ora kabotan ngimbuhi honor waton personile ditambah dadi wong papat. Saploke Basman lan Sokran tinggal donya awal taun 90-an, anggotane Kartolo Cs pancen kari wong telu: Kartolo, Ning Tini, lan Sapari. Yen sing arep nanggap njaluk dhagelan  papat utawa lima, Kartolo njupuk pelawak saka sanjabane grupe.

“Pun njenengan milih sinten tambahane, napa Cak Wito, napa Cak Momon….,” meneng sedhela, Kartolo tumoleh marang Panjebar Semangat. Celathune karo nuding, “Napa niki?”

Dhayoh loro iku meh bebarengan nyawang Panjebar Semangat sing kawit mau mung meneng ngrungokake anggone padha pirembugan iku. Praupane ketara serius. Bathuk njengkerut.

“Niki cak sinten kok kula dereng tau sumerep,” ujare dhayoh lanang karo mbenakake kaca mata minuse. Kartolo tetep tanpa ekspresi, dene Panjebar Semangat ora kuwat ngampet guyu.

Ora mung ana ndhuwur panggung wae Kartolo wasis lucu. Ana pasrawungan saben ndina, dheweke uga baut mbanyol. Clemang-clemonge gawe guyu. Samubarang bisa kanggo bahan guyonan, klebu nalika ana dhayoh mau. Miturut Kartolo, kawit isih bocah dheweke pancen seneng mbanyol. Ya merga kaprigelan mbanyol iku dheweke dijupuk  Margo Santoso, grup ludrug sepisanan sing digambloki nalika umure isih 18 taun.

*** 

Ora cetha kapan tanggal laire Kartolo. Sing dielingi simboke Kartolo, Payamah, nalika kandhutane ndungkap wolung sasi, Jepang ngebom pabrik beras ing kampung Barata Jaya, Surabaya. Merga kahanan kutha ora aman, bapake Kartolo, Aliman, sing nalika kuwi nyambut gawe minangka buruh pabrik karung ana Jalan Juwingan, age-age  ngajak sing wadon mulih menyang omahe wong tuwane ing Desa Watuagung, Kecamatan Prigen, Pasuruan. Omahe Aliman ing kampung Manyar Sambongan Surabaya, ditinggal sebrung.

Sesasi sabanjure Payamah nglairake bayi lanang kanthi slamet. Bayi abang iku  dijenengake Tolo. Aliman lan Payamah ora nyathet tanggal lain sasine babaran. Kejaba swasana lagi geger, lelorone uga wuta aksara.  “Sing dielingi Bapak lan Emak, aku lair sawatara sasi sadurunge Indonesia mardika. Ing KTP, tanggal lairku ditulis 2 Juli 1945,” kandhane Kartolo.

Salah siji saka kasete Kartolo Cs.
(foto repro)

Kartolo ngrembaka ing Watuagung lan namatake Sekolah Rakyat taun 1958 ana desane kono. Maune Kartolo duwe gegayuhan kepengin dadi pegawe negri. Dheweke sok mbayangake mangkat-mulih nyambut gawe pakeyane rapi lan entuk gaji tetep. Nanging bareng ana kalodangan mawujudake gegayuhane minangka pegawe negri, malah ora dienyangi dening Kartolo.

Critane, wektu kuwi ing Watuagung akeh pakumpulan karawitan cilik-cilik. Kartolo banjur nggamblok menyang salah sijine klompok karawitan mau. Ndilalah klompok karawitan digambloki Kartolo iki asring oleh job ngiringi pentas ludrug, wayang kulit lan tayub tekan ngendi-endi. Rehne dhuwit ajeg nyekel, Kartolo katrem dadi anggota karawitan.  “Aku wiwit mbalung sungsum karo kesenian. Mula nalika ditawani dadi guru bantu, aku abot ninggalne seni,” ujare.

Salah sijine klompok ludrug kang pentase kerep diiringi dening karawitane Kartolo  yaiku Margo Santoso. Ludrug iki kondhang ing wilayah Prigen lan sakiwa tengene. Nalika semana Margo Santoso lagi butuh penari remo. Kartolo, sing isih umur 18 taun, ditawani nggabung awit dheweke pancen baut ngremo. “Tanpa mikir dawa aku gelem,” kandhane.

Maune  tugase Kartolo mligi ngremo. Kabisan ngremo iku dhewe satemene autodidaktik. Kartolo bisa karepe dhewe merga kerep nggatekake penari remone Margo Santoso yen dhong pentas. Sawatara sasi candhake, tugase Kartolo ora mung ngremo, nanging uga ngidung lan nglawak. Ya rikala ana panggung ludrug kuwi jeneng Tolo diowahi dadi Kartolo. “Jarene aku duwe bakat ndhagel. Clemongan-clemonganku lucu,” tuture.

Matun-taun Kartolo melu Margo Santoso. Nalika Margo Santoso nedhenge jaya, dumadakan njeblug kedadeyan G 30 S/ PKI ing Jakarta. Lebar kuwi kesenian tradhisional sing disujanani duwe gandheng ceneng karo PKI, klebu ludrug,  ora kena pentas. Ora sethithik seniman sing dicidhuk aparat.

Kanggo ngresiki panggung ludrug saka unsur-unsur komunis, pemain lan pengrawite didhata. Tumrap seniman sing disujanani duwe sambung rapet karo PKI, ora kena pentas maneh. Nasibe seniman sing didakwa cedhak karo PKI kuwi uga ora cetha sawise didata. Mula akeh grup ludrug sing kelangan pemain, klebu Margo Santoso.

Kartolo dinyatakake “resik” sawise ngurus surat bersih diri menyang Koramil Prigen. Nanging dahuru G 30 S/PKI njalari kesenian mandheg suwe.  “Rong  taun ludrug vakum,” tuture Kartolo.

Taun 1967, sawise pamarentah ngolehi ludrug dipentasake maneh, Kartolo pindhah menyang ludrug Dwikora sing lagi main ana Kecamatan Lawang, Kabupaten Malang. Bareng Dwikora bubar, Kartolo ngalih menyang ludrug Gajah Mada duweke Korps Komando (KKO) Angkatan Laut Malang. Miturut Kartolo, kanggo nangkis infiltrasine paham komunis, ing laladan Malang tentara banjur mbentuk grup-grup ludrug anyar.

Kober nggamblok sedhela karo ludrug Yon Zipur 5 TNI Angkatan Darat ing Malang, Kartolo  kepengin njembarake sesurupan menyang Surabaya. Kala semana Surabaya pancen dadi pusere grup-grup ludrug kaloka.  Ing Surabaya, Kartolo banjur nggamblok marang ludrug Bintang Surabaya.

Ora suwe ana Bintang Surabaya, Kartolo pindhah menyang ludrug Tansah Trisno, nuli ngalih maneh menyang grup ludrug Jombang Selatan. Metu saka Jombang Selatan, Kartolo banjur freelance alias ora kaiket dening grup ludrug. Saengga grup ludrug ngendi wae bebas “ngebon” dheweke.

Miturut Kartolo, pait getire panggung ludrug tobong wis dirasakake. Yen penontone akeh, otomatis honor sing ditampa lumayan. Nanging yen penontone sepi, kepeksa dheweke ora tampa bayar. “Merga wektu kuwi isih bujang, nadyan ora dibayar, sithik-sithik aku isih ana simpenan kanggo mangan. Nanging yen dhong ora nyekel dhuwit blas, ya kepeksa utang mangan neng warung,” ucape Kartolo.

Tobong ludrug, kandhane Kartolo, uga prasaja. Mung wewangunan sesek pring sing dipayoni welit. Kadhang kala uga ngenggoni gedhong lawas sing suwung. Manut Kartolo, suwe orane ludrug kasebut nobong gumantung penonton. Yen sing ndelok ajeg rame, tobonge bisa bertahan nganti sesasi. Nanging yen penontone sepi, limalas dina wae wis pindhah menyang panggonan anyar. “Tau tobonge ora bisa pindhah merga kene ora ana dhuwit kanggo usung-usung,” kandhane Kartolo.

Taun 1971, Kartolo ketemu Bakron, sutradharane Ludrug RRI Surabaya. Bakron ngajak Kartolo mlebu ludrug plat abang iku jalaran karaktere dianggep cocog. Bakron kandha wis watara suwe mantau Kartolo. Kartolo terus wae nyanggupi. “Mlebu Ludrug RRI kena diarani impene kabeh seniman, awit ana kalodangan diangkat minangka pegawe negri. Yen ora ana sing ngajak, nglengkara bisa mlebu Ludrug RRI,” tuture Kartolo.

Kartolo krungu rasan-rasane pemain Ludrug RRI sing ngemu rasa kurang seneng dene minangka pemain ludrug saka dhaerah, dheweke bisa mlebu Ludrug RRI. Mangka, sing ditarik mlebu Ludrug RRI mono umume seniman-seniman Surabaya sing wis ngetop.  Apamaneh wektu kuwi Ludrug RRI wis duwe trio pelawak hebat Kancil Sutikno, Markuwat lan Sidik Wibisono.

Ludrug RRI dhewe wis banget kondhang ing taun iku. Saliyane saben ndina rekaman ana studhione RRI Surabaya ing Jalan Pemuda kanggo ngisi program acara budaya, uga ngladeni tanggapan njaba. Kartolo sok diajak. “Neng Ludrug RRI aku diwenehi peran-peran serius, merga ora mungkin nggeser trio lawak Kancil, Markuat, Sidik sing wis kondhang banget,” kandhane Kartolo.

Kartolo bali dadi pelawak nalika Ludrug RRI pinuju pentas ana Malang taun 1973. Penyebabe, Sidik ujug-ujug pamit mulih menyang Surabaya awit ana keperluwan sing sipate ndadak. Bakron kober kelabakan. Sebab minangka sutradhara dheweke wis kadhung mutusake bakal mentasake lakon Kancil Sekolah sing full humor. Lha yen Sidik ora ana banjur sapa sing nyulihi? Akhire Bakron nuding Kartolo minangka penggantine Sidik. Pranyata ora nguciwani. Kartolo bisa klop karo Kancil lan Markuwat. Penonton marem. “Wiwit kuwi aku dikon nglawak. Apamaneh ora let suwe Sidik metu banjur ngedegake grup lawak dhewe, Sidik Cs,” ujare Kartolo.

Ya ana Ludrug RRI mau Kartolo tepung karo Kastini. Kastini salah siji saka anggota penari RRI Surabaya. Penari-penari iki nyeblakake sampur kanggo mbukani pentase Ludrug RRI. Witing tresna jalaran saka kulina, taun 1974  Kartolo ngrabi Kastini. Ora suwe sawise omah-omah, Kartolo lan Kastini mutusake metu saka RRI. Sebab, ora ana tandha-tandha dheweke bakal diangkat minangka pegawe negri. Sedheng bayare minangka pegawe honorer ora mingsra, ora cukup kanggo mangan wong loro. Kartolo banjur bali nobong karo Ludrug Persada Malang.

Sawise Kartolo lan Kastini metu, seniman-seniman honorer RRI malah diangkat minangka PNS dening Menteri Penerangan Harmoko. Kartolo getun, geneya kok ora sabar ngenteni. “Nanging akhire dakpupus, mbokmenawa pancen dudu rejekiku. Dalane uripku ora dadi pegawe negri,” ujare Kartolo. Wurung dadi pegawe ngeri, Kartolo malah nemokake dalan urip dhewe sawise ketemu karo Nelwans Subuhadi saka perusahaan rekaman Nirwana Records Surabaya taun 1980. Nelwans nawani dheweke rekaman kaset, engga wekasane Kartolo kondhang nganti seprene. Sawise kaset-kasete payu, Kartolo sawutuhe ninggalake panggung ludrug sing ditekuni ora kurang saka rong puluh taun suwene kuwi.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 373

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *