Lara Lapane Seniman Ludruk Kartolo (1) Ngedol Omah Riwayat Kanggo Dina Tembene Putu

Senajan cukup jembar, nanging ora ana prabotan mbejaji ing kamar tamu omahe Kartolo. Isine mung sak set kursi pedhayohan dalah rak kaca kanggo madhahi plakat pangaji-aji cacah puluhan. Tembok kang tinempelan wall paper putih, rinengga foto-fotone seniman ludrug umur 76 taun iku. Saperangan nalika dheweke isih aktif ana panggung.
Kartolo, Kastini lan Sapari nalika manggung ana sawijining acara.

Kartolo tetep prasaja nadyan omah sing dipanggoni cukup gedhe, ukuran 440 meter pesagi, tur sungsun loro. Ngenani omahe sing mentereng ing Jalan Kupang Jaya I Surabaya kuwi, Kartolo tau mojar marang Panjebar Semangat yen bentuke kaya gupon dara. “Disawang saka kadohan wis ketok,” ujare karo ngguyu.

Miturut Kartolo, tanah kang diencebi omah kuwi biyen duweke maratuwane. Sawise dheweke rabi karo Kastini taun 1974, lemah iku diwenehake. Regane per meter isih Rp 30 ewu. Merga kala semana pengasilane minangka seniman ludrug mung rog-rog asem, Kartolo mung kuwat adeg omah cilik. Nanging akhir taun 70-an, omah iku kena re-land (digusur kanggo ngambakake lurung).

Mbarengi kuwi, lintange Kartolo pinuju sumunar. Nelwans Subuhadi saka  Nirwana Record nawani dheweke rekaman jula-juli kidungan plus lawakan. Kartolo ora kabotan, jer saben pentas ludrug dheweke asring ngidung lan mbanyol. Nelwans banjur nggolekake pasangane Kartolo ndhagel kanggo digawa mlebu  dhapur rekaman. Ketemu wong lima.

Kejaba Kartolo lan Kastini, ana Munawar, Sapari lan Yakin. “Dicomot saka grup-grup ludrug sing wektu iku akeh banget neng Surabaya. Embuh saka grup ngendi wae aku lali. Nelwans sing masang-masangake. Sadurunge aku ora kenal karo Munawar lan Sapari,” ujare Kartolo.

Dhasar padha dene seniman panggung sing wareg pengalaman, nadyan isih pasangan anyar, nanging ora angel njumbuhake lawakan siji lan sijine. Kartolo sakanca uga kanthi cepet nylarasake, saengga ora kangelan mbanyol ana njero studhio. Manut Kartolo, nalika iku Nelwans kandha yen rekaman sepisanan iku ngiras kanggo ngetes pasar. Yen kasete payu akeh, rekaman dibacutake. Nanging yen ora payu, rekaman kuwi kanggo sing sepisanan lan pungkasan.

Ora dinyana, rekaman sepisanan kanthi lakon Welut Ndhas Ireng lan Peking Wasiat sukses. Kasete payu 10 ewu copy, klebu akeh kanggo ukuran kaset seni tradhisional. Nirwana sangsaya seneng. Rekaman dibacutake. Personile ditambal sulam. Yakin dilereni, diganti Basman lan Sokran. Rekaman dibacutake lan kaset-kasete sangsaya laris. Kepara malah ana sing didol tekan Suriname barang.  Stasiun-stasiun radhio swasta ing Surabaya, Malang lan Pasuruan uga padha muter kaset-kaset mau.

Sukses ing jalur rekaman, njalari Kartolo metu saka ludrug Persada Malang. Grup ludrug mau sing pungkasan digambloki Kartolo sadurunge pindhah haluan menyang donyane grup lawak.  Miturut Kartolo, rekaman iku dilakoni nganti taun 1995 lan ngasilake 90 kaset. Rekaman pungkasan kanthi lakon Rujak Kikil, pepayone kurang sepirowa sukses awit kaset pita wiwit kageser video compact disk (VCD).    

Kastini ngandharake, rikala rekaman kaset isih rame-ramene, ora sethithik sutresna sing kepengin nanggap. Jalaran kejaba kepranan karo banyolane, uga kepengin weruh kaya ngapa rupane Kartolo sakanca. Pranyata tanggapan panggung uga rame. Saliyane wong duwe kajat, uga instansi-instansi pamarentah akeh sing ngundang Kartolo Cs. Sesasi kadhang tanggapan nganti kaping 17. “Kejaba sibuk tanggapan, uga sibuk rekaman,” tuture Kastini alias Ning Tini.

Akeh pengalaman sing ditemoni Kartolo jrone pentas off air iki. Upamane nalika dibayar pedhet wektu ditanggap wong duwe gawe ana Lamongan. Critane, sing duwe gawe ora kuwat nyukupi honore Kartolo Cs awit dhayohe sepi. Oleh-olehane buwuhan sing dijagakake kanggo mbayar pelawak, jebule kurang. Akhire pedhet ing kandhang kon nuntun Kartolo. “Pedhete terus takdol kanggo mbayari kanca-kanca. Payu murah, wong kene butuhe ndadak,” kandhane Ning Tini.

Ya saka dhuwit rekaman lan pentas iku Kartolo mbangun omahe. Dibangun sethithik mbaka sethithik nganti akhire sampurna. Jubine diporselen, temboke dikramik. Kanthi omah sing gedhe njenggarang, Kartolo kepetung seniman tradhisional sing sukses yen dibandhingake kancane saprofesine. Kejaba kuwi ora ketang sesasi sepisan, Kartolo Cs –sing anggotane kari Kartolo, Ning Tini, Sapari- isih entuk job nglawak.

Adol Omah

 Nanging awal September kepungkur masyarakat dikagetake dening kabar yen Kartolo niyat ngedol omah sing patang puluh taun lawase dipanggoni karo anak bojone iku. Omah sing didegake nganggo kringete kesenian iku ditawakake Rp 8 milyar. Akeh sing nduga Kartolo “bangkrut” merga sasuwene Covid-19 ora ana sing nanggap. Job sepi. Apa maneh Kartolo uga kedhaptar minangka panampa bantuan langsung tunai (BLT). “Aku wis njupuk BLT kaping papat ana kantor pos. Lha wong didhaptarake dening RT-ne, lan dikon njupuk,” ujare.

Ewasemono, kandhane Kartolo, niyate ngedol omah mau ora ana gandheng cenenge karo Covid-19. Kawit sadurunge pageblug, pepinginan mau wis ana. Tujuwane, pepayone adol omah iku kanggo nukokake omah putu-putune sing cacahe lima. “Mumpung aku isih urip, putu-putuku bakal daktata. Supaya mbesuke ora padha gegeran,” kandhane Kartolo.

Niyat iku mrenthul sawise Kartolo lan Kastini weruh putu-putune wimbuh gedhe. Putu paling tuwa ngancik kuliyah, dene putu paling enom mlebu SMP. Saka anggone bebojowan karo Kastini, Kartolo patutan anak telu, Agus Slamet, Gristianingsih lan Dewi Triyanti. Anak pambarep tinggal donya nalika isih bocah. Gristianingsih duwe anak telu, dene Dewi Triyanti loro.

Nalika Gristianingsih lan Dewi wis padha bebrayan, Kartolo nyingget omahe sing bawera mau dadi telu, saengga kabeh kumpul ana kono. Pranyata umure Gristianingsih uga ora dawa. Taun 2017 kepungkur wanita sing uga “manajere” Kartolo Cs iku tinggal donya merga kena lelara lambung.

Kartolo kepengin omah iku dituku langsung dening sing kepengin nuku, ora ndadak liwat makelar alias perantara. Seprene, ujare Kartolo, wis ana sing nganyang Rp 6 milyar. Nanging Kartolo isih nimbang-nimbang. Sebab, kejaba statuse wis sertipikat hak milik (SHM), omah iku uga ora tau kebanjiran.  

Kartolo ngakoni satemene abot ngeculake omah lara lapa kuwi. Apa maneh yen ngelingi seniman-seniman ludrug sing saiki wis sumare, kaya dene Markeso, Basman lan Sokran biyene asring nginep ana omah kuwi. Seniman luar kota sing mbeneri entuk job ana Surabaya, uga sok nginep ing omahe Kartolo kono kanggo ngirit.

Nanging Kartolo wis gembleng niyate. Kabagyane putu-putune ing tembe mburi dadi tetimbangan utama. Mumpung saiki isih gampang ditata. Sing wadon uga sarujuk omahe didol. Kartolo kandha akeh kanca-kancane seniman sing ora percaya dheweke adol omah. “Awak dhewe dianggep ludrukan,” ujare karo ngguyu.

Seniman ludrug sing uga mitra rakete Kartolo, Lupus Arboyo, ngandharake, nadyan wis senior, nanging Kartolo isih maestro lawak Surabaya. Jenenge isih kemedol. Ora mokal yen grup lawak Kartolo Cs isih sok oleh tanggapan nadyan ora rame kaya biyen.  Job liyane arupa rekaman VCD lan main ana stasiun televisi lokal uga isih ana. “Mulane aku ora percaya yen alasane Abah Kartolo adol omah mau merga bangkrut. Sebab rancangan ngedol omah iku sejatine wis suwe, kawit putu-putune isih cilik,” kandhane Lupus. 

Wondene yen sasuwene Covid-19 Kartolo sepi tanggapan, kandhane Lupus, kabeh seniman uga ngalami. Kartolo isih beja kanthi “nama besar”e dheweke isih oleh job main film kaping telu sasuwene pandhemi kanthi judhul Ya Wis Ben 3, Lara Ati lan Kartolo Numpang Terang Bulan. “Lha yen Abah Kartolo wae bangkrut, njur piye nasibe seniman sing ora tau entuk orderan? Rak luwih nemen,” ujare Lupus. Kartolo muji syukur dene ing sela-selane sepi pentas isih ana sing ngajak main film. Ing film komedhi kasebut dheweke tampil karo Kastini, Sapari lan anak wuragile, Dewi Triyanti. Nanging merga PPKM, film telung judhul iku durung oleh diputer ana bioskop.  “Mangka honore wis dibayar lunas lan wis entek,” kandhane Kartolo.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 362

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *