Maeda kang Ora Maido Tuntutan Kamardikan

Gumyak suka parisukane rakyat Indonesia mahargya kamardikan kaya-kaya nglalekake labuh-labete Laksamana Maeda ing dhetik-dhetik kang nemtokake mau. Desember 1946 Maeda lan staf-e, Shigetada Nishijima, dilebokake pakunjaran Gang Tengah.

Pandom jam nggremet menyang angka 03.00 nalika Sukarno cecawis sega salawuhe kanggo mangan saur ing omahe, Jalan Pegangsaan Timur, Jakarta,  Kemis, 16 Agutus 1945. Bung Karno utheg dhewe ing pawon, ora tegel nggugah sisihane, Fatmawati, sing isih angler anggone turu karo ngeloni Guntur. Durung wae jangan sing dipanasi Bung Karno anget, dumadakan saklompok pemudha nrobos mlebu njero omah.

Tekane tamu ora diundang iku dipimpin dening Sukarni Kartodiwirjo, keturunane juru masak Pangeran Diponegoro. Sukarni nyekethem pistul. Pedhang samurai sinengkelit lempeng. Samburining Sukarni ana sawatara nom-noman nganggo sragam prajurit Pembela Tanah Air (PETA).

Peneliti sejarah Indonesia saka Amerika Serikat Benedict “Ben” Anderson jrone bukune Java in Time of Revolution nuturake, Sukarni sing isih keturunane Warok Ponorogo iku nekad nyulik Bung Karno merga upayane ndheseg Sukarno-Hatta amrih cepet-cepet mroklamirake kamardikan 15 Agustus 1945, buntu. Bung Karno sarta Bung Hatta puguh ngenteni janjine Jepang sing jarene arep menehi kamardikan Indonesia 24 Agustus 1945.

Bung Karno maos teks proklamasi ing Pegangsaan Timur, Jakarta.

Sukarni ora sranta. Sebab kabar ngenani Jepang kang ‘menyerah tanpa syarat’ marang Sekutu 14 Agustus 1945 wis dirungu dening para pemudha revolusioner. Jepang nglebetake gendera putih sawise kutha Hiroshima dibom atom Amerika Serikat, 6 Agustus 1945, disusul sabanjure kutha Nagasaki, 9 Agustus 1945. Timbuling kurban tanpa wilangan. Jepang sing wiwit keseser ana palagan prang donya, sangsaya kelangan semangat.

Tumrap aktivis pemudha kelompok dhiskusi Menteng 31 kang antara liya dumadi saka Sukarni, Wikana, Chairul Saleh, Ahmad Aidit, Jusuf Kunto lan sapiturute, mumpung Indonesia lagi jrone swasana komplang (kekosongan kekuasaan), Sukarno-Hatta kudu rerikatan maca teks proklamasi. Ora perlu ngenteni janjine Jepang sing durung mesthi yen dileksanani tenan. 

Suprandene Sukarno-Hatta kang klebu golongan tuwa, wegah dipeksa-peksa golongan mudha. Kanthi swara bantas Bung Karno kandha marang Wikana sakanca sing mara menyang omahe 15 Agustus 1945 bengi, senajan diprajaya-a pisan, dheweke tetep emoh nuruti panjaluke para pemudha. Tumrap Bung Karno proklamasi dudu prekara sepele. Apa maneh  proses-proses rapat Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia (PPKI)  kanggo ngrancang konsep kamardikane Indonesia, durung rampung. PPKI dhewe dibentuk atas inisiatife Jepang.

Wangkale Bung Karno njalari para aktivis pemudha ora sabar. Mungguhe klompok pemudha, rapat PPKI ora perlu dibacutake jalaran wis ora ana paedahe maneh sawise Jepang manungkul. Kalondhangan emas sing wis ana ing ngarep mata iki kudu disaut. Mula perlu upaya-upaya pameksa bacute amrih Bung Karno gelem nuruti kekarepane klompok pemudha.

Esuk iku uga Bung Karno, Bung Hatta, Fatmawati lan Guntur digawa menyang Rengasdengklok sing kebawah Karesidenan Purwakarta. Lungane ditumpakake truk militer jinis power wagon duweke Garnisun PETA Djakarta. Fatmawati lungguh ing sisihe sopir karo ngekep Guntur sing umur sangang sasi. Dene Bung Karno lan Bung Hatta ngadeg ing bak mburi karo udakara 20 prajurit PETA.

Sadurunge dioper menyang trek militer ing pinggire kutha Jakarta, Bung Karno, Fatmawati, Guntur lan Bung Hatta luwih dhisik ditumpakake kendharaan Fiat saka omahe kanggo ngendhani kasujanane serdhadhu Jepang.

Ing buku Djakarta 1945: Awal Revolusi Kemerdekaan kang ditulis Julius Pour disebutake menawa prajurit-prajurit PETA sing ngayomi Sukarno-Hatta ing bak truk mau dudu pasukan sembarangan, nanging dumadi saka anggota satuan-satuan elit pilihan. Separo ing antarane mujudake sniper utawa penembak jitu. Kabeh padha nggawa bedhil, granat, pistul lan pedhang samurai.

Maeda

Diesqy Hasbi Widana jrone artikele kang asesirah Laksamana Maeda dalam Detik-detik Proklamasi Kemerdekaan Indonesia ing tirto.id nuturake,  ora ana sing meruhi menyang ngendi tujuwane Sukarno-Hatta digawa metu saka Jakarta kejaba tim inti penculik iku dhewe. Ilange Sukarno lan Hatta lagi diweruhi jam 8 esuk dening penasihat PPKI Raden Achmad Soebardjo Djojoadisoerjo. Dheweke lagi sadhar tokoh lelorone mau ora ana bareng ora katon teka menyang rapat bacutan PPKI ing tilase Gedhung Raad van Indie, Pejambon.  Sarehne Bung Karno lan Bung Hatta ora mencungul, rapat kepeksa disumenekake dhisik.

 Soebardjo kelabakan. Dheweke nyujanani klompok pemudha sing cedhak karo Angkatan Darat Jepang (Raikugun) kang nyulik Bung Karno. Mula Soebardjo cepet-cepet nglapurake prekara kuwi marang Kepala Kantor Perwakilan Angkatan Laut Jepang (Kaigun) ing Jakarta, Laksamana Muda Tadashi Maeda.

Maeda saguh ngerigake anggotane kanggo mbiyantu nggoleki dununge Bung Karno lan Bung Hatta. Sebab mungguhe Maeda, tanpa wong loro kuwi, bisa-bisa kamardikane Indonesia ora bisa enggal kaleksanan. Rada awan sethithik Soebardjo ganti nyujanani klompok pemudha kang dhek bengine ngancam Bung Karno sing nyulik. Mula dheweke banjur ngundang Wikana saperlu ditakoni posisine Bung Karno. 

Saka Wikana lan Jusuf Kunto wekasan Soebardjo oleh keterangan menawa Sukarno-Hatta digawa menyang Rengasdengklok. Dina iku uga Soebardjo mapag wong loro kuwi menyang Rengasdengklok (waosen artikel ‘Drama Sedina ing Rengasdengklok’ Panjebar Semangat minggu kepungkur).

Tekan Jakarta jam 22.00, Soebardjo njujug markase Laksamana Maeda. Maeda lega dene Sukarno-Hatta tinemu jrone kahanan waras-wiris ora kurang sawiji apa. Soebardjo mbabarpisani taren apa oleh upama omah dhinese Maeda digunakake kanggo mbacutake rapat PPKI kang kober ditundha awan mau. Sebab, Raikugun nglarang sawernane kegiyatan politik sawise kabar ilange Sukarno-Hatta sumebar. Soebardjo yakin Raikugun ora wani mbubarake yen rapat PPKI digelar ana omane Maeda. Maeda ora kabotan.

Krungu Sukarno-Hatta wis ditemokake lan samengko dumunung ana kantore Maeda, Kepala Departemen Urusan Umum Pemerintah Militer Jepang Mayor Jendral Nishimura gegancangan mara. Tekane Nishimura nggawa prentahe Kepala Staf Tentara ka-XVI (Angkatan Darat) kang jejer minangka Kepala Pemerintahan Militer Jepang (Gunseikan) Hindia Belanda. Wose, Jepang njabel janjine marang Sukarno-Hatta bab hadhiah kamardikan kang bakal diwenehake Indonesia 24 Agustus 1945. Jepang pilih mituhu prentahe Sekutu amrih ngreksa status quo nganti Indonesia diregem maneh dening Walanda.

Sukarno nuding sikepe Jepang malih lembek. Sikep lembek sing kaya mengkono mau, kandhane Sukarno, ora selaras karo semangate satriya samurai Bushido kang ngukuhi pakurmatan, kasetyan lan kuwanen nganti pupute nyawa. Sukarno paham Nishimura saderma kongkonan. Mula dheweke njaluk amrih Nishimura ethok-ethok ora ngerti marang isine rapat sing arep digelar sedhela maneh. Sing genah, kandhane Sukarno, pemudha Indonesia ora wigah-wigih ngutahake getih kanggo mujudi kamardikane. Bebasan dipalangana mlumpat didhadhungana medhot.

Maeda sabela Sukarno. Dheweke maido sikepe Raikugun sing tansah mbudidaya mepalangi pepinginane rakyat Indonesia nggayuh kamardikan. Miturut Maeda wis sapantese Jepang nglenggana marang klera-klerune tumindak sasuwene telung taun setengah njajah Indonesia.  “Geneya Raikugun ora sarujuk yen Indonesia mardika?” ucape Maeda kanthi swara dhuwur.

Nishimura tetep puguh ngleksanani prentahe Gunseikan kang emoh menehi kamardikan Indonesia. Minangka negara sing wis kalah perang, miturut Nishimura, Jepang wajib mituhu sak reh prentahe Sekutu. Nishimura ngelingake Maeda ngenani ukuman abot kang bakal dipatrapake marang perwira tinggi kaya dheweke sing kumawani mbadal prentahe ndhuwuran.  Maeda emosi. Dheweke ngadeg nyat, aweh kurmat marang Nishimura, banjur klepat mulih menyang omah pribadine tanpa pamit. Rong jam bacute Sukarno, Hatta lan Soebardjo sumusul menyang omahe Maeda.

Bengi kuwi uga para anggota PPKI sing sedina mbethethet ngenteni Bung Karno, wusana nglumpuk ana omahe Maeda. Soebardjo nyawang Maeda kang alon-alon ngudhuni tlundhakan lantai loro. Maeda katon kesel. Dheweke manggul sesanggan abot, mesthekake Indonesia mardika tanpa pambiyantune Jepang. Soebardjo paham, kanthi ngolehi omah dhinese dienggo rapat persiapan kemerdekaan Indonesia, Maeda wis njupuk risiko gedhe tumrap karir militere.  Ewadene Maeda mbudidaya ngukuhi wibawane minangka perwira Kaigun. Sorot mripate tetep tajem.

“Sapa wae kang ngupaya mawujude kamardikan, dakregani. Nanging aku ora nyana yen pepinginan amrih Indonesia enggal mardika pranyata gedhe banget. Ewasemono aku ora sarujuk perjuwangan nggayuh kamardikan mau ditempuh nganggo cara-cara  kasar. Cara-cara sing mengkono mau mbebayani, sisip sembire kamardikan ora bakal kawujud,” kandhane Maeda marang para anggota PPKI kang andher.

Ilustrasi Jepang nyerah tanpa syarat marang Sekutu.
Diadili

Ora kacarita lakune rapat penting ing tengah wengi nganti parak esuk ing omah dhinese Maeda kuwi. Sing cetha Jumuah jam 04.00, 17 Agustus 1945, omahe Maeda wis sepi. Anggota PPKI, pimpinan pemudha lan anggota Chuo Sangi In sing gunggunge watara wong 50 wis padha ninggalake lokasi. Maeda milih ngaso ing kamare lantai loro nalika rapat ing lantai siji lagi serius-seriuse. 

Jam 03.00 Maeda kober mudhun menyang lantai siji saperlu nyepakake mangan saur tumrap wong-wong sing arep pasa. Ing meja mangan, Sukarno lan Hatta nuduhake rumusan naskah proklamasi kang bakal diwacakake jam 10.00. Ing buku Bung Karno Penyambung Lidah Rakyat Indonesia kang ditulis Cindy Adam, Sukarno manteb macakake teks proklamasi  jalaran percaya yen dina kuwi Jumuah suci. Sebab Al Qur’an tumurun tanggal 17 lan umat Islam salat 17 rakaat. Maeda nyalami Sukarno-Hatta  menehi ucapan pangayubagya.

Gumyak suka parisukane rakyat Indonesia mahargya kamardikan kaya-kaya nglalekake labuh-labete Laksamana Maeda ing dhetik-dhetik kang nemtokake mau. Desember 1946 Maeda lan staf-e, Shigetada Nishijima, dilebokake pakunjaran Gang Tengah. Ing buku Kisah Istimewa Bersama Bung Karno, Nishijima aweh paseksen manawa sasuwene diterungku ing njero bui dheweke dipeksa Walanda supaya ngarang crita menawa kamardikane Indonesia atas hadhiahe Jepang. Merga ing naskah proklamasi cinathet taun 05 miturut taun Jepang, dudu taun 45.

“Senajan aku dipriksa patang dina tanpa leren, lan nganti ngetokake uyuh getih, nanging aku suthik minangkani panjaluke Walanda,” kandhane.

Setaun candhake Maeda diadili ana Mahkamah Militer Jepang. Nanging putusane Mahkamah Militer mbebasake Maeda saka dakwa. Mulih menyang omahe ing Jepang, Maeda pilih pensiun minangka warga sipil biyasa. Dheweke ora ngresula najan uripe pas-pasan.  Tanggal 17 Agustus 1973 Maeda diundang pemerintah Indonesia saperlu dianugrahi tandha kehormatan Bintang Jasa Nararya. Maeda tinggal donya 13 Desember 1977.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 397

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *