Mati Dudu Pepisahan Saklawase

foto saka The Asian Parent

Para maos ingkang mugi dipun rahmati Allah,

Satemene wong sing mati iku ora ninggalake kita selawase, amarga wong-wong sing padha iman mbesuk bakal ketemu maneh ing swar-gane Allah subhanahu wa ta’ala kanthi kahanan kang luwih apik.

Allah subhanahu wa ta’ala dhawuh jroning Al Quran surat Ar-Ra’d ayat 23 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene;

“(yaiku) suwarga-suwarga ‘Adn kang padha mlebu menyang njerone bareng-bareng karo wong-wong kang soleh saka wong tuwane, bojone lan anak-putune…”

Al-Imam Ibnu Katsir Asy-Syafi’i Rahimahullah njelasake, maksude ayat iki yakuwi Gusti Allah bakal nglumpukake wong-wong mau ing swarga karo wong-wong sing ditresnani, apa kuwi wong tuwane, kulawargane lan anake, (nanging syarate) wong-wong mau kudu padha mukmin, mula dheweke duwe hak mlebu ing swarga, supaya adhem pandulune (kanthi anane sapatemon kuwi).

Kepara bakal diangkat kulawarga ing swarga kang luwih endhek amrih bebarengan kulawargane ing swarga sing luwih dhuwur, tanpa nyuda derajat sing luwih dhuwur, minangka nikmat lan kabecikan saka Allah, kaya kang didhawuhake ing Quran surat Ath-Thur ayat 21 (kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene);

“Lan wong-wong kang padha iman, lan dieloni dening anak-putune jroning kahanan iman, mula Ingsun bakal kumpulake maneh anak-putune karo dheweke (ing swarga mengko), lan Ingsun ora bakal nyuda ganjarane sathithik-thithika. Saben manungsa iku kaiket karo apa kang ditindakake.” [Tafsir Ibnu Katsir, 4/451]

Kanthi mangkono, wis jelas yen sing paling penting jroning urip iki yaiku tansah takwa marang Gusti Allah tabaroka wa ta’ala lan mati ing sandhu-wure iman marang Panjenengane.

Gusti Allah ta’ala ngendika jroning Quran Surat Ali Imran ayat 102 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene;

“He wong-wong kang padha iman, padha wediya (takwa) sira marang Allah kanthi satemen-temene takwa marang Panjenengane; lan aja pisan-pisan sira mati kajaba jroning kahanan ngrasuk agama Islam.”

Dene kanggone wong-wong kang padha ora iman, ing dina kiyamat mengko uga bakal ketemu, nanging ing kahanan kang ala banget, woong-wong kuwi padhadene memungsuhan antarane siji lan sijine.

Allah ta’ala paring dhawuh jroning Quran surat Al Ankabut ayat 25 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene;

“Lan Ibrahim ngomong: Satemene brahala-brahala sing mbok sembah saliyane Allah iku mung kanggo nuwuhake rasa tresna ing antarane sira jroning urip ing donya wae; besuk ing dina kiyamat saperangan sira bakal nyalahake saperangan sing liyane, lan sapera-ngan saka sira bakal ngipat-ipati saperangan liyane; lan papan balimu iku naraka, lan babar pisan ora bakal ana kang nulungi sira.”

Gusti Allah Ta’ala uga ngendika ing Quran surat Az-Zukhruf ayat 67 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene; “Kanca-kanca raket ing dina iku saperangan dadi mungsuh kanggone saperangan sing liyane, kajaba wong sing takwa.”

Ayat kang mulya iki ngelikakae bebayane syirik, bid’ah lan maksiat; yakuwi kabeh sesambungan asmara kang dibangun ing ndhuwure bakal pupus ing dina kiyamat lan malih dadi memungsuhan.

Asy-Syaikh Al-Mufassir As-Sa’di Rahimahullah ngandhakake; “Satemene kanca-kanca raket ing dina iku, yaiku dina kiyamat; kang padhadene tresna-anres-nani marga saka kufur, goroh lan maksiat marang Allah, saperangan ing antarane bakal dadi mungsuh marang saperangan liyane, amarga rakete lan tresnane ing donya mau amarga saliyane marang Allah ta’ala, mula ing dina kiyamat bakal ganti dadi memungsuhan.” [Tafsir As-Sa’di, 1/769]

Wallahua’lam bisawab.

***

Panulis: Ki Jenggot/ist

Bagikan artikel ini
Niken Dwi Saputri
Niken Dwi Saputri
Articles: 10