
Mbudidayakake Sastra Jawa kanthi Manjing Ajur-Ajer
Share your love

Festival Sastra Jawa 2026 kanthi punjer “Manjing Ajur-Ajer” kang digelar dening Himpunan Mahasiswa Prodhi (HMP) Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa (PBSJ), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya (Unesa) minangka salah sawijining pambudidaya kanggo ngipuk-ipuk urip lan eksistensi-ne sastra lan kabudayan Jawa nut lakune jaman ing dinane samengko iki.
Punjer kang diusung yaiku “Manjing Ajur-Ajer”, kang mengku wos ngugemi paugeran adhaptabilitas utawa kaslarasan kalawan kaanan kang dumadi saiki. Maneka warna kagiyatan diadani, wiwit saka maneka warna sayembara mahasiswa tingkat nasional, sayembara nembang campursari SMA utawa sadrajate tingkat nasional, bedhah lagu, nganti pameran buku.

Sayembara Nembang Campursari tingkat nasional kanggo siswa SMA utawa sadrajate ditindakake kanthi rong babak, yaiku penyisihan kang klakon kanthi online lan final kang klakon kanthi offline. Babak final dianakake bebarengan karo bedhah lagu ing Auditorium Fakultas Ilmu Keolahragaan lan Kesehatan (FIKK) Unesa Lantai 3 dina Setu, 26 September 2026.
Acara bedhah lagu mbabar bab proses ngripta karya sastra Jawa lumantar musikalisasi guritan. Acara kasebut diestreni dening para akadhemisi, praktisi seni, guru, mahasiswa PBSJ Unesa, penyanyi Proborini, sarta pangripta lagu kesuwur yaiku Adif Mahendra lan Rendra Kemana.
Danang Wijoyanto, dhosen PBSJ Unesa kang murbawisesa Festival Sastra Jawa 2026 iki, nepungake pitung karya lagune, yaiku “Pulih”, “Buk”, “Setyaku”, “Grimis”, “Ing Sore Langit Sore”, “Percayaa”, lan “Mlathi”. Karya-karya kasebut ngusung wos kang maneka warna, kaya dene rasa lara, sabar, kasetyan, katresnan, kangen, percaya, lan panariman marang kahanan urip.
Proses kreatif ngripta lagune ditindakake linandhesan pengalaman pribadi lan kahanan ing sakiwa tengene. Pengalaman ing seni tradhisional, kayata reyog, kethoprak, wayang wong, lan sandiwara musikal, uga asung pangaribawa marang proses kreatif-e. Danang sok miwiti proses kreatif-e kanthi ngrengeng-rengeng melodhine dhisik, banjur direkam, dicathet lan dikembangake dadi lagu.


Adif Mahendra lan Rendra Kemana asung pangalembana marang karya Danang, utamane amarga Danang wani njajah karakter lagu lan mawa tetembungan kang prasaja tur kebak makna. Ana uga pamrayoga supaya karya sabanjure luwih dieksplorasi maneh babagan aransemen, modhulasi, piranti musik tradhisional, swara alam, lan unsur visual. Adif ngajak mahasiswa PBSJ Unesa supaya ora mung sinau teori lan panliten, nanging uga wani ngasilake karya.

Saka pamawasing pendhidhikan, Meilinda Maharani minangka guru basa Jawa, mratelakake yen karyane Danang nduweni potensi dadi bahan pasinaon. Lagu “Ing Sore Langit Sore” bisa digunakake kanggo nyengkuyung materi musikalisasi geguritan. Lumantar lagu lan disengkuyung mawa wahana vidheo, siswa bisa luwih gampang ngerteni lan ngrasakake isi karya sastra Jawa, tur ora mung sinau bab dhefinisi, struktur, lan unsur basa wae.
Rerangkene Festival Sastra Jawa 2026 kasebut nuduhake yen sastra Jawa bisa diwedharake lumantar maneka warna wujud kreatif. Maneka warna sayembara nganti rembugan akadhemik dadi papan kanggo para mudha nyinaoni lan ngrembakakake kabudayan Jawa. Diajab kanthi anane punjer “Manjing Ajur-Ajer” iki, sastra Jawa bisa tansah slaras marang owah-owahane kahanan lan nocogi mungguh sapa wae mligine generasi nom ing sauruting wektu.
Panulis: Niken Dwi Saputri, Tika Puji Lestari (Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi















