Menyang Ngendi Plastigmu Sawise Kokgunakake?

Fasilitator njlentrehake lelakone plastig. (sumber foto dhokumentasi panitya)

Salembar plastig kang digunakake mung sedhela wae jebul nduweni lelakon sing dawa sadurunge dirupakake kanthi wujude sing kaya mangkono. Sadurunge tumeka menyang konsumen, plastig digawe saka bahan alam lan diolah lumantar maneka proses prodhuksi. Sawise ora digunakake maneh, lelakone plastig isih durung paripurna. Plastig bisa tumuju menyang papan pembuangan, mlebu menyang proses pangolahan, utawa malah nuwuhake perkara maneh mungguh lingkungan.

Fasilitator mandhu sawijining panyarta nyungsun kertu sing isine babagan plastig. (sumber foto dhokumentasi panitya)

Gambaran ngenani lelakone plastig kuwi banjur ditepungake maneh dening OceanKita lumantar lokakarya Plastic Collage sing digelar ing Institut Français d’Indonésie (IFI) Surabaya rikala 15 Agustus 2026. Kegiyatan iki ngajak para panyarta padha nyinau perkara bab plastig kanthi cara kang interaktif lumantar dolanan kertu lan rembugan bareng.

Para panyarta padha ngolehake saperangan kertu mawa gambar sing makili maneka kadadeyan sajrone lelakone plastig. Informasi ilmiah ngenani gambar kuwi ana ing sisih mburine kertu. Tugase para panyarta yaiku mahami sesambungan ing saben kertu lan disungsun dadi sawijining rerangken sing nggambarake sikluse plastig.

Proses nyungsun kertu iki nyaranani para panyarta kanggo takon-tinakonan lan andum-tampa sesurupan. Sakabehe padha nyoba nemtokake urutane lelakone plastig, saka bahan baku minyak bumi lan gas alam nganti dadi limbah. Maneka perkara kang muncul sasuwene proses kuwi dadi bahan rembugan bareng.

“Kanthi anane kegiyatan iki, para panyarta wusanane bisa yekti ngerteni ubenganing prosese plastig. Saka awale digawe lan diprodhuksi, nganti sateruse digunakake, nganti wusanane dibuwang menyang panggonan sing durung tau diweruhi dening para panyartane,” terange Jeanette Healussy, co-founder OceanKita lan fasilitator lokakarya.

Mungguhe Jeanette, kegiyatan iki mbantu para panyarta nyawang perkara bab plastig saka pamawas kang jembar lan tinarbuka. Panganggone plastig saben dina lumrahe mung angger nganti dibuwang wae, mangka sejatine ana proses lanjutan kanggo nemtokake sepira gedhene perbawane tumrap lingkungan.

Sawijining panyarta nyambungake kertu siji lan kertu liyane. (sumber foto dhokumentasi panitya)

Ing wusanane kegiyatan, para panyarta padha dijak nggraita bab carane ngadhepi perkara sing dijalari dening plastig. Gagasan kuwi sejatine ya ditujokake kanggo komunitas lingkungan. Para panyarta malah dijaluk mbayangake kebijakan sing bisa digawe nalika bisa lungguh ing kursi pamrentahan.

Plastic Collage dikembangake dening organisasi nirlaba asal Prancis, La Fresque du Plastique. Ing Indonesia, OceanKita dadi koordhinator kegiyatan iki lan wis nggelar acara sing kaya ngene iki ing maneka kutha. Lumantar ancangan sing interaktif, lokakarya iki nyata bisa kasil ngajak masarakat kanggo mahami yen saben plastig sing digunakake nduweni tilasan dawa bab lelakone sing perlu dijingglengi bareng-bareng.

***

Panulis: Celine Anjanette

Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 29