
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Sawise Jepang nguwasani Indonesia, Supriyadi, Kemal Idris lan Zulkifli Lubis ora mbacutake sekolahe. Tetetule ngalih mlebu Seinen Dojo ing Tangerang. Seinen Dojo mono punjere gladhen militer kanggo para wiranom pilihan. Jepang sengaja nyawisake Seinen Dojo kanggo nggembleng para nom-noman kang sentosa dhadha baune minangka calon komandhane batalyon PETA. Ing pusat pelatihan militer Seinen Dojo kuwi Supriyadi ketemu karo Daan Mogot lan Umar Wirahadikusuma.
Penulis buku Joyce Lebra jrone Tentara Gemblengan Jepang (1989) nyebutake lamun Daan Mogot, Kemal Idris, lan Zulkifli Lubis tau dikirim Jepang menyang Bali kanggo ngglandhi dhasar-dhasar militer marang para sukarelawan ing pulo kasebut. Rampung nindakake tugas ing Bali, Zukifli Lubis terus dikirim Jepang menyang Singapur saprelu magang ana kantor intelijen Jepang. Wondene Supriyadi dipapanake minangka komandhan batalyon PETA ing Blitar.
Kemal Idris ing autobiografine asesirah Kemal Idris: Bertarung dalam Revolusi (1997) ngandharake, para perwirane PETA racak wis padha ngaweruhi tumindake militer Jepang sing sawiyah-wiyah marang warga pribumi. Klebu pakartine Jepang kang meksa rakyat ngedol gabah menyang Kumiai (organisasi pedagang beras) kanthi rega murah, uga wis diweruhi dening Supriyadi sakanca.
Jepang isih ngrampas gabahe petani sing satemene dicepakak kanggo winih ing mangsa tandur bacute. Satemah kejaba beras dadi langka, petani ora bisa tandur maneh merga bibite direbut Jepang. Tundhone bencana keluwen ngambrah ana sadhengah papan. Akeh warga kekurangan pangan, ndayani awake padha kuru aking. Mripat cowong, pipi mbedhosol, weteng nglempet lan igane gegambangan.
Bocah cilik-cilik akeh sing wuda merga ora duwe sandhangan. Sedheng wong tuwane mung nganggo karung goni kang akeh tuma-ne kanggo tutup awak. Ing kahanan sing sarwa rekasa mau Jepang isih ngimpun wong lanang-lanang kanggo kerja romusha tanpa dibayar. Sing ora gelem nuruti pakone Jepang bakal disiksa kliwat wengis.Supriyadi wiwit goreh nyumurupi panandhange kawula cilik mau.
Rosady M. ing artikel asesirah Riwajat Pemberontakan PETA di Blitar kang kapacak ana Madjalah Sejarah Militer Angkatan Darat No. SA-15 taun 1964 mratelakake, niyat brontak ing dhirine Supriyadi wiwit thukul sasi Agustus 1944.
Supriyadi nuli nglumpukake kanca-kancane sing dadi komandhan pleton lan komandhan regu kanggo ngrembug rancangan mbalela kuwi. Komandhan-komandhan pleton sing diajak musyawarah Supriyadi yaiku Muradi, Sukiyat, Partoharjo lan Suhadi. Dene para komandhan regu dumadi saka Halir, Sukaeni, Suji, Sunanto, Sudarmo Sujono lan Tarmuji.
Rosady nyebutake, ing walike sikepe sing teguh, Supriyadi klebu nom-noman sing precaya karo mistik. Kanthi kapercayane iku, miturut Rosady, Supriyadi bisa melu ngrasakake panandhange rakyat. Kanggo nglandhepake panggraitane, Supriyadi duwe guru spiritual aran Mbah Kasan Bendho kang dedunung udakara 2 Km ing saelore Blitar. Ujare kandha, Mbah Kasan Bendho sing umure luwih saka 100 taun iku salah siji saka pendhereke Pangeran Dipanegara kang keplayu mengetan sawise ratu gustine dipikut Landa. “Saka Mbah Kasan Bendho iki Supriyadi antuk wewarah lan pituduh, kang akeh-akehe arupa sanepan sarta perlambang,” ujare Rosady.
Golek limpene tentara Jepang sing ngreksa asramane prajurit PETA, Supriyadi sakanca nyolong-nyolong wektu nganakake rapat-rapat sesidheman kanggo nyusun rancangan brontak. Rapat sepisanan dinuga dianakake ing sasi Agustus 1944 ana kamare Suji. Rapat sepisanan iku luwih akeh ngrembug bab panandhange rakyat sing sangsaya ngrujit ati. Rapat kapindho digelar ing kamar sing padha dinuga ing sasi Desember 1944. Dene rapat kaping telu utawa rapat pungkasan dianakake sasi Januari 1945. Ing kono rancangan brontak sangsaya gilig.
Sekawit Supriyadi bakal nggerakake batalyon sing dadi rehrehane. Nanging rancangan iku ora mulus. Awit tanggal 11 Pebruari 1945 jadwal gladhen militer rutin sing sedyane bakal terus dikomandho Supriyadi kanggo ngrabasa tangsine Jepang, dumadakan dibatalake dening ndhuwurane. Supriyadi wiwit krasa lamun rancangan brontake wis kewaca dening “sedulur tuwa.” Dina kuwi uga ujug-ujug ana serdhadhu Jepang mlebu asramane prajurit PETA karo ngunus samurai. Serdhadhu sing dinuga mendem iku bengok-bengok nantang gelut Supriyadi. Mangka Supriyadi ora duwe urusan karo tentara kuwi. Andhahane Supriyadi cubriya tentara Jepang iku mung ethok-ethok mendem supaya bisa mlebu asrama PETA kanggo nitik swasana ing njerone.
Dening kanca rowange, Supriyadi diprayogakake sumingkir saka Blitar jalaran Jepang wiwit nyujanani tindak-tanduke. Nuhoni pratikele kanca-kancane, Supriyadi banjur ngilang. Ora ana sing ngerti menyang ngendi Supriyadi singidan. Nanging telung ndina candhake, tanggal 14 Pebruari 1945 wanci tengah wengi, Supriyadi mara maneh menyang asrama.”Supriyadi teka nganggo piyama lurik soklat-ijo lan sarungan abang tuwa wates dhengkul. Sarunge wis katon lusuh. Dheweke nyengkelit keris ing lempeng kiwa, dene tangane tengen nyekethem pistul jinis Vickers,” tuture Rosady ing artikele.
Miturut Rosady, tekane Supriyadi ing asrama sadurunge wanci subuh iku saprelu nemoni kanca-kancane sing sadurunge wis mupakat bakal brontak lan siap nanggung kabeh risikone. Mupakatan iku kober kendho sawise Supriyadi ngilang telung ndina. Tekane
Supriyadi kliwat tengah wengi kuwi mbangkitake maneh motivasi kanggo brontak. Mula Sujono (salah sijine komandhan regu) banjur mlebu gudhang mesiu. Pluru-pluru diwetokake, banjur didum-dumake marang pasukan PETA kanthi Warata.
Supriyadi ngedum pasukan pembrontak dadi telu, angkahe bakal digerakake tumuju Malang, Kediri lan Mediun. Pasukan kang tumuju Malang diprentah ngrebut stasiun radhio amrih bisa siaran ajak-ajak batalyon liyane melu brontak. Jam 03.30 pembrontakan diwiwiti. Montir-montir ditembakake saka asrama menyang tangsine Jepang. Jepang murina banget. Wong-wong “cebol kepalang” iku ora mung ngerigake serdhadhu pepak senjata, nanging uga ngetokake tank lapis waja.
Campuhing prang wanci subuh iku banget ngedab-edabi. Nggunakake tank, tentara Jepang sing dipandhegani Kolonel Kohara lan Katagiri nggempur pasukan pembrontak tanpa mandheg. Supriyadi sarowang kedheseg mundur menyang sanjabaning kutha Blitar. Sok ngonowa trajange Supriyadi ora bisa sinangga entheng. Jepang kerepotan. Maneka cara digunakake kanggo nyirep pembrontakan iku.
Penulis buku Ratnawati Anhar jroning Supriadi (1985) ngandharake, Jepang ngerti banget pangaribawane Mbah Kasan Bendho marang Supriyadi. Cekake mung Mbah Kasan Bendho sing disuyudi Supriyadi. Mula kanthi mirunggan Kolonel Kohara banjur kongkonan andhahane supaya nemoni Mbah Kasan Bendho. Kasan Bendho dijaluk mbujuk Supriyadi sakanca amrih gelem nyerah. Mbah Kasan Bendho saguh minangkani panjaluke Jepang waton Supriyadi lan pasukane ora dipatrapi ukuman, disiksa lan dipateni sawise manungkul. Jepang kandha ora kabotan menehi pangapura.
Atas pambujuke Mbah Kasan Bendho, wekasane Supriyadi lan pasukan pembrontak PETA gelem pasrah bongkokan. Nanging Jepang nyulayani janji. Pentholan-pentholane pembrontak, kaya dene Muradi, Sunanto, Suparjono, Sudarno, Halir, dr. Ismangil lan Amin dipatrapi pidana pati. Dene liya-liyane dikunjara lan disiksa kanthi kejem.
Ewasemono Supriyadi ora kalebu ing antarane pasukan PETA sing nyerah. Supriyadi ilang misterius. Dheweke ora muncul maneh sabubare pembrontakan kuwi. Nasibe ora kasumurupan. Kepara nalika Presidhen Sukarno ngangkat Supriyadi minangka Menteri Keamanan Rakyat tanggal 2 September 1945, dheweke uga ora ngaton. Pamilihe Presiden Sukarno marang Supriyadi kanggo ngisi jabatan penting Menteri Keamanan Rakyat kepetung luarbiasa. Awit upama wonge ana, nalika kuwi umure Supriyadi lagi 22 taun.
“Menteri Keamanan Rakyat Supriyadi ora teka menyang Jakarta lan ora menehi wangsulan sing gumathok gelem orane diangkat minangka menteri. Mula tanggal 20 Oktober 1945 Bung Karno ngangkat Sulyadikusumo minangka Menteri Keamanan Rakyat ad interim (sementara) sadurunge menteri sing asli ditemokake,” ujare sejarawan Bibit Suprapto ing buku Perkembangan Kabinet dan Pemerintahan Indonesia.
Saka sawatara alumni Seinen Dojo Tangerang, Supriyadi kalebu Misteri Supriyadi saka kaca 7 sing ora ngrasakake kamukten sawise Indonesia mardika. Zulkifli Lubis kajunjung minangka Ketua Badan Intelijen RI sing sepisanan, Daan Mogot kaangkat dadi komandhan Tentara Keamanan Rakyat (TKR), Umar Wirahadikusuma tembene dadi wakil presidhen ngembani Pak Harto, dene Kemal Idris njabat Panglima Kostrad ing era Orde Baru.
“Ing prastawa tragis pembrontakan PETA iku aku kelingan mitraku, Supriyadi. Dheweke ilang lan ora diweruhi nasibe. Aku ngira dheweke wis dipateni dening (militer) Jepang,” kandhane Kemal Idris ing buku autobigrofine.
***
Panulis: KSW