Myanmar lan Sudan: Serangan Militer, Korban Atusan

Karusakan Omah

Punjul saka 100 warga Myanmar nemahi pati, lan liyane nandhang tatu-tatu, awit serangan udara militer, Selasa (11/4). Kedaden iku ngepasi warga padha nglumpuk ing sacelake desa Pazigyi, Sagaing.
Pamarentahan Myanmar tekan saiki dicekel militer, sawise ngudheta Aung San Suu Kyi Februari 2021. Ananging ora sethithtik warga sing tetep ora gelem ngakoni pamarentahan kasebut. Klompok oposisi kasebut diincer terus dening junta militer.

Klebu nalika dina iku esuk jam 08.00 atusan warga nglumpuk ing tlatah kang adohe 110 kilometer saklore Mandalay. Angkahe, nekani pembukaan kantor lokal gerakan oposisi negara. Ngepasi acara kawiwitan, ana jet tempur nembakake bom. Banjur setengah jam sawise, helikopter kekiter lan nembaki papan kang padha.

Wiwitane dilapurake gunggunge korban 50 warga. Sawise evakuasi, kacathet nganti satus punjul. Udakara 30-an korban wanita lan bocah. Pamarentah militer matesi kabar lan pelapuran, mula ora kinawruhan gunggunge korban kang paling gres. Semono uga juru wicara junta militer, Mayor Jenderal Zaw Min Tun, ora gage aweh tanggepan nalika ditakoni bab gunggunge korban. Dheweke malah nuding yen pasukan anti pemerintah ing wewengkon iki nindakake kampanye teror kekerasan.

Serangan udara iki cinathet kang paling akeh korbane. Sadurunge iki, Maret kepungkur serangan udara junta militer niwasake warga wolu klebu bocah. Dene Oktober taun wingi, serangan saemper korbane nganti 50. Adoh saka Myanmar, regejegan dening milite uga dumadi ing Sudan. Padha-padha perang saudara, adu tembakan dumadi antarane tentara karo paramiliter e pimpinan jenderal.

Telung dina suwene, korbane 180 kang nemahi pati. Dene sing nandhang tatu-tatu, nganti 180 gunggunge. Kang dadi punjering perkara, beda panemu anta-rane militer lan paramiliter (RSF). Yaiku magepokan karo reformasi bab keamanan, uga nggambloke RSF ing militer minangka bageyan proses
pulitik.

RSF ndhaku wis nguwasani istana kepresidenan, kompleks tentara, bandara Khartoum, uga stasiun televisi lokal. Uga kutha Merowe, Er Fasher, lan West Darfur. Ananging, militer nyelaki sakabehe. Kepala militer Sudan, Jenderal Abdel Fattah Al-Burhan, mrayogakake warga ora lelungan, amrih nyuda risiko keamanan. Al-Burhan uga nandhesake yen RSF kudu nyerah. Militer, imbuhe, ora bakal gelem rembugan yen pasukan RSF ora mundur. Kosokbalene, pemimpin RSF, Mohamed Hamdan Dagalo, or karep leren, lan ngundamana Al-Burhan minangka penjahat lan tukang ngapusi.

Penulis

Lie

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 10