Awal 1938 Soeratin mbatalake gentlemen’s agreement karo NIVU jalaran masalah prinsip. Soeratin kepengin tim bal-balan kang dikirim menyang Piala Dunia Prancis nggunakake jeneng Tim Nasional Indonesia PSSI. Nanging pamarentah Hindia Belanda ngotot nganggo jenenng Nedherlands Indishe Voetbal Unie (NIVU).
Yen kalawarti iki wis tekan astane pamaos, mbokmenawa turnamen Piala Dunia 2026 kang digelar ana Amerika Serikat, Kanada lan Meksiko wis mlebu babak perempat final utawa malah wis semifinal. Ndeleng animone penonton, bal-balan mujudake olaharaga paling populer sa-ngalam donya. Buktine ing saben tetandhingan penontone ajeg mbludag, kursi stadhion kebak. Mangka tikete ora murah, kabare sing kelas VIP regane nggayuh atusan yuta.

Durung maneh ongkos transportasi lan akomodhasine suporter kang teka saka negara-negara adoh sankan, kaya dene Afrika, Australia lan Asia. Nyatane senadyan adoha dikaya ngapa, suporter ora eman cucul wragad gedhe betheke amrih bisa nonton tim nasional negarane main jrone Piala Dunia. Bab kuwi nuduhake menawa bal-balan wis mbalung sungsum ing atine para sutresna.
Yen tim sing disengkuyung kalah, ora sethithik sing mbrebes mili utawa malah nangis karo bengok-bengok. Kosok baline, yen tim kesayangane menang, anggone ngrayakake sok nganti keladuk. Upamane konvoi kendharaan sing ngganggu lalu litas, ndem-ndeman, kepara ing negara-negara sing bebas, suportere nganti nindakake pesta seks.
Ing ngendi-endi panggonan, bal-balan kuwawa mbangkitake histeria massa. Sing kalah apadene sing menang bisa padha-padha nylomot pecahe kerusuhan. Upama klompok suporter sing tim-e kalah njur ngamuk, mbokmenawa isih bisa dimaklumi. Jer kutahe rasa cuwa mono adhakane dibarengi karo ngrusak. Nanging senajan tim sing disengkuyung kasil dadi juwara, nyatane uga bisa nuwuhake kerusuhan.
Tuladhane pesta juara dening masyarakat Argentina taun 2022 ing kutha Buenos Aires nuwuhake bentrok karo pulisi. Mobil-mobil dibakar, toko-toko disawati. Ontran-ontran uga pecah ing kutha Paris, Prancis nalika suportere klub Paris Saint Germain kang ngrayakake pesta juwara Liga Champion 2026 ujug-ujug pecah dadi kerusuhan massal.
Dinulu saka sejarahe, olahraga bal-balan jebul wis ana bebarengan karo peradabaning manungsa. Taun 2500 Sadurunge Masehi (SM) ing Tiongkok ana olahraga kang diarani Tsu Chu. Olahraga iki dikepyakake mligi ing wanci dina ambal warsane kaisar. Tetandhingan Tsu Chu dileksanani dening rong regu, kang saben saregu dumadi nganti wong cacah puluhan. Wong-wong kang kemruwel ing lapangan iku rebutan nyepak bal lan nglebokake menyang gawang.
Ing Jepang, antarane taun 300-600 Masehi ana olahraga saemper bal-balan kang dijenengi Kemari. Sauntara iku ing Prancis ana Choule kanggo ngarani olahraga rebutan bal nganggo sikil. Choule kerep digelar dina Minggu sarampunge kebaktian greja. Maine kasar merga pemain diolehi nindakake maneka cara supaya bisa nglebokake bal menyang gawang.
Ora nggumunake yen para pemain Choule padha ngawur tandange, merga kanggo ngrebut bal saka sikile mungsuh ditindakake nganggo cara-cara kotor, upamane nyikut, nepang, nggadhugake sirahe, ngampleng, lan malah ana sing nyokot barang. Senajan sarampunge Choule para pemaine padha cidhera, nanging ora ana sing kapok. Buktine penggemare Choule sansaya akeh.
Abad kaping 16 ana olahraga aran Calcio ing Italia. Bal-balan khas Italia mau kemasane wis luwih modhern. Ana aturan jelas sing njalari tetandhingan ora saderma ngendelake okol, nanging luwih ngutamakake fair play.
Taun 1840-1850 bal-balan sangsaya modhern sawise ing tanggal 26 Oktober 1853 Inggris ngedegake The Football Association (FA). Aturan main disusun luwih cetha lan tliti. Kejaba kanggo sarana olahraga, bal-balan Inggris uga dadi game sing keconggah narik penonton. Organisasi bal-balan modhel Inggris mau wusana ditiru dening negara-negara liyane.
Kepriye ing Indonesia?
Tabet bal-balan Hindia Belanda lagi ditemokake tanggal 28 September 1893 nalika kanggo sing sepisanan kabentuk pakumpulan ing kutha Batavia kanthi jeneng Bataviasche Cricket En Football Club Rood Wit. Rong taun bacute sawenehe siswa Hoogere Burgerschool (HBS) ngedegake klub bal-balan kang dijenengi Victoria.
Osa Kurniawan Ilham jroning bukune kang asesirah Indonesia Digagalkan Ikut Olimpiade London 1948 (2025) mratelakake, saploke Victoria madeg, organisasi-organisasi klub bal-balan ing dhaerah njedhul pating brubul pindha thukule jamur ing mangsa udan. Ing Surabaya upamane, madeg organisasi Soerabajasche Voetbal Bond, ing Bandung kabentuk Bandoeng Voetbal Bond en Omstreken, ing Semarang ana Semarang Voetbal Bond, lan ing Batavia/Jawa Barat madeg West-Java Voetbal Bond. Ngrembakane wektu, organisasi-organisasi kasebut mupakat nyawiji lan mbentuk organisasi federasi bal-balan tingkat nasional kanthi aran Nederlandsch Indische Voetbal Bond (NIVB) taun 1919.
Klompok-klompok keturunan etnis Tionghoa uga akeh kang kranjingan marang olahraga bal-balan. Ana kekuwatan bal-balan cacah papat duweke etnis Tionghoa sing manjila, yaiku Union Make Strenght (UMS) Batavia, Tionghoa Surabaya, Young Men’s Club (YMC) Bandung lan Union Semarang. Kuwi durung kepetung muncule klub-klub Tionghoa ing kutha cilik.
Ora nggumunake yen wektu semana akeh bibit-bibit pemain bal pinunjul kang lair saka klub-klub Tionghoa. Klub-klub mata sithip mau uga ambyur melu kompetisi bal-balan karo etnis Walanda/Eropa ing Indonesia. Meneri arep melu kompetisi tingkat nasional, klub-klub Tionghoa banjur ngedegake wadhah tunggal Chineese Voetbal Bond (CVB) tanggal 6 Januari 1924. Patang taun candhake klompok Tionghoa mbentuk organisasi federasi Hwa Nan Voetbal Bond (HNVB).
Ing taun-taun bacute ana sawatara kaum pribumi kang diolehi main ana NIVB. Kepara pemudha-pemudha kulit nyawo mateng mau maine luwih semangat tinimbang wong Landa. Wong-wong pribumi kang diimpun mikuwati klub-e Walanda mau umume saka buruh perusahaan-perusahaan Belanda, pegawai pamarentah, pelajar lan mahasiswa.
Gregete pemudha-pemudha bumiputra ing olahraga bal-balan kang gedhe njurung niyate tokoh-tokoh gerakan politik nggawekake klub mligi bibit-bibit lokal mau. Mula taun 1923 dr. Radjiman Wedyodiningrat lan Mr. Wongsonegoro banjur mbentuk Vorstenlandsche Voetbal Bond ing Solo. Disusul sabanjure madege klub Javasche Voetbal Bond 1927.
Madege klub-klub mligi bumiputra mau ora pati digatekake dening pamarentah Hindia Belanda sing lagi bikut nyirep pembrontakan Partai Komunis Indonesia (PKI) taun 1926. Pembrontakan “kaum kiwa” sing kober gawe repote pamarentah mau wekasan kasil dipunthes. Tokoh-tokohe dirangket banjur dibuwang menyang Boven Digoel, Papua.
Kraman kang dislomot PKI mau njalari pamarentah nikelake kawaspadan marang mobah mosike politik Indonesia. Pakumpulan-pakumpulan olahraga, klebu organisasi bal-balan sing disujanani nduweni “haluan kiri” dipencerengi saben dina. Walanda mawas ing njerone organisasi-organisasi bal-balan iku ana wong-wong radhikal kang perlu diawasi tindak-tanduke.
Nanging sawise Kongres Pemuda II 28 Oktober 1928 kang nglairake Sumpah Pemuda, muncul perserikatan-perserikatan bal-balan utawa karan kanthi sebutan bonden. Nganti 1930 wis madeg pitung bonden, yaiku Voetbalbond Indonesische Jakarta (VIJ), Bandoengsche Indonesische Voetbalbond (BIVB), Indonesische Voetbalbond Magelang (IVMB), Madioensche Voetbalbond (MVB), Soerabajasche Indonesische Voetbalbond (SIVB), Vorstenlandsche Voetbalbond (VVB) lan Persatuan Sepak Bola Mataram (PSM).

Suthik Kompromi
Kanggo ngraketake sesambungane perserikatan-perserikatan bal-balan mau, sasi Maret 1930 PSM mlopori digelare “pertandingan amal.” Suprandene niyat becik iku tinampa sinis dening NIVB. Organisasi bal-balan kang anggotane mligi golongane wong-wong keturunan Eropa mau ora ngolehi klub-klub sangisoring payung organisasine ngeloni tetandhingan amal kang diprakarsani inlander. Satemah event kang maune diyakini bisa regeng iku akhire sepi penonton, sebab PSM mung bisa nekakake klub-klub bal-balan duweke militer wae.
Sikepe NIVB sing nyepelekake PSM njalari atine tokoh-tokoh aktivis gerakan kamardikan lara. Sabanjure tokoh-tokoh mau nglumpuk ana Gedhung Handiprojo Solo 19 April 1930. Ing musyawarah mau kabeh tokoh mupakat mbentuk organisasi Persatuan Sepakraga Seluruh Indonesia (PSSI). Soeratin Sosrosoegondo kapilih minangka Ketua Umum PSSI kang sepisanan.
Ing buku mawa irah-irahan Soeratin Sosrosoegondo, Menentang Penjajahan Belanda dengan Sepak Bola Kebangsaan, disebutake menawa amrih bisa konsentrasi ngurusi organisasi anyar mau, Soeratin rila ninggalake penggaweyane ing perusahaan konstruksi bangunan duweke Walanda. Mangka gaji sing ditampa Soeratin klebu gedhe.
Sok ngonowa tudingan menawa PSSI organisasi politis ora bisa diendhani. Merga kejaba laire sinurung lara ati atas sikepe NIVB, tokoh-tokoh sing mbidhani babare organisasi bal-balan tingkat nasional iku mujudake para aktivis organisasi politik kang ora kendhat tansah nuntut Indonesia mardika. Madege PSSI sangsaya politis awit ana terusane karo Sumpah Pemuda 1928.
Nanging Soeratin ora perduli karo tudingan-tudingan mau. Jrone buku Politik dan Sepak Bola di Jawa 1920-1942, Srie Agustina Palupi nuturake menawa PSSI organisasi otonom kang ora gumantung marang NIVB. PSSI mung konsentrasi ngurusi klub-klub bal duweke warga bumiputra lan wegah ngganggu NIVB.
Limang taun bacute, jrone Kongres PSSI 1935 ing Semarang, Soeratin sesorah ngenani wigatine Indonesia melu gerakan Olimpiade. Dheweke njurung cabang-cabang olahraga liyane ngedegake organisasi kanggo nyawegakake ngleksanani gagasan gedhe iku. Ya ing Kongres PSSI sepisanan iku idhe Indonesia melu Olimpiade diucapake.
Sesambungane PSSI-NIVB (sabanjure diowahi jenenge dadi Nedherlands Indishe Voetbal Unie utawa NIVU) kober raket 15 Januari 1937. Ing tanggal kuwi NIVU lan PSSI nandhatangani gentlemen’s agreement saperlu bebarengan golek pemain-pemain bal kang duwe bakat pinunjul kanggo disiyapake ngadhepi turnamen Piala Dunia Prancis 1938.
Ewasemono awal 1938 Soeratin mbatalake gentlemen’s agreement mau jalaran masalah prinsip. Soeratin kepengin tim bal-balan kang dikirim menyang Piala Dunia Prancis nggunakake jeneng Tim Nasional Indonesia PSSI. Nanging pamarentah Hindia Belanda ngotot nganggo jeneng Nedherlands Indishe Voetbal Unie (NIVU). Soeratin wekasane murungake gegandhengan klawan NIVU merga federasi bal-balan donya, FIFA, luwih ngakoni NIVU tinimbang PSSI.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo


