
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


“Selamat ya Ndhuk, muga sukses terus, sekolahe saya dhuwur tambah sukses,” ngono ucape bu Dinakaro ngesun pipine anake, sawise nampa piagam penghargaan minangka siswa Berprestasi I ing SD-ne.
Kuwi nalikane bu Dina nekani acara pelepasan siswa SD Airlang ga, papane anake sekolah. Lina, ya anake bu Dina iku mesem mongkog. Piagam penghargaane dikekep kenceng ing dhadane. Ya sapa sing ora seneng nek sukses? Sasen-sasen anggone nggethu sinau, ing pungkasane taun ajaran klakon dadi siswa berprestasi.
Ing Facebook, kita uga kerep nyipati postingan-postingan bocah mondhong thropy lan bebana sakwise sukses ing sawijining lomba. Fotone bocah-bocah sing juwara kasebut padha mesem sumringah.
Conto loro kasebut, nuduhake kasuksesan ing sawijining ngranggeh gegayuhan. Embuh, “gegayuhan” nalika sekolah, embuh gegayuhan nalikane melu lomba lan isih akeh maneh.
Umume, yen lagi ngupadi utawa usaha ngranggeh sawijining karep alias gegayuhan, sing mesthi disiapake karep supaya sukses. Ananging apa iya dalan kanggo ngrang geh gegayuhan utawa karep iku mesthi kenceng, alus, ora ana pepalang?
Pancen ana ukara-ukara ngemu semangat, upamane nek kepingin sukses ya kudu usaha. Nanging nyatane ya ora mayar ngono. Ing masyarakat ana wae conto kaanan sing bisa mutungake semangat. Upamane ben bisa lulus mlebu perguruan tinggi direwangi sinau esuk nganti wengi, melu bimbingan tes. Bareng pengumu man tes jenenge ora katut. Lho nek ngene sapa sing luput? Kamangka nalika sekolah mesthi juwara.
Nek wis gagal banjur akeh sing nglokro. Wegah sinau maneh. Malah malah ana sing nekad nglalu.
Dr. Nalini, sawijining psikolog kang cukup kondhang paring sesorah yen si bocah utawa remaja kejaba digulawenthah amrih siyap sukses, uga perlu diwuruko amrih gedhe atine nalika gagal.
Ganeya? Urip ing ndonya ili ora mayar. Ora kabeh kaanan kaya sing dikarepake. Ora kabeh kekarepan bisa kasembadan.
Mulane, kejaba siyap sukses ya kudu siyap yen ta nganti gagal. Bocah kudu latihan kuciwa, ajar ngrasakake gela yen kekarepane ora maujud. Yen bocah ora tau ngrasakake gela utawa kuciwa, ing tembe yen nemoni kaanan sing cengkah karo kekarepane, bisa broken heart alias nglokro.
Yen bocah kerep juwara nggam-bar, coba dielokake lomba kasebut ing tataran kang luwih anteb. Upa mane nek sadurunge kerep juwara nggambar tingkat kecamatan coba dielokake ing lomba nggambar tingkat kota. Yen bocahe sukses dadi juwara ya bonus. Dene yen ora, ye dimen ngrasake dhisik gelane. Wongtuwane ya aja nyre ngeni. Sing wicaksana, tetep aweh panjurung lan pangerten yen akeh kancane sing uga pinter nggambar lan luwih pengalaman.
Banjur, upama wong tuwa wis tau janji manis nyang bocah, sok-sok ya perlu ora sakala diwujudake. Upamane, sawentara wektu kepungkur tau janji yen bocah klakon klebu lima besar ing kelase nalika unggah-unggahan, bocah bakal dijak nglencer nyang njaban kutha. Coba diodhot dhisik wujude rekreasi kasebut, nalika bocah temen-temen klebu lima besar ing kelase
Pawadane bisa werna-werna, nanging sing klebu nalar. Upamane, “Celengane Ibu durung cukup Ndhuk. Merga mentas dijupuk kanggo nyukupi butuh (bisa diterangake). Dikanthekna sik ya. Mengko nek wis cukup mesthi klakon nglencer.”
Si bocah mesthi wae gela, ananging ora apa-apa. Kareben bocah ngrasakake dhisik. Kejaba saka iku ya kanggo srana amrih bocah bisa aweh kawigaten lan berduli marang kaanan padinan.
Yen bocah wis tau ngrasakake gela utawa kuciwa jalaran kekarepane ora mesthi kasembadan utawa kasil, sawijining wektu nalika duwe gegayuhan utawa kekarepan sing dheweke ora bisa sukses sanalika, dheweke bisa nggedhekake atine dhewe. Tetep njaga semangate. Lan bisa luwih prigel nata lan nyiapake dhirine lan batine.
***
Panulis: Ekapti L.A.