
Ngluru Sisa-sisa Tlacake Daendels ing Surabaya
Share your love

Minangka dhaerah sing klebu mapan ana pesisir lor Pulo Jawa, Surabaya uga kliwatan dalan Daendels. Sejarawan Surabaya, Kuncarsono Prasetyo, mratelakake dalan Daendels Surabaya gathuk saka Gresik, Kalianak, Greges, Jembatan Merah banjur kasambung mangidul saurut tepine Kalimas.
Gubernur Jendral Hindia Belanda, Herman Willem Daendels, marisake infrastruktur dalan gedhe 1.228 Km adohe saka Anyer (Banten) – Panarukan (Situbondo, Jawa Wetan). Proyek pambangunan dalan kanthi meres kringet, getih lan luhe wong-wong pribumi iku seprene isih dadi urat nadi lalu lintas kendharaan ing pesisir lor Pulo Jawa, nadyan umure wis 200 taun.
Sekawit dalan gedhe iku diarani Jalan Raya Pos utawa De Grote Postweg. Nanging merga dibangun ing era panguwasane Daendels 1808-1811, dalan kasebut luwih dikenal kanthi sebutan dalan Daendels.
Daendels dikirim menyang Indonesia dening Raja Walanda, Louis Napoleon (adhine Kaisar Prancis Napoleon Bonaparte). Dheweke ndharat ana pesisir Anyer 5 Januari 1808. Daendels antuk sesanggeman saka Louis Napoleon amrih ngukuhi Hindia Belanda saka pangrebute Inggris sing kala semana wis kasil mblengket India. Pangaribawane Inggris ing Hindia Belanda saya krasa sawise pasukan sing dipandhegani Laksamana Muda Sir Edward Pellew ngejegi perairan saelore Pulo Jawa. Inggris mblokadhe jalur kapal saelore Jawa.
Luis Napoleon butuh wong kuwat kanggo mepalangani pangaribawane Inggris. Pilihan kuwi tiba marang Daendels. Ora suwe sawise resmi njabat pimpinan paling dhuwur ing Hindia Belanda, Daendels grengseng mbangun infrastruktur, utamane arupa dalan. Daendels ora sranta awit nalika kuwi dalan-dalan utama racake isih ciyut tur rumpil. Saka Anyer menyang kutha Batavia wae butuh wektu tempuh 4 dina. Yen mangsa udan dalane saya rekasa kanggo diliwati. Wondene saka Bandung tumuju Semarang, paling cepet butuh wektu 10 dina.
Daendels butuh dalan sing gedhe tur mulus. Ora mung saderma kanggo liwate kendharaan, nanging uga kanggo nyengkuyung kegiyatan ekonomi. Asil bumi saka pedhalaman Pulo Jawa diusungi liwat dalan kasebut banjur dikirim menyang Walanda. Daendels uga maedahake dalan gedha kuwi kanggo sacepete kirim pasukan samangsa-mangsa ana operasi militer ing dhaerah-dhaerah plosok.
Minangka dhaerah sing klebu mapan ana pesisir lor Pulo Jawa, Surabaya uga kliwatan dalan Daendels. Sejarawan Surabaya, Kuncarsono Prasetyo, mratelakake dalan Daendels Surabaya gathuk saka Gresik, Kalianak, Greges, Jembatan Merah banjur kasambung mangidul saurut tepine Kalimas. Ing Jembatan Merah, proyek dalan Daendels ngliwati sangarepe Kantor Gezaghebber Java’s Van Den Oosthoek utawa Kantor Karesidenan Surabaya.
Dalan Kuna Dinoyo

Rutene dalan kasebut, miturut Kuncarsono, nyakup Gemblongan, Tunjungan, Kaliasin, Keputran, Grudo, Ketampon, Dinoyo, Darmorejo, lan Panjunan (saiki Terminal Joyoboyo), nuli tumuju kenceng Sidoarjo. Sadurunge rute anyar iku dibukak dening Daendels, biyene rute kuna Gresik-Surabaya-Sidoarjo liwat dalan Tandes lan Benowo sing kahanane isih alas gung.
Dibukake dalan Daendels, kandhane Kuncar, njalari Surabaya, mligine sing kliwatan proyek salan kasebut, saya reja. Ekonomi gumregah. Akhire masyarakat padha ngalih liwat dalan Daendels kang luwih mulus tur amba, ninggalake jalur-jalur lawas sing rawan kriMinalitas.
Nanging manut Kuncarsono, saka rute anyar sing dibukak Daendels nyigar Surabaya mau, dalan Dinoyo wis ana suwe kawit sadurunge kena proyek Jalan Raya Pos nadyan kahanan sakiwa tengene isih kebak ri bebondhotan. Dudutan iku sawise ditemokake pesareyane Mbah Cagak Joyo Prawiro Dinoyo kang umure luwih tuwa tinimbang Daendels.
Kuncarsono pratela nganti seprene keturunane Mbah Cagak Joyo isih akeh sing mapan ing Dinoyo. Saka crita turun tumurun iku disumurupi menawa Mbah Cagak Joyo klebu salah sijine anggota pasukan inti Kraton Majapahit. Kuncarsono nduga Mbah Cagak Joyo sugeng taun 1400-an ing jamane Sunan Ampel. “Dalan Dinoyo iki siji-sijine jalur kuna Surabaya sing ketrajang proyek pambangunan dalan dening Daendels. Peta Surabaya taun 1717 lan 1825 nuduhake perbandhingan sadurunge lan sawise ana proyek Daendels kasebut” tuture Kuncarsono marang Panjebar Semangat, Rebo (1/3/2023).
Nanging dhestun sawise dalan iku rampung dijembarake Daendels, William Thorn, sawehene perwira Inggris apangkat mayor, teka menyang Surabaya sawise ngasorake Walanda taun 1811. Dheweke ngedegake barak militer ing Dinoyo, 4 mil saka punjering kutha Surabaya. Thorn milih enggon ana sapinggire Kalimas. Pamilihe lokasi Thorn jebul luput. Jalaran uger mangsa udan teka, kawasan kono ajeg kebanjiran.
Infrastruktur Bangunan

Koordinator Begandring Surabaya Nanang Purwono, nambahake Daendels ora mung nggrengsengake proyek dalan, nanging uga ngedegake Markas-markas militer. Jumbuh karo tugas sing diemban saka Ratu Walanda, Daendels ngudi saya mikuwati militer Hindia Belanda kanggo ngawekani serangane Inggris lan timbule pembrontakan.
Salah sijine barak prajurit sing pambangunane digagas ing erane Daendels yakuwi Tangsi Militer Djotangan (sakiki markas Polres-tabes Surabaya). Lokasine mapan ana sanjabane tembok sisih kidul. Manut Nanang, nalika semana kompleks pomahan elit Walanda lan punjering paprentahan Hindia Belanda ing Surabaya kinupeng tembok kandel. Tujuwane minangka beteng pertahanan yen sawayah-wayah ana serangan saka Pulo Medura. Ewadene sisa-sisane tembok beteng mau saiki wis ora tinemu.
Emane, kandhane Nanang, ora ana arsip sejarah kapan taun pambangunane Tangsi Militer Djotangan. Nanang mung entuk sumber lesan menawa gedhong kuwi didegake taun 1829. Engga seprene kahanane gedhong isih rosa. Sarta uga wis cetha kerumat awit digunakake dadi markas Polrestabes Surabaya.
Wiwit 2018, gedhong mau dipepaki mriyem lawas sakembaran gaweyan Artileri Constructie Winkle (ACW). Pabrik mriyem iki, kandhane Na-
nang, uga dibangun Daendels. Prodhuksine ora mung arupa mriyem, nanging uga sawernaning senjata api kaya dene pistul lan bedhil. Sawise Indonesia mardika, ACW ditutup. Lahane dialih fungsi dadi kantore PT Telkom.
Nanging sisa-sisane prodhuksi senjata dina kawuri isih sok ditemokake ana lingkungan lahan kasebut. Salah sijine tinemune sawatara pucuk mriyem kependhem lemah sawatara taun kepungkur. Nalika ditemokake, mriyem-mriyem iku jrone kahanan teyengen lan kropos. Sawise diresiki, loro ing antarane dienggo rerengan markas Polrestabes.
Nanang nuturake, satemene Daendels uga ngedegake markas-markas militer pendukung ana sakiwa tengene Tangsi Djotangan. Saiki sebageyan markas militer mau wis dibongkar, dene sebageyan liyane digunakake kanggo bisnis. “Kafe ing sabrange Polrestabes kuwi biyene pos militer,” ujare Nanang.
Pambangunane Pakunjaran Kalisosok, kandhane Nanang, klebu sing digagas Daendels. Penjara sing tau kanggo ngukum para tokoh pejuwang kamardikan iku didegake sanjabaning tembok kutha sisih elor. Pakunjaran Kalisosok nggusur Taman VOC minangka ruwang tinarbuka kanggo ameng-ameng kulwarga elit Walanda.
***
Panulis : KSW















