Otonan Pengetan Dina lair sing Kagelar Nem Sasi Pisan

Otonan kang sepisanan nalika bayi umur 210 dina.

Laire ponang jabang bayi wis salumrahe nuwuhake rasa bungah ing kulawarga. Wongtuwane, uga sekabate bebarengan ngupakara amrih bayi kasebut tumangkar kanthi becik, nir ing sambekala. Kejaba bab nyukupi butuhe pangan lan sandhang, salah sijine uga kanthi nindakake tradhisi adat. Kaya ta otonan, tradhisine suku Bali. Otonan kagelar ing dina laire yajamana (si anak) manut itungan wuku. Yaiku, petung sapta wara (dina) lan panca wara (pasaran). Otonan sepisanan ditindakake nalika bayi umur 210 dina. Rerangken acarine minangka tandha rasa syukur awit kanugrahan putra utawa putri kasebut. Adate ya ing kalodhangan iki regeng tenan.

Kabeh sanak kadang nglumpuk melu bungah, lan aweh donga pangestu. Sabanjure, slametan iki kagelar setaun pindho, nganti salawase urip. Mula, sanadyan anak wis gedhe ya tetep digawekake otonan. Ananging pancen ora sarwa regeng kaya nalika sepisanan. Samubarange prasaja wae, sauger kelakon urut-urutane ritual.

Ancase kang utama saka tradhisi otonan yaiku minangka srana reresik saka karma ing urip sadurunge. Ing pangajap, bisa nerusake laku uripe kanthi ati suci lan pikiran padhang, tundhone dadi luwih sampurna. Otonan, ana sing nyebut bayuh oton, dipimpin dening pandhita utawa sesepuh adat. Dene urut-urutane ritual yaiku: 1. Pandhita nindakake pamujan, nyuwun sineksenan Hyang Widhi 2. Bebarengan nindakake pamujan marang Siwa Raditya (Suryastawa) 3. Bebarengan asung kurmat marang sesepuh lan leluhur 4. Yajamana alias bayi sing diupacarani dicukur rambute 5. Pamujan bebarengan lan dibacutake umbul donga

Jejangkep upakarane diselarasake karo dina lair lan pasarane yajamana. Ananging kang utama lan kudu ana yaiku banten pejati. Awit iku mujudake simbol manungsa. Kejaba saka iku, ana banten kang arane peras pengambean lan tumpeng lima. Ing ritual otonan, pandhita uga aweh ular-ular, lan pewacakan. Yaiku ramalan sifate bocah adhedhasar dina laire, manut wuku lan uga wewaran. Adate, saka ular-ular iki, wongtuwane si bayi bisa nitik, bab apa wae kang becik, uga kang kudu disirik dening

Penulis: Lie

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 10