Palang Pintu Betawi

Lair, rabi, lan pati, dadi kawigatene suku Betawi. Bab iku katitik saka maneka ritual adat kang digelar ing saben prastawa kasebut. Contone, tradhisi kangaran tradhisi palang pintu.

Adu parikan ing tradhisi Palang Pintu Betawi.

Selaras karo tembunge, palang ateges piranti kanggo ngalangi, dene pintu tegese lawang. Mula ritual palang pintu wujude saemper ngalang-alangi pawongan nalika arep mlebu. Tradhisi iki kagelar ing rerangkene adicara ningkahan. Yaiku nalika calon manten lanang, kang jejuluk “tuan raja mude” tekan papan dununge calon manten putri. Rombongan ora mung teka ngono wae, ananging uga nggawa ubarampe. Ana maneka nyamikan, sandhangan sapengadeg, lan ora kena lali roti buaya. Yaiku roti tenanan kang digawe saemper baya.

Sanadyan gawane sakrenteng, ananging ora langsung tinampa ngono wae. Lawang omahe calon manten putri dijaga dening jawara, kang kudu dikalahake dhisik kareben calon manten lanang antuk palilah ngrabi calon manten putri.

Anggone ngupaya nyirnakake pepalange lawang ya ora banjur karo prang tandhing tenanan. Ananging mragakake silat wae, minangka tandha adu kadigdayan. Sabanjure, iki kang tenanan, yaiku adu parikan. Kejaba wakil kulawarga manten lanang, warga kang melu teka ing papan kono uga kena melu adu parikan. Yen wis “lulus” lelorone “tes” kasebut, calon manten lanang diirid mlebu kanthi iringan shalawat. Sabanjure, ijab bisa kagelar. Tradhisi palang pintu ing Betawi wis ginelar turun temurun. Saora-orane, kang
kacathet, wiwit jamane Si Pitung sing kasil dhaup karo Aisyah, putri kinasihe jawara Kemayoran, Murtadho. Ritual iki isih kagelar tekan saiki.

Kejaba minangka tandha njaluk palilah saka wongtuwane, adu silat uga dadi lambang yen sawise ningkah, manten lanang bakale njaga lan ngayomi kulawargane. Dene adu parikan minangka simbol pangajap, amrih manten lanang mbesuke ngupaya swasana tentrem ing kulawarga. Yaiku kanthi srana tansah rembugan yen ngadhepi perkara, sarta nglelipur lan nuwuhake rasa bungah. Tradhisi palang pintu uga mujudake adicara kanthi ancas ngraketake lelorone kulawarga lan sekabat, uga warga antar kampung.

Jalaran amrih bisa kagelar, bakale ndhapuk para sedulur, nembung marang sesepuh, uga ngepyakake marang tangga teparo. Saiki, warga Betawi ngupaya nguri-uri palang pintu minangka warisan seni lan budaya. Mula, ora mung ngenteni yen arep ana kulawarga nduwe gawe mantu wae. Ananging uga digelar ing sakehing adicara resmi. Kayata nalika mapag tamu agung, utawa ngresmekake kantor.

Penulis

Lie

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 10