Pare

Pare: Wani Paite, Mlorod Gulane

(foto saka Medcom.id)
Farida Lanawati minangka dosen pembimbing, Felicia lan Adytya nuduhake asil olahan pare antidiabetes.

Sapa sing ora wanuh karo pare, sawijining woh tetanduran sing rasane pait nyethak ing ilat. Yen dirunut, pare mujudake perangan jinis waluh utawa Cucurbitaceae, sing ditangkarake dadi bahan kanggo mangsakan. Jinise uga wernawerna, kaya pare putih, pare ijo, pare ayam. Ana maneh pare welut utawa pare ula, sing blas ora pait.

Pare ayam, sing paite pol, mujudake pare sing paling gedhe khasiate kanggo ngusadani diabetes utawa kerep karan kencing manis. Bab iku jalaran anane kandhutan zat aktif karntin sing dhuwur.

Felicia Tjokroaminjaya lan Adytya Dewanti saka Fakultas Farmasi Universitas Katolik Widya Mandala Surabaya (UKWMS) kasil nggawe olahan pare ayam lan mbuktekake khasiate minangka antidiabetes. Yaiku kanthi digawe jus utawa dijur nganti alus nanging ora mbuwang ampase. Yen ajeg ngunjuk jus pare kasebut, kadhar gula ing getih bisa mudhun mbaka sethithik. Saengga, bisa ngelongi konsumsi obat diabetes kanggone sing wis nandhang penyakit kasebut.

“Ngunjuk jus pare ya ora banjur leren pet olehe ngombe obat dhokter. Obat-obatan sing wis diresepake ya kudu tetep diombe. Dene jus parene diselarasake karo kadhar gula dharahe,” jlentrehe Farida Lanawati Darsono minangka dhosen pembimbinge Felicia lan Adytya. Kejaba saka iku, Farida ngesake amrih saben panandhang diabetes tetep konsultasi dhisik marang dhokter sing wis nangani, uga kontrol sacara ajeg.

Kepriye carane nggawe jus pare iki?

Pranyata gampang wae. Wiwitane, piliha pare ayam sing umurane 15-20 dina (wernane ijo, kulite pating brenjul meh saemper kulite pitik). Ukuran dawane kira-kira saepek-epeke tangan uwong diwasa. Kudu milih sing ijo, aja sing semburat kuning, apamaneh sing wijine wis rada abang. Pare dikumbah resik banjur disigar, diilangi perangan tengahe sing werna putih, banjur dikethoki cilik-cilik. Sawise iku diblender nganti alus, lan enggal diunjuk ngono wae.

Kanggone piyayi sing kadhar gula ing getihe dhuwur, umume sedina kena ngombe jus saka separo woh pare. Nanging yen ora patiya dhuwur, ya separate wae. Dene sing kepengin kanggo pencegahan wae, bisa nggawe seprapat wae lan olehe ngombe ora saben dina.

“Jus pare kena diunjuk bebarengan ngonsumsi obat. Prayogane jus pare diinum dhisik sadurunge ngombe obat. Lan aja keladuk, sedina sepisan wae,” kandhane Adytya. Sing uga ora kena lena, yaiku ngecek kadhar gula dharah sawise ajeg ngombe jus pare. Yen wis mudhun, olehe ngombe jus pare uga bisa dilongi.

Saka asile panaliten, Felicia lan Adytya mbuktekake yen konsumsi jus pare bisa ngundhakake kerjane obat diabetes saka dhokter. Semono uga, bisa dadi srana pencegahan munggahe gula dharah. “Pare klebu gampang golek-golekane, ing sadhengah pasar ana,” ujare Felicia sing ngajap asile panaliten iki bisa migunani tumrah ngakeh.

(foto saka jatimnow.com)
Adytya lan Felicia mraktikake carane nggawe jus pare.

***

Panulis: nn

Bagikan artikel ini
Niken Dwi Saputri
Niken Dwi Saputri
Articles: 10