Kahanan gawat merga dalan-dalan diblokadhe serdhadhu Landa, ketambahan swasana nggekeng akibat pradondi antarane tentara Divisi Siliwangi lumawan Divisi Panembahan Senopati, ora nyilikake atine Presiden Sukarno nggelar Pekan Olahaga Nasional (PON) ing Solo, 9 September 1948.

PON Solo kena diarani kajatan gedhe sepisan ing babagan olahraga sawise Indonesia mardika. Nadyan kinepung geger saka keblat papat, ewadene grengsenge warga Surakarta cacah ewon nonton pambukaning pesta olahraga gedhen-gedhenan mau ana Stadhion Sriwedari ora surut.
Seremonial pembukaan PON mau dirawuhi tamu-tamu penting, antara liya Menteri Pertahanan Sri Sultan Hamengkubuwono IX, Panglima Besar Jenderal Sudirman, sarta wakil Komisi Tiga Negara (KTN), komisi kang dibentuk Dewan Keamanan Perserikatan Bangsa-Bangsa kanggo nengahi konflik bersenjata Indonesia-Walanda. Anggota KTN sing ngestreni pembukaan PON I mau yakuwi Merle Cochran (makili Amerika Serikat), Thomas Critchley (Australia), lan Paul van Zeeland (Belgia). Kejaba kuwi uga karawuhan Konsul Jendral Inggris Shepherd, sarta Konsul Jendral India Raghavan didherekake wakile, Mohammad Yunus.
Kapirid saka artikel tirto.id asesirah PON Pertama di Tengah Kecamuk Perang Kemerdekaan (2018), digelare PON I dening Bung Karno ngandhut pesen politik kuwat. Presiden kepengin nuduhake marang Walanda lan warga donya menawa saploke 17 Agustus 1945 Indonesia mujudake negara berdaulat. Jrone sesorahe kang makantar-kantar, Sukarno kanthi gamblang nyebut-nyebut prekara iku.
“Sepisan, ngucap syukur marang Allah Subhanahuwata’ala awit PON bisa kaleksanan ing satengahe alam sing bebas mardika. Uga rasa bombong kang gedhe dene para pahlawan saka daerah-daerah pendudukan padha teka saperlu melu kegiyatan iki. Pemuda-pemudi sing teka menyang Solo iki ora mung kanggo olahraga wae, nanging uga nuduhake semangat kamardikan kang mangalat-alat,” ngendikane Sukarno kaya kang dikutip koran Merdeka edhisi 10 September 1948.
Sawise Bung Karno mungkasi pidhatone, PON dibukak kanthi swara jeblugan mriyem kaping 13, dibacutake defile kontingen saka daerah-daerah. Penonton sing ngebaki Stadhion Sriwedari uga disuguhi atraksi pencak silat massal siswa sekolah dhasar. Mataun-taun candhake tanggal digelare PON sepisanan iku katetepake minangka Hari Olah Raga Nasional (Haornas).
Dwi Suprandari ing artikel kanthi irah-irahan Mengenang Pekan Olahraga Nasional Pertama di Solo sing dipacak Kompas tanggal 8 September 1983 nyebutake, PON sepisanan mau dieloni dening 13 kontingen daerah laladan Pulo Jawa, yaiku Yogyakarta, Surakarta, Surabaya, Malang, Kediri, Madiun, Semarang, Pati, Kedu, Magelang, Banyumas, Bandung lan Jakarta. Blokadhe sing ditindakake Walanda njalari kontingen saka luwar Jawa ora bisa ngirimake atlet. Wondene cabang olahraga sing ditandhingake nyakup atletik, bola keranjang (korfball), bulutangkis, tenis, renang, panahan, bal-balan, basket lan anggar.
PON I Surakarta satemene digelar minangka wujud ‘protes’ ditulake Indonesia melu Olimpiade London 1948. Persatuan Olahraga Republik Indonesia (PORI) sing dibentuk Januari 1946 wis mbudidaya amrih Indonesia bisa partisipasi jroning pesta akbar olahraga bangsa-bangsa sadonya mau. Minangka wujud keseriusan, PORI mbentuk Komite Olimpiade Republik Indonesia (KORI) sing diketuwani Sri Sultan Hamengkubuwono IX.
Ewadene merga PORI durung kedhaptar dadi anggota Olympic Committee (IOC), sarta Indonesia durung kalebu anggota PBB, negara sing lagi umur telung taun iki durung diolehi melu Olimpiade. Sejatine IOC wis njupuk dalan tengah. Senadyan durung menehi idin melu Olimpiade, Indonesia tetep diundang minangka peninjau (obsever).
PORI lan KORI maune banjur matah Sri Sultan Hamengkubuwono IX, Letkol Azis Saleh (wakil ketua bagian atletik PORI) lan Mayor Maladi (wakil ketua bagian sepak bola), budhal menyang London. Nanging dhelegasi Indonesia wurung mangkat merga dikudokake nganggo paspor Belanda. Merga yen netepi syarat mau, ateges padha karo isih ngakoni Landa njajah Indonesia.

(foto-foto repro)
***
Pamilihe Surakarta kadidene tuan rumah PON 1948 satemene mutawatiri keamanan awit kutha kasebut dadi basis kekuwatane maneka laskar bersenjata kang beda-beda haluan politik. Terkadhang pecah pasulayan antarane laskar siji lan sijine mung krana masalah sepele, saengga njalari timbule kurban tiwas sing sabenere ora perlu. Apa maneh markas rong kekuwatan militer sing cukup peng-pengan wektu kuwi, Divisi Panembangan Senopati lan Divisi Siliwangi, uga mapan ana Solo.
Rong ndina sadurunge PON dibukak upamane, swasana kutha Solo wis panas kasebab anane kedadeyan sawatara perwira Divisi IV Panembahan Senopati ilang diculik. Penculike dinuga saka satuan Divisi Siliwangi. Divisi Siliwangi kang kepeksa hijrah saka Jawa Kulon menyang Solo jalaran mituhu asile Prajanjen Renville kang mrail-mrail wilayah Indonesia, ora bisa rukun karo Divisi Panembahan Senopati sing luwih dhisik mapan ana Surakarta.
Swasaba wimbuh nggekeng jalaran komandhan Divisi Panembahan Senopati Letkol Soeadi ngancam Divisi Siliwangi magepokan karo ilange anggota. “Paling kasep tanggal 13 September wong-wong sing ilang mau kudu wis dibebasake. Yen ora, serangan bakal diwiwiti,” ujare Soeadi kaya kang katulis Harry A. Poeze ing buku asesirah Madiun 1948: PKI Bergerak.
Wates ultimatum sengaja ditetepake Soeadi sawise PON rampung kanggo njaga swasana panggah kondusif. Sok ngonowa kahanan kutha Solo sing lagi goreh kuwi ora nyurutake persiapan PON I. Sukarno tetep mundhut PON dileksanani jumbuh karo rancangan. Presiden nugasi Divisi Siliwangi ngreksa keamanan sasuwene PON lumaku.
“Komandan militer kutha, Achmadi, ngecek siap siaganing pasukane ana kesatriyan-kesatriyan. Dheweke uga nglarang kabeh penonton PON nggawa gegaman. Ewadene pengawasan sing ditindakake Divisi Siliwangi longgar,” tulise Poeze.
Nglumpuke satuan-satuan militer sarta laskar-laskar sipil bersenjata ing kutha Solo njalari Divisi Siliwangi kerepotan nyeleksi penonton mbaka siji. Ora sethithik ing antarane laskar sipil sarta pasukan militer iku sing ora ngrewes karo larangane Achmadi. Kabukten sawatara tentara mlebu stadhion karo ngliga bedhil tholang-tholang.
Padmosumastro, atlet lompat tinggi ing PON mau, mratelakake manawa ana anggota satuan Tentara Pelajar sing ujug-ujug ngeculake rentetan tembakan menyang gegana tanpa kinawruhan apa sebabe. “Ana uga tentara asal Jawa Timur sing mbedhil seng payon tribun utama stadhion nganti tembus mung gara-gara krungu kabar sing durung cetha saka penonton menawa Walanda nyerbu Malang kidul,” ujare Padmosumastro kaya sing dikutip Kompas edhisi 9 September 1983.
Kedadeyan tentara-tentara pelajar sing lepas kendhali mau njalari penonton PON panik. Nganti Jendral Sudirman dhewe tumandang nyarehake atine tentara bocah sing gugup ora karuwan sebabe kuwi. Nadyan kober keganggu dening insiden-insiden ing njero stadhion mau, parandene PON tetep mlaku. “Sasuwene PON, ing tengah kutha nganti pinggiran kutha ora keprungu bledhosan senjata,” kandhane Poeze.
Cundhuk karo jadwal sing ditemtokake, tanggal 12 September 1948 PON I dipungkasi kanthi Surakarta minangka juara umum. Kontingen tuan rumah nyabet medhali emas ing cabang sepak bola, bulutangkis, renang, panahan lan pencak silat. Juara kapindho Yogyakarta dene juara katelu Kediri. Sacara umum PON I lumaku sukses nadyan kober timbul insiden-insiden cilik ana njero stadhion. Sasuwene PON, gesekan-gesekan antarane satuan militer lan laskar sipil bersanjata kanggo sauntara sirep. Penonton sing totale dikira-kira 40.000 racake bungah bisa nyekseni pesta olahraga nasional sepisanan ing negarane dhewe. Para penonton ora mung teka saka Solo wae, nanging uga saka daerah-daerah sakiwa tengene.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo


