Prabowo Bombong 1.061 KDKMP Mawujud ing Wektu 7 Sasi
Presiden Prabowo Subianto bombong dene salah siji program prioritase, Koperasi Desa/Kelurahan Merah Putih (KDKMP) gunggung 1.061 ing wilayah Jawa Timur lan Jawa Tengah, wis bisa mawujud jrone wektu pitung sasi. Miturut panjenengane, pembangunan fisike gedhung-gedhung koperasi lagi diwiwiti Nopember 2025. “Jrone wektu pitung sasi 1.061 Kopdes Merah Putih bisa dioperasionalake,” ngendikane Presiden nalika ngresmekake 1.061 Koperasi Desa/Kelurahan Merah Putih ing Kabupaten Nganjuk, Jawa Timur, Setu, 16 Mei 2026.

Prabowo nuturake, KDKMP kang operasional iku wis jangkep samubarange. Merga ing kono wis dipepaki karo gudhang, sistem, barang, petugas, sarta alat angkut logistik kang arupa kendharaan rodha loro, motor rodha telu, pikep, lan trek. Mungguhe Presiden Prabowo operasionale 1.061 koperasi iku kalebu tunggak sejarah penting jrone upaya mawujudake ekonomi desa kang mandhiri.
Presiden ngandharake 1.061 Kopdes Merah Putih sing diresmekake mau lagi langkah wiwitan. Sawise kuwi puluhan ewu kopdes bakal sumusul operasional. Prabowo antuk lapurane Menteri Koperasi menawa wis ana 30 ewu KDKMP maneh kang siyap operasional sasi Agustus 2026 iki. Tumrap Prabowo, tambahan 30 ewu kopdes kang bakal bukak Agustus iku mujudake prestasi kang ngedab-edabi.
“Upama sing bisa operasional lagi 20 ewu, kuwi wis dakanggep hebat. Apa maneh iki ngangti 30 ewu. Dakkira ora ana negara liya sing prestasine kaya Indonesia,” ujare Prabowo.
Presiden optimistis KDKMP bisa mrantasi prekara-prekara klasik sing diadhepi petani, wiwit saka permodhalan, rabuk, sarta penyaluran asil panen menyang pasar-pasar. Miturut Prabowo, masalah utama sing dialami petani wiwit biyen nganti saiki satemene mung telu kuwi, yaiku modhal prodhuksi, cumawise rabuk lan ngedol asil panenan. “Akeh asil panen sing rusak lan bosok merga ora enggal disalurake,” kandhane Prabowo.
Prabowo ora maido yen seprana-seprene petani sok rekasa nggawa asil panene menyang pasar jalaran ing sawatara dhaerah dalan kanggo tumuju pusat ekonomi desa isih rumpil, mligine ing dhaerah pedhalaman. Temahan komodhitas sing ditandur kanthi meres tenaga lan pikiran iku muspra. Mula kanthi cumawise armadha angkut, Prabowo ngajab problem dhistribusi mau bisa entuk pamecahan.
Prabowo nambahake Kopdes Merah Putih uga bakal ngleksanani maneka kegiyatan sing sumrambahe kanggo karaharjane warga. Antara liya dodolan sembako lan barang subsidi, penyaluran gas lan rabuk subsidi, layanan kredhit murah, layanan logistik kanthi nggandheng PT Pos Indonesia, nyalurake bantuan pamarentah, lan nyerep gabah asil panen. Ora mung kuwi wae, kopdes uga bakal dilengkapi apotek murah amrih masyarakat kang lagi nandhang lara kuwat tuku obat.
Menteri Koperasi Ferry Juliantono kandha kanthi operasionale 1.061 KDKMP ing wilayah Jawa Timur lan Jawa Tengah ateges wis siyap nampung prodhuk-prodhuke masyarakat desa/kelurahan, wiwit saka pertanian, perkebunan, perikanan, kerajinan nganti prodhuk kuliner. Ferry ngajab KDKMP bisa mbukak dalan kanggo prodhuk-prodhuk kasebut payu dole ing pasaran.
Miturut Ferry nganti tengahe taun 2026 iki wis ana 9.200 gedhung KDKMP kang rampung dibangun. Nanging durung kabeh samapta kanggo miwiti bukak merga isih kudu mepaki sawernaning fasilitas kang standhar. Sok ngonoa dheweke yakin satahap mbaka satahap KDKMP sing operasional sangsaya akeh.
Ferry ora nyelaki menawa masalah winatese lahan kerep dadi pepalang mungguhe desa/kelurahan kanggo mbangun gedhung koperasi kang dijaluk pamarentah, yaiku 1.000 meter pesagi. Dheweke lagi nenimbang gedhung sungsun kanggo ngawekani lahan kang ora cukup jembar. “Nadyan Presiden paring target Agustus mengko ana 20.000-30.000 maneh KDKMP sing operasional, nanging aku mbudidaya amrih bisa luwih akeh saka kuwi,” kandhane Ferry.
(Antara)



