
Presiden Prabowo Mandhegani Nyirep Karhutla
Share your love
Tanpa nutupi irung lan tutuke nganggo masker, Presiden Prabowo Subianto ngrangseg menyang puser kebakaran hutan dan lahan (karhutla) Desa Limbung, Pontianak, Kabupaten Kubu Raya, Kalimantan Barat, Setu, 22 Agustus 2026. Presiden kepengin mirsani piyambak apa upaya nyirep karhutlan wis ditindakake aparate kanthi tumemen.
Presiden mecaki lahan-lahan suwung sing kalimputan asep kandel. Prabowo kober paring arahan marang petugas sing ‘wani mati’ tumandang gawe mbudidaya mateni kobare geni. Ora lali Prabowo paring semangat marang para petugas mau amrih tumandang kanthi cepet kareben genine ora sangsaya nglereg adoh.
Sedina bacute, Presiden Prabowo mabur menyang Riau lan Sumatera Barat kang sebageyan wilayahe uga ngalami karhula. Ndharat aneng Pangkalan Udara Roesmin Nurjadin Pekanbaru, Riau, Prabowo mandhegani rapat klawan para menteri, Panglima TNI, kepala staf angkatan, lan Kapolri.
Presiden mundhut pihak-pihak sing njalari timbule kobongan alas sarta lahan ing Riau diusut. Ora perduli korporasi (perusahaan gedhe) yen kabukten luput kudu dipatrapi pidana. Kapolda Riau Irjen Herry Haryawan caos lapuran marang presiden menawa durung suwe iki pulisi mikut wong lima saka satengahe alas. Wong-wong iku disujanani bakal nindakake kadurjanan ngobong tanduran. Yen digunggung, kandhane Herry, wiwit Januari nganti Agustus 2026, Polda Riau wis netepake wong 35 minangka tersangka ngobong lahan.
Rampung paring arahan ing Pekanbaru, Presiden Prabowo mbacutake mabur menyang Palembang, Sumatera Selatan. Ing kono Prabowo uga mirengake lapurane Kapolda Riau Irjen Sandi Nugroho gegayutan karo penyebab timbule karhutla. Sandi matur ana tandha-tandha kuwat menawa kobonge alas mau disebabake dening pakartine warga sing mbukak lahan tetaten kanthi cara ngobong taneman. Cara mau digunakake merga dianggep murah lan ora perlu babad-babad grumbulan sing mbutuhake wektu, tenaga lan ragad.
Kejaba kuwi, kandhane Sandi, ana petani tebu sing sengaja ngobong tandurane sadurunge ditebang. Jalaran manut kapercayane petani mau, tebu tuwa sing diobong, rasane sangsaya legi lan rendemen-e uga sangsaya akeh. Yen diedol, regane luwih larang. Prabowo dhawuh marang petugas amrih menehi pangerten marang masyarakat lokal lamun bukak lahan kanthi cara diobong mujudake pakarti sing dilarang.
Pulo Kalimantan lan Sumatra bebasan dikepung geni sing disebabake dening karhutla akhir Agustus 2026 iki. Ing Borneo karhutla nemahi wilayah Kalimantan Barat lan Kalimantan Selatan. Wondene ing Sumatra, kobongan ngrambah ana wilayah Riau, Sumatera Selatan, Jambi lan Lampung. Asep karhutla sing ginawa angin mesat nganti wewengkon Malaysia. Musibah sing sejatine wis dadi rutinitas taunan tumrap Indonesia iku taun iki dianggep luwih gedhe ing taun iki awit mbarengi karo ketiga ngerak El Nino.

Tela Bombing
Presiden paring dhawuh supaya petugas nduweni kreativitas jroning nyirep geni karhutla. Kejaba sing wis umum nggunakake pesawat bom banyu (water bombing), nyemprotake banyu saka tengki, lan nggunakake piranti tradhisional gepyok, Prabowo mundhut amrih dibagun embung-embung lan kalen-kalen tambahan ing lahan gambut prodhuktif. Saengga sejene dadi tampungan banyu, embung-embung mau uga kena kanggo ngingu iwak. Miturut Prabowo ngebor banyu saka njero lahan gambut ora sepiraa rekasa.
Presiden uga mundhut amrih cara nyirep geni nggunakake pathi tela disinaoni. Pathi tela kanggo mateni geni mau sepisanan diusulake dening Kapolri Jendral Listyo Sigit Prabowo. Miturut Sigit pathi tela kabukten bisa mbendung ngrembete geni ing tahap awal. Saengga kanthi “dicegat” glepung tela, ngambra warane geni bisa dierim.
Presiden Prabowo kepranan karo usulane Kapolri. Panjenengane nuli dhawuh marang Badan Riset dan Inonvasi Nasional (BRIN) amrih nliti usulan kasebut. Yen nyata-nyata pathi tela bisa kanggo mbendung urube geni, Prabowo paring dhawuh supaya sacepete diprodhuksi kanthi skala gedhe. Saengga mengkone kejaba water bombing uga ana tela bombing.
Kanggo mikuwati tenaga, Presiden Prabowo bakal ngerigake perwira TNI lan Polri cacah sewu saka tingkat pusat menyang daerah-daerah sing alase ngalami kobongan hebat. Miturut presiden para perwira pusat perlu disebar kanggo mikuwati upaya panyirepan karhutla amrih musibah nasional mau melu dirasakake dening kabeh warga Indonesia.
Saliyane mbiyantu pemerintah daerah, ngendikane Presiden Prabowo, para perwira TNI lan Polri sing disebar iku uga antuk ayahan menehi sosialisasi lan edukasi marang masyarakat lokal ngenani bebayane mbukak lahan kanthi cara diobong. Merga ing mangsa ketiga dawa sing panas lan garing kemlingking, pletike gening terus njalari mubal mangalat-alat.
Mligi alas-alas gung sing angel diparani tim pemadam, Prabowo dhawuh marang Panglima TNI supaya ngerigake Tim Alfa TNI kanggo nrobos menyang pusering karhutla. Tim Alfa mau dipepaki piranti motor tril sing kena kanggo nggawa banyu.
Karhutla ora mung njalari kapitunan prekara rusake lingkungan alas, nanging uga nuwuhake lelara seseg kasebab dening asep sing kaya-kaya nekak gulu. Mula Prabowo nemenake amrih upaya nyirep karhutla ditandangi serius lan sacepete. Endi daerah sing kekurangan piranti, Prabowo prentah marang menteri lan aparat kawogan supaya enggal-enggal ngirim menyang lokasi.
Nanging tumrap pelaku sing sengaja ngobong alas kanthi tujuwan golek untunge dhewe, Prabowo dhawuh supaya wong-wong sing patrape kaya mengkono mau terus wae diproses ukum. “Alas iku sumber panguripan. Yen alase kobong, kabeh rakyat nampa akibate, lelara seseg merga hawa reged, lan sapanunggalane,” ngendikane Prabowo.
Presiden Prabowo optimistic kasus karhutla iki bisa dirampungi kanthi becik. Merga yen ndulu kedadeyan sing uwis-uwis, ing taun-taun sadurunge karhutla malah tau luwih gedhe lan mbebayani. Nyatane brekat kasamaptane kabeh petugas lan aparat, kobare geni keconggah dipateni. “Yen ndeleng kasus-kasus karhutla sing ndhisik-ndhisik, aku optimis karhutla taun iki bisa cepet dirampungi,” tuture presiden.
(ANTARA)















