Sapa Eyang Udan Agung iku?

Batu takikan kang cacahe atusan kala semana ilang

Bumi Karanganyar mapan ing antarane Kraton Surakarta lan Gunung Lawu. Sasat kabeh pawongan ngerti menawa Gunung Lawu ngandhut maewu ewu cerita kang magepokan kalawan Krajan Majapait.

Pranyata, cerita cerita iku uga semebar tumeka ing karang padesan kang adoh seka Gunung Lawu. Kaya kang tinemu ing Dhusun Dadagan, Kelurahan Pulosari, Kecamatan Kebakkramat, Kabupaten Karanganyar.

Ing dhusun iki tinemu sareyan tuwa kang cukup wigati, uga nyimpen maneka warna wewadi. Suratman minangka juru kunci mratelakake, makam iki pancen ora sebaene, lan ora kena disepelekake. Makam ing tengah desa kang ambane kurang luwih 3000 meter pesagi iku dipepundhi minangka cikal bakal dhusun ing kene. Semare ing kene kanthi asma Eyang Udan Agung. Sapa satemene Eyang Udan Agung iku?

Miturut Suratman, Eyang Udan Agung iku piyayi seka Krajan Majapait kang ngumbara mangulon nganti tekan tlatah sak wetane Kali Progo, ya Ngayogyakarta ing jaman saiki. Sawetara suwe mapan ing tlatah Ngayogyakarta banjur keprungu menawa para sanak kadang Majapait padha mapan ana ing sakupenge Gunung Lawu, mula banjur bali mangetan tumuju Gunung Lawu.
Tekan Dhusun Dadagan iki banjur leren.

Ndeleng lemah kang subur, lan Gunung Lawu katon cetha seka kene, dheweke krasan, banjur netepake ati kanggo babat alas, mbangun desa. Awit keprigelane anggone olah tetanen lan bebedhag, desa cilik iku banjur dadi desa kang rame, asil tetanene uga turah turah dadakan. Mula, dhusun iki keceluk Dhusun Dadakan.

Jenenge manungsa minangka makhluk, yuswa saya suwe tambah tuwa, garising pepesthi ora bisa diselaki. Piyambake

kapundhut Gusti. Nalika disarekake ing Dina Jemuwah, ndilalah Kersaning Allah, udan barat ora leren. Udan gedhe lan angin lesus mubeng mubeng kadya nguntabake. Kanggo tetenger anak putu, para warga banjur menehi pikormatan kanti asma Eyang Udan Agung.

Cerita bab Eyang Udan Agung minangka piyayi seka Majapait iku kayane memper lan klebu nalar menawa dijumbuhake klawan temuan temuan artefak ing makam iki.

Artefak kang tinemu ora ming siji utawa loro, nanging atusan. Kabeh iku asale seka ngisor lemah makam. Ana kang wujude watu pesagi, relief, kemuncak, stupa lan bata takikan.

“Saben bedhah bumi utawa ngedhuk lemah mesthi nemu watu candhi Mas…” ujare Suratman. Sing paling akeh ilang yaiku bata. Dene kang isih ana ing makam tekan saiki yaiku yoni, watu relief, dorphel lan bata bata kang didadekake tetenger kijing. Barang barang iku yen nitik seka wujude, dinuga mujudake runtuhan bangunan candhi.

Praduga iku lumrah amarga kabeh temuan iki nuduhake perangan perangan bangunan candhi, lan kabeh tinemu ana ing makam iki. Penere ana iki sak kiwa tengene pojok lor kulon komplek makam. Kala semana, kurang luwih taun 1990an, para warga menawa mrangguli watu candhi nalika bedhah bumi mung diklumpukake, amarga ora ana kang mangerteni sejatine barang kuwi. Kanggone wong kang ngerti, kahanan iku malah dadi kesempatan. Barang barang padha dijupuk, malah bata bata iku dijupuk nganggo truk

Jaman milenial kang sarwa digital saiki, pranyata duweni mupangat kang ngedab- edabi. Seka media social kang viral, Dinas Kabudayan Karangnyar cancut tali wanda gumbregah tandang gawe ngadani panaliten lan pengamanan.

Miturut Dinas Kebudayaan Kabupaten Karanganyar, dinuga bangunan candhi kang runtuh ing makam iki mujudake peninggalan jaman Kerajaan Kediri. Saiki, artefak artefak kang dirasa wigati lan duweni nilai sejarah kang dhuwur, kasimpen ana ing kantor dinas.

Watu relief ing watu dagangan

Dene ing makam isih ana yoni 2, watu relief, dorphel lan bata kang wis katon ana dhuwur lemah.
Kanggo jaga lan nglestarekake, makam iki banjur katetepake minangka Situs Cagar Budaya Pulosari dening Dinas Kebudayaan Kabupaten Karanganyar, mawa plang resmi.
Temuan temuan jaman kerajaan iku nambahi grengseng lan marem kanggo para pejiyarah lan para pelaku
spiritual. Saben malem Jemuwah lan Selasa, ing cungkup sareyan Eyang Udan Agung ora leren dijiyarahi
pawongan.

Para pejiyarah iku teka seka kutha kutha jaban Karanganyar, kepara malah ana kang seka Jawa Timur. Racake para pejiyarah akeh akehe mujudake pawongan kang nekuni ing babagan dedagangan lan pakaryan. Isih miturut Suratman, rikala semana cungkup nisan Eyang Udan Agung iku prasaja banget. Seka kayu lan tatanan pring. Ora nyana ora duga, dumadakan teka sawijining pawongan biasa.

Dudu piyayi apamaneh priyagung. Pawongan iku ngaku asring jiyarah. Rumangsa dongane kasembadan, lan kasinungan rejeki kang gangsar dheweke mbangun cungkup mau dadi gedhong magrong magrong
minangka wujud rasa syukure.Kanthi mangkono dadi betahe kang padha jiyarah.

“Injih Mas…. Naming tiyang biasa ingkang nyambut damel wonten pabrik…” ujare Suratman
nutup ceritane.
Makam Dadagan pancen sugih cerita sejarah lan spiritual kang pantes dipepetri.

Penulis

Dwi Ony Raharjo

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 10