
Jumuah, 11 Maret 1966, Presiden Sukarno mesthine mimpin rapat Kabinet Dwikora II Yang Disempurnakan ing Istana Negara, Jakarta. Nanging wiwit esuk dalan tumuju Istana Negara wis dibuntu dening demonstrasi mahasiswa ewon cacahe. Mahasiswa ora sarujuk Sukarno ngajak rapat sawatara menteri sing disujanani kembet karo Gerakan 30 September (Gestapu).
Wakil Perdana Menteri (Waperdam) I Soebandrio jrone buku asesirah Soebandrio: Kesaksianku tentang G30S mratelakake, demonstrasi mahasiswa iku ora madeg dhewe, nanging didombani pasukan liar ing samburine. Diarani pasukan liar awit klompok mau nganggo sragam dhoreng tentara, ngliga bedhil, nanging tanpa atribut kesatuan.
Pasukan umbaran iku ngarahake mahasiswa menyang dalan utama sing diliwati mobile menteri. Yen ana menteri liwat, mobile langsung dicegat. Bane digembosi. “Istana dikepung. Pasukan tanpa tandha pengenal iku adhep-adhepan karo Tjakrabirawa,” kandhane Soebandrio.
Historia jrone artikel asesirah Situasi Mencekam Sebelum Supersemar mratelakake, nadyan swasana ing njaba nggekeng, nanging rapat kabinet wekasan bisa digelar. Sebab sawatara menteri pancen wis diinepake ana guest house Istana kawit sedina sadurunge. Antara liya Menteri Urusan Listrik Setiadi, Menteri Perburuhan Sutomo, Menteri Perhubungan Armunanto lan Menteri Dalam Negeri ngrangkep Gubernur Jakarta, Mayjen Soemarno Sastroatmodjo.
Waperdam III Chairul Saleh budhal saka omah dhinese. Dheweke njaluk dikancani A.M. Hanafi, Duta Besar RI ing Kuba sing kebeneran lagi “mudhik.” Chaerul lan Hanafi kanca raket, padha dene tilas aktivis dhiskusi klompok pemuda Menteng 31 dhek taun 1945. “Aja kaget yen sawise sidang kabinet mengko kowe wis ora bisa bali menyang Kuba,” kandhane Chairul nalika lelorone mlebu mobil.
Tekan teras Istana, swasana tegang saya ketara. Hanafi sumurup Mayjen Moersjid (Wakil Menteri Pertahanan Keamanan) nguncalake esem. Lelorone tepung becik, awit nunggal pasukan nalika dumadi pertempuran Karawang-Bekasi 1946. Rehne wis akrab, sawise sesalaman, Hanafi iseng ngepuk-epuk wetenge Moersjid sing wis njendhil. “Aku krasa Moersjid nyengkelit pistul kaliber 38-special ana lempeng kiwa tengen,” kandhane Hanafi ing buku A.M. Hanafi Menggugat.
Hanafi bablas ngetutake Chairul sing nemoni Soemarno ing kamar guest house. Hanafi meruhi Soemarno lagi cecawis. Dheweke njupuk pistul ing ngisor bantale, banjur disengkelit. “Apa kabeh menteri dina iki pancen kudu nggawa senjata?” takone Hanafi gumun.
“Kowe ora ngerti sapa sing kokadhepi dina iki, Bung,” wangsulane Soemarno anteb.
Rapat sida dibukak dening Presiden Sukarno jam 10.00. Luwih saka 100 menteri rawuh. Kabeh panglima angkatan bersenjata uga hadir, kejaba Menteri Panglima Angkatan Darat Letjen Soeharto. Soeharto absen kanthi pawadan lagi ora penak awak.
Sejarawan Lambert Giebels nuturake, rapat dina kuwi sedyane bakal ngrembug prekara demonstrasi mahasiswa lan pelajar sing mundhak dina saya ngambra wara. Sukarno mundhut usulan solusi marang pembantune kanggo ngleremake gerakan mahasiswa lan pelajar mau.
Lagi 20 menit Sukarno sesorah, Komandan Tjakrabirawa Brigjen Saboer nyaket karo ngaturake kitir. Wosing pesen, pasukan tanpa atribut saya ngangseg menyang Istana. Sukarno panik. Sidang diskors. Palu pimpinan sidhang dipasrahake marang Waperdam II Johanes Leimena. Sukarno njawil Chairul Saleh diajak gegancangan nylametake dhiri menyang Istana Bogor.
Leimena ora ndedawa wektu enggal nutup sidang. Nalika ninggalake ruwangan, Leimena nyumurupi Menteri Urusan Veteran Mayjen Basuki Rachmat, Menteri Perdagangan Brigjen M. Jusuf, Panglima Kodam Djaja Amir Machmud lan Mayjen Moersjid lagi rembugan serius ana tlundhaganing Istana.
“Kejaba Moersjid, jendral tetelune sarujuk karo pangajake M. Jusuf sacepete nyusul Bung Karno menyang Bogor. Jusuf kepengin atur keterangan marang presiden menawa Angkatan Darat ora duwe niyat ninggalake Bung Karno,” kandhane Julius Pour jroning buku Gerakan 30 September: Pelaku, Pahlawan dan Petualang.
Sadurunge budhal menyang Bogor, jendral telu mau luwih dhisik mampir Menteng saperlu taren marang Letjen Soeharto. Jemuah bengi, Basuki, Jusuf lan Amir wis bali maneh menyang Jakarta karo nyangking dokumen penting: Surat Perintah 11 Maret (Supersemar). Lumantar dokumen mau banjur dumadi peralihan kekuasaan saka Sukarno menyang Soeharto. Sawise Soeharto jumeneng presiden, jendral tetelune antuk palungguhan dhuwur. Basuki Rahmat kaangkat minangka Mendagri (1966-1969), Amir Machmud gumanti Mendagri (1969-1982), lan M. Jusuf Panglima ABRI 1973-1978. Wondene Moersjid ora entuk palungguhan apa-apa. Kepara dheweke dikunjara wiwit 1969-1973 tanpa diadili. Ora kasumurupan apa dosa lan lupute Moersjid.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo



