Esuk kuwi, tengahe Juni 2026, petugas loro saka Dinas Kependudukan dan Catatan Sipil (Disdukcapil) Kabupaten Temanggung, Jawa Tengah, nlusuri dalan ciyut kang lerege tumuju menyang omah prasaja ing poncod desa. Petugas-petugas iku teka ora saderma kunjungan rutin, nanging mesthekake menawa warga “rentan” kang sasuwene iki angel digayuh layanan admistrasi kependudukan, tetep oleh hak-hake minangka warga negara.


Petugas loro iku mujudake bageyan saka Tim Gerakan Melayani Penduduk Rentan Administrasi Kependudukan (Gempita). Gempita mujudake program layanan jemput bola kanggo mbiyantu warga lanjut usia, wong owah pikire, sarta kaum disabilitas nindakake perekaman Kartu Tanda Penduduk Elektronik (KTP elektronik).
Petugas Disdukcapil Temanggung loro mau, Wulan Slamet Susilo lan Kurniawan Dwi Septiarto, saben Senen lan Kemis rutin nekani omah-omahe warga ing Desa Gununggempol, Bejen, Danurejo lan Purbosari, kang wargane ora kuwat nekani kantor pelayanan jalaran winatese fisik sing disandhang.
“Perekaman KTP elektronik pancen kudu ketemu langsung karo petugase, sebab ana proses njupuk sidik jari lan pemindaian iris mripat. Mangka, sebageyan warga nduweni watesan fisik sing rekasa upama kudu teka menyang kantor layanan,” kandhane Wulan.


Ing wilayah-wilayah kang kapencil, Wulan sarta Kurniawan sok ngadhepi masalah jaringan internet kang ora stabil. Kanggo ngatasi lemot-e sinyal internet, wong loro kepeksa ngalih enggon golek lokasi kang stabil. Terkadhang uga njaluk tulung warga kang masang wifi kanggo mbiyantu tugas-tugas perekaman mau. Maklum, layanan kang ditindakake Gempita pancen mbutuhake sinyal internet kang lancar.
Miturut Wulan, dheweke nggunakake upaya khusus yen dhong nindakake perekaman KTP elektronik marang orang dengan gangguan jiwa (ODGJ). Jenenge wae wong kang jiwane keganggu, akeh-akehe ora ngerti marang karepe petugas sing mara saperlu nindakake perekaman data mau. Dibutuhake kesabaran lan ketlaten amrih ODGJ iku manut.
“Kadhang kala dakbujuk nganggo bab-bab sing disenengi, saengga akhire manut nindakake scan iris mripat, sijik jari lan foto praupan (wajah). Biyasane aku njaluk bantuane prangkat desa kanggo ngrimuk ODGJ mau amrih gelem dianakake perekaman data, lan prangkat desa iku ngampingi nganti sarampunge proses perekaman” tuture Wulan.
Terkadhang proses perekaman data marang ODGJ ngentekake wektu sak jam dhewe. Mangka normale proses kasebut mung butuh wektu telung menit. Sok ngonoa Wulan sarta Kurniawan ora ngresula. Kabeh tugas diayahi kanthi tumemen lan seneng. Apamaneh apa sing dilakoni mau ana gandhenge karo kapentingane masyarakat.
Senajan kala-kala ana pepalang ing lapangan, nanging Gempita terus mlaku. Wiwit dipraktikake tengahe taun 2024, wis ana 222 warga “rentan” kang dibiyantu nindakake perekaman KTP elektronik nganti akhir 2024. Jumlah mau tambah dadi 164 jiwa ing taun 2025. Lan awal 2026 kepungkur wis ana 60 warga kang dilayani nganggo sistem jemput bola.
Tumrap tim Gempita, layanan kasebut dudu saderma administrasi kependudukan, nanging mesthekake kabeh warga entuk layanan ora mbedak-mbedakake kaya ngapa kahanane.
“Kabeh warga Indonesia duwe hak oleh idhentitas kependudukan. Dinane iki kabeh layanan nggunakake dhasar Nomor Induk Kependudukan (NIK). Lan NIK mau lagi dinyatakake valid sawise dianakake perekaman KTP elektronik,” ujare. (Foto: ANTARA/Anis Efizudin)



