
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya bareng Perum Bulog Kantor Cabang Surabaya bali nyalurake bantuan beras saka pemerintah pusat. Sing saiki, ana 800 kanthong beras dibagekake marang Kelompok Penerima Manfaat (KPM) ing wilayah Kelurahan Kemayoran, Kecamatan Krembangan, Surabaya, Senen mentas iki (31/8/2026).

Ing kalodhangan kuwi, Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi bebarengan Pimpinan Cabang Bulog Surabaya, Nur Fuad Indra Mitra uga melu mriksa proses dundum beras ing Kantor Kelurahan Kemayoran. Wali Kota Eri kandha, jroning pembagian beras iki Pemkot uga melu ngajak nom-noman Karang Taruna kutha Surabaya.

“Karang Taruna ing kutha Surabaya iki sing gerak nalika ana pendataan mbantu, lan nalika ana penyaluran uga mbantu. Amarga aku ngajab, Gen Z lan Karang Taruna iki bisa dadi bagean saka pembangunan sing ana ing wilayahé dhewe-dhewe,” ujare Wali Kota Eri.

Wali Kota Surabaya sing akrab diundang Cak Eri Cahyadi iki uga ngalembana Karang Taruna sing melu mbantu nyalurake beras marang warga penerima manfaat. Anane Karang Taruna, bantuan beras saka pemerintah pusat iku cepet bisa disalurake.

“Alhamdulillah mau dundume tak athungi jempol banget, cepet banget amarga ana Karang Taruna. Mau uga ana meja khusus kanggo lansia lan penerima sing nggawa anak. Dadi ora perlu antri maneh lan langsung menyang panggonan sing wis disedhiyakake,” ujare Cak Eri.

Cak Eri ngandhakake, total bantuan beras sing disalurake ing wilayah Kelurahan Kemayoran ana 1.452 kanthong. Ana 800 kanthong beras disalurake dina iki, dene turahe bakal diwenehake marang KPM dina Selasa (1/9/2026).

“Insyaallah sesuk (rampung), dadi 1.452 iku dibagi dina iki 800, lan sisane sesuk. Supaya apa? Ora numpuk lan ora ana wong sing ngenteni suwe,” imbuhe.
Cak Eri ngajab, model dundum bantuan beras ing Kelurahan Kemayoran bisa dadi conto kanggo wilayah kelurahan liyane ing kutha Surabaya. Yaiku menehi panggonan khusus antrian kanggo lansia lan sing nggawa anak.

“Aku matur nuwun marang Karang Taruna, dadi mengko Karang Taruna iki dibagi. Yen jumlah penerimane luwih akeh, mula Karang Tarunane uga kudu luwih akeh ing kana. Amarga aku pengin nuduhake banget, iki lo nom-nomane kutha Surabaya, gerak bareng kanggo warga Surabaya,” pangajabe.

Sauntara kuwi, Pimpinan Cabang Bulog Surabaya, Nur Fuad Indra Mitra kandha, beras sing disalurake dina iki mujudake bantuan saka Badan Pangan Nasional (Bapanas) liwat Bulog. Tujuane, menehi bantuan iki yaiku kanggo njaga stabilitas pangan nasional.

“Kita nyalurake bantuan pangan iki kanggo kutha Surabaya, kita target rampung tanggal 15 September 2026. Bantuan pangan iki kanggo telung alokasi, yaiku Juli, Agustus, September,” kandhane Fuad.
Sajrone telung sasi iku, bacute Fuad, saben warga penerima manfaat nampa 10 kilogram beras. Dene jroning andume, Pemkot Surabaya bareng Bulog langsung menehi 3 kanthong sekaligus saben 10 kilogram. “Dadi iki masyarakat langsung nampa 30 kilogram,” jlentrehe.

Ing babagan liya, Ketua Karang Taruna Kota Surabaya, Febryan Kiswanto kandha, Karang Taruna dadi mitra Bulog minangka tim penyalur bantuan. Febryan nyebutake, yen Karang Taruna mbantu Pemkot Surabaya kanggo mesthekake bantuan sing diwenehake marang masyarakat bisa disalurake kanthi apik lan pas sasaran.
Dheweke nerangake, jejere Karang Taruna ing penyaluran iki yaiku nindakake kroscek ing lapangan kanggo pendataan. Nalika ana data sing ora cocog, mula bakal dadi cathetan kanggo dikandhakake marang Dinas Sosial (Dinsos) Kota Surabaya minangka bahan evaluasi. Tujuane, supaya data warga penerima manfaat saya akurat. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Surabaya