100 Taun Pramoedya Ananta Toer Paseksen saka Sasamaning Tapol Pulo Buru

Naskah mentah asesirah Bumi Manusia asli tulisan tangane Pramoedya Ananta Toer ing bungkus semen kuwi isih sumimpen rapi ana rak lemari kaca Perpustakaan Medayu Agung, Surabaya. Poncod ruwangan sing dipadhangi dhop lampu 10 watt iku kaya-kaya dipisungsungake mligi marang Pram dening pandarbene perpustakaan, Oei Hiem Hwie.

Naskah asli “Bumi Manusia” kang ditulis Pram ing kertas bungkus semen.

Merga sejene manuskrip ing kertas semen sing hurupe wis katon pudhar kuwi, ana uga sawatara buku sarta fotone Pram nalika dibuwang menyang Pulo Buru, Maluku. Lan Hwie (87 taun) ngreksa karya-karyane Pram kuwi tan prabeda njaga nyawane dhewe.

Oei Hiem Hwie (tengen) karo Pramoedya Ananta Toer (nomer loro saka tengen) ing paukuman Pulo Buru, Maluku 1976.

Mungguhe Hwie, Pram ora beda guru lan kakange dhewe. Dheweke ketemu sepisanan karo Pram ing  Nusakambangan akhir 1965. Nalika semana Hwie lagi wae dipindhah saka pakunjaran Lowokwaru, Malang, menyang pesetran sing kebawah Kabupaten Cilacap iku. Hwie kober disel ing Lowokwaru jalaran dadi simpatisane Bung Karno. Wondene Pram ditangkep ing Jakarta sawise geger 1 Oktober 1965.

“Ing Nusakambangan aku kenal Pram, nanging durung akrab. Aku ngerti panjenengane sastrawan pinunjul, awit ing taun 65 iku asmane wis kondhang,” tuture Hwie nalika ditemoni Panjebar Semangat ing Perpustakaan Medayu Agung sawatara wektu kepungkur.

Rong sasi Hwie ing Nusakambangan, kapal sing bakal ngangkut para tapol cacah atusan kuwi menyang Buru lagi teka. Ana ndhuwur kapal, Hwie ketemu Pram maneh merga lelorone dipapanake ana dhek ndhuwur. Miturut Hwie, panthane tapol sing ora kegolong “kelas berat” pancen didhewekake ing dhek ndhuwur. Ing kono Pram kandha marang Hwie menawa satemene dheweke lagi nulis buku. Nanging durung nganti rampung wis kaselak dicidhuk tentara.

Satekane ing Pulo Buru, Hwie lan Pram dipapanake ana Unit IV kang dijenengake Savanajaya. Bebarengan karo para tahanan ing unit kasebut, Pram melu mbangun barak sarta nenandur tela kanggo mangan saben dinane. Sasuwene tela mau durung bisa dierah asile, para tahanan diwenehi cadhong sega jagung sethithik dening petugas. Rehne tanpa lawuh, para tapol mau banjur lalap krokot sing akeh thukul ing Unit Savanajaya. Tapol Unit IV ora dipilara dening tentara. “Mung disentak-sentak, diitimidasi lan dipisuh-pisuhi. Ora nganti mara tangan,” ujare Hwie.

Meh saben bengi para tapol Unit IV nglumpuk ing barake Pramoedya saperlu ngrungokake apa sing diomongake sastrawan kasebut. Ujare Hwie, Pram wasis crita tur isine ajeg nengsemake. Saengga tapol-tapol iku betah nglumpuk nganti tengah wengi. Pram matah salah sijine tapol ngawat-ngawati kahanan. Yen mbeneri ana patroli liwat, Pram age-age mateni lampu banjur ethok-ethok turu njingkrung kemulan sarung. Sawise patroli lunga, Pram tangi maneh mbacutake anggone crita. “Terkadhang ana tapol sing keturon ing barake Pram nganti esuk,” tuture Hwie.

Nulis Buku

Sawijining awan, nedhenge ngaso nggarap tegal, Pram ngundang Hwie menyang barake. Marang mantan wartawan Trompet Masjarakat Biro Malang iku Pram mratelakake pepinginane nulis buku. Nanging Pram bingung jalaran ora ana kertas lan pulpen. Pram akon Hwie nggolekake kertas lan potlot. Hwie malih melu bingung. Ing panggonan sing adoh elor lan adoh kidul mau gek menyang ngendi anggone golek kertas?

Hwie akhire nemu akal. Dheweke banjur mara menyang lokasi “proyek” pangecoran umpak semen dening sawatara tapol kang diwenehi ayahan petugas mbangun omah. Hwie nembung njaluk zak semen kang wis ora kanggo. Merga tapol sing dijaluki kuwi wis tepung apik karo Hwie, dheweke ora kabotan menehi.  

Miturut Hwie umpak semen dadi material penting kanggo mondhasi omah. Petugas-petugas ing kono luwih milih nggunakake umpak semen kanggo mbangun fasilitas umum. “Lemah ing Pulo Buru iku umume gembur, cocog kanggo nenandur. Watu-watu ukuran gedhe langka tinemu,” kandhane Hwie.

Dening Hwie kertas wadhah semen iku banjur diresiki lan dikethok-kethok saukuran HVS. Nanging nadyan wis oleh kertas, Pram durung bisa miwiti nulis jer pulpene durung ana. Kebeneran kejaba nenandur, Pram uga ternak ayam alas, tur ya untunge ngepasi lagi ngendhog. “Ndhoge cilik-cilik, padha ndhoge gemak,” kandhane Hwie.

Pram kanthi sesidheman nitipake ndhoge ayam alas iku marang tapol sing diajak petugas menyang kutha saperlu blanja barang-barang kebutuhane tentara. Pram meling amrih ndhog ayam alas iku sabisa-bisa diijolake pulpen utawa potlot kanggo saranane nenulis. Iba senenge Pram bareng tapol sing dititipi iku bisa ngentukake potlot, ora ketang bekas.

Pram banjur nulis naskah buku saben wanci bengi. Nulise karo ndhelik-ndhelik. Sebab yen nganti konangan patroli, naskah iku mesthi dirampas. Sawise dadi, Pram menehi irah-irahan naskahe sing dumadi saka puluhan lembar kertas semen mau Bumi Manusia. Amrih naskah iku ora morat-marit, Pram banjur ngelet nganggo sagu. Murih keletane saya rapet, Pram nindhihi nalika mapan turu. Hwie ngelikake, yen ditindhihi nganggo awak, kertas semen iku suwe-suwe bakal lungset. “Aku kandha marang Pram, ‘aja ditindhihi ngono kuwi, Pak, mengko malah rusak,” ujare Hwie.

Hwi banjur gawe cithakan wangun pesagi saka semen sing gedhene sakramik porselen. Kanggo nylamurake saka kasujanane petugas, cithakan semen iku diwenehi cekelan wesi mlungker saemper tutup got. Hwie nuli nindhihi naskahe Pram nganggo cor-coran semen iku. Amrih ora ngawistarani petugas, Hwie isih nutupi maneh nganggo godhong gedhang.

Oleh Mesin Tik

 Sawijining wektu rohaniwan saka sawernaning agama dikirim pamarentah menyang Pulo Buru kanggo menehi sesorah para tapol jumbuh karo agama sing dianut. Pram ing kalodhangan kuwi nitipake naskah Bumi Manusia marang sawenehe pastur amrih digawa metu saka Buru, banjur dicetak dadi buku. Pram yakin petugas ora bakal nggledhah rohaniwan, saengga diajab naskahe slamet ngliwati lawang metu. Naskah kasebut pancen slamet digawa pastur nganti Jakarta, nanging ora bisa diterbitake jalaran dilarang dening pamarentah.

Miturut Hwie, sawise rombongan rohaniwan iku mulih, ora watara suwe banjur ana protes saka mancanegara magepokan karo kahanan panguripane Pram ing Pulo Buru. Pihak manca njaluk marang pamarentah amrih Pram diwenehi kamardikan nenulis tanpa kudu diwajibake nyambut gawe ing tegal.

Nanggepi protese luwar negri, pamarentah banjur ngyayakake omah-omahan khusus kanggo Pram sing dununge misah karo barak tapol. Mbokmenawa tujuwane supaya Pram bisa luwih konsentrasi gawe karya sastra. “Nanging saka pamawasku, Pram malah kaya diisolasi,” kandhane Hwie.

Satemene, miturut Hwie, pamarentah Belanda wis ngirimi Pram mesin ketik elektrik. Nanging sing ditampa Pram arupa mesin ketik manual kathik kahanane wis setengah rusak. Hwie nduga kirimane Belanda iku dibeslah dening pihak tinamtu banjur diijoli barang bekas. Hwie ora ngerti sapa sing nyita ‘hadhiahe’ Walanda iku. Nanging Pram ora protes. Dheweke banjur nyervis mesin ketik rusak iku nganti siap digunakake.

Nanging isih ana masalah sethithik. Pita sing diwenehake petugas marang Pram wis lungset sarta garing. Saengga yen dienggo ngetik, hurupe ora metu. Hwie banjur ngekum pita iku ing banyu godhogan woh klerak. Digodhog nganti banyune garing. Yen digodhog, klerak bakal ngetokake “mangsi” ireng njanges. Saka kono pita kasebut lagi bisa dienggo ngetik.

Wiwit kuwi Pram sregep nulis. Dheweke uga ora diawasi maneh kaya sing uwis-uwis. Ya ing Pulo Buru mau Pram ngasilake karya-karya sastra monumental. Kejaba Bumi Manusia, uga Anak Semua Bangsa, Rumah Kaca, lan Jejak Langkah. Karya-karya iku banjur katelah tetralogi Pulo Buru. Hwie nyimpen naskah-naskah kuwi ing barake.

Nalika Hwie dibebasake taun 1978, Pram nitipake naskah-naskahe mau amrih digawa metu saka Buru. Pram ngerti risikone nitipi naskah, sebab yen nganti konangan petugas, doh blaine naskah-naskah kasebut mesthi dibeslah. Mula Pram akon Hwie ethok-ethok lara amrih ora digledhah . ‘Strategine’ Pram pranyata jitu. Hwie ora digledhah merga nuduhake patrap kaya dene wong lara flu berat. Awake ndhrodhog kadhemen. “Ing ndhuwur kapal sing nggawa bali menyang Pulo Jawa, aku uga ora digledhah,” kandhane Hwie.

Oei Hiem Hwie nemoni Pramoedya ing Jakarta sawise bebas akhir 1979.

Hwie lega naskahe Pram slamet. Dheweke saya seneng bareng setaun candhake, 21 Desember 1979, Pram sumusul bebas. Sok ngonowa tetralogi Pulo Buru ora oleh diedharake dening pamarentah Orde Baru. Buku-buku kasebut lagi bebas didol kanggo masyarakat umum ing jamane Presiden B.J. Habibie. Pram tinggal donya 30 April 2006 ing Jakarta.

Lair ing Blora, 6 Pebruari 1925, Pram sing dibuwang menyang Pulo Buru merga dadi anggotane Lembaga Kebudayaan Rakyat (Lekra) sing pro marang Partai Komunis Indonesia (PKI), tetep prodhuktif nulis buku sawise bebas. Sawatara buku, becik sing arupa novel lan artikel, diterbitake. Salah sijine novel sing kaanggep becik asesirah Arok Dedes.

Satus taun laire Pramodya dirayakake dening Pramodya Ananta Toer Foundation lan Komunitas Beranda Garuda ing kutha Blora 6-8 Pebruari 2025. Kegiyatan-kegiyatan sing digelar arupa parsemian jeneng dalan Pramoedya Ananta Toer, memorial lecture, dhiskusi sastra, pameran buku, screening film, pentas teater, sarta konser musik kanthi tema “Anak Semua Bangsa.”

Oei Hwiem Hwie, kanca rakete Pram ing Pulo Buru, ora bisa nyekseni pahargyan kuwi awit kahanane wis banget ringkih merga sepuh. Pangelolane Perpustakaan Medayu Agung ing Jalan Medokan Ayu, Kecamatan Rungkut sing maune diurusi dhewe dening Hwie, saiki dipasrahake marang yayasan.

“Pak Hwie samengko diopeni anake awit sarirane wis sangsaya sepuh,” kandhane Heru Krisdianto, editor buku memoar-e Oei Hwiem Hwie.

***

Penulis: Kukuh Setyo Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 23

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *