Taman Wanita
Share your love
Taman Wanita

Kiprahe Maria Ulfah Cinathet Sejarah
Asma jangkepe Raden Ayu Maria Ulfah. Lair 18 Agustus 1911. Antuk kalodhangan sekolah nganti tekan Leiden, Belanda, Maria Ulfah ngatogake kabeh seserepane kanggo bumi pertiwi Indonesia. Sapa ta Maria Ulfah? Menteri Sosial lan uga pawestri sepisanan sing dadi mentri ing…

Maneka Olahan Gule
Gule. Lawuh siji iki mesthi akeh pandhemene. Yen cumawis ing ngarep netra, bakale langsung njalari luwe. Ananging, saperangan uwong ana sing nyiriki gule. Sing dadi punjering perkara yaiku bab isen-isen olahane: daging sapi utawa wedhus. Jalaran, lelorone bisa ngundhakake kolesterol.…

Nuwuhake Ajining Gesang kanthi Gladhen Dagang
Ajar ngemonah dhuwit mujudake salah sijine bab sing patut digatekake dening uwong tuwa, utamane gegayutan karo panggulawenthahing anak. Wis ana saperangan sekolahan sing nganakake program gladhen kanggo para muride. Yaiku ajar dodolan, saka milih barang sing arep didol, nyepakake, netepake…

Pigunane Kemangi Dimangsak utawa Dilalap Enak, Nyuda Ganda Awak
Saka maneka tetanduran, akeh banget kang bisa dadi bahan pangan. Ana kang kudu dimangsak dhisik, nanging ana uga kang cukup dirahani ngono bae. Istilahe, lalapan. Salah sijine yaiku kemangi. Godhong kemangi kang nduweni ganda khas iki kerep disuguhake bebarengan karo…

Olah-olah Sari Laut
Salah sijine sumber protein sing prayoga nyengkuyung kasarasaning badan yaiku asil laut utawa mina. Ing kalodhangan iki bakal kapacak lakune Jamie Oliver mecaki tlatah Yunani. Jamie ngetutake misaya mina ing segara Aegea, lan njajal olah-olahan khas saka kana.Ana iwak sing…

Pare: Wani Paite, Mlorod Gulane
Sapa sing ora wanuh karo pare, sawijining woh tetanduran sing rasane pait nyethak ing ilat. Yen dirunut, pare mujudake perangan jinis waluh utawa Cucurbitaceae, sing ditangkarake dadi bahan kanggo mangsakan. Jinise uga wernawerna, kaya pare putih, pare ijo, pare ayam.…

Nggulawentah Bocah Durung Kasil, Aja Cilik Atine!
“Selamat ya Ndhuk, muga sukses terus, sekolahe saya dhuwur tambah sukses,” ngono ucape bu Dinakaro ngesun pipine anake, sawise nampa piagam penghargaan minangka siswa Berprestasi I ing SD-ne. Kuwi nalikane bu Dina nekani acara pelepasan siswa SD Airlang ga, papane…

Nyuda Karbohidrat, Badan tetep Kuwat
Jaman saiki wis lumrah uwong kang nindakake dhiet. Salah sijine yaiku dhiet kanthi nyuda konsumsi karbohidrat. Werna-werna tujuwane. Ana sing njaga kasarasan padinan, ana sing jalaran nandhang lelara, uga ana sing kepengin ngelongi boboting badan. Dhiet kanthi ngelongi karbohidrat kudu…

Tri Mumpuni Mahakarya kanggo Padange Karang Padesan
Mlaku-mlaku ing karang padesan, lumrahe kita kepethuk para sepuh. Uwong enom diwasa ya ana, bocah-bocah ya akeh. Ananging lumrahe urip padinane ya prasaja wae. Yen golek uwong diwasa lantip, wawasane jembar, uripe kasil, lumrahe antuk wangsulan: padha makarya ing kutha.…

Kreasi Busana dadi Branasaka Oppa lan Eonni Korea
Iyas, warga Kauman, Ngayogyakarta, ora bisa ngampet rasa bungahe. Pawestri 32 taun iku blas ora nyana bakale bisa nduwe pengalaman nengsemake karo aktor Korea, Ji Chang Wook. Ora amung nonton saka cerak, ananging nduwe barang tilase kang bakale dadi kenang-kenangan.…

Mukti lan Andayani liwat Kagunan Basa
Wasis utawa prigel ing sawijining bab, bisa dadi srana kanggo mecaki urip padinan. Sauger kabisane mau ya diasah lan dicakake. Contone, kabisan ing babagan basa. Ya, srana kanggo nulis lan micara, kang katone prasaja iku, nyatane bisa kanggo sangu urip…

Perlima: Ngimpun Pawestri sing Seneng Nulis
Nduwe daya lan ati rena. Iku kang dadi gegayuhan pokok tumrape Perlima, Perempuan Penulis Padma. Komunitas kang wiwit mula anggotane para pawestri, lan seneng nulis. Wis kulina nulis, iya. Wis nduwe tulisan sing tau dimot kalawarti, bener. Wis tau nulis…












