
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Presiden Korea Selatan (Korsel), Lee Jae Myung, nemoni Pemimpin Tiongkok, Xi Jinping, minangka upayane mulihake sesambungane karo negara mitra dagange paling gedhe kasebut. Keamanan ngenggon lan panampike Beijing (sanadyan ora kanthi resmi) marang budaya anyar Korea uga dadi bahane pirembugan. …

Wartawan kantor berita The Associated Press (AP) ora diolehi liputan nalika Presiden Amerika, Donald Trump napak astani perintah eksekutif ing Ruang Oval Gedung Putih. Kang dadi jalarane, AP nandhesake yen ora gelem nulis Teluk Amerika minangka gentine Teluk Meksiko, kaya…

Ana wae pawarta bab Donald Trump. Durung suwe iki, sakehing warga lan pengamat ngundhat-undhat sesumbare priya 79 taun iku. Salah sijine yaiku anggone ngincim bakale nyerang Moskow entek-entekan yen Presiden Rusia Vladimir Putin nyerang Ukraina. Ukara sing diucapake Trump nalika…

Perdana Menteri Kanada Mark Carney sapatemon karo Presiden Amerika Serikat (AS) Donald Trump, Selasa (6/5). Ing Gedung Putih iku, Carney nandhesake marang Trump, “Kanada ora didol!” Tumindake Carney cetha kosok balen karo Trump, sing wis bola-bali ujar manawa dheweke kepengin…

Kyrgyzstan, kang ndhisike pecahane Uni Soviet, nganakake sayembara ngripta lagu kabangsan anyar. Pamarentah Kyrgyzstan rancangane bakal ngganti lagu kabangsan kang sasuwene iki dikumandhangake. Angkahe minangka srana nyirnakake wewayangane Uni Soviet. Negara ing Asia Tengah kasebut wis nduwe lagu kebangsaan dhek…

Presiden China Xi Jinping miwiti lawatan menyang negara-negara Asia Tenggara. Sepisanan, Senen (15/4) menyang Vietnam. Dheweke sapatemon karo pemimpin lan para penggedhe negara kasebut. Kanthi blak-blakan Xi Jinping ngayem-ayemi Vietnam magepokan karo kahanan ekonomi wektu iki. Xi nandhesake amrih ora susah…

Negara-negara cilik ing tlatah Pasifik murina krungu Presiden AS, Donald Trump ngumumake owah-owahane beya dedagangan minggu kepungkur. Trump ngetrapake tarif timbal balik ing negara 180 kalebu saperangan negara ing Pasifik. Rincine, Fiji kena 32 persen, Vanuatu 22 persen. Dene Papua Nugini kena 10 persen. Banjur kepriye anggone padha…