Istiadat
Share your love
Istiadat

Tarian-Tarian Kramat Sulawesi
Tari Balia Seni tari, perangane budaya klompok masyarakat, ora mung bisa kanggo tontonan lan lelipuran. Saka tari kasebut bisa nggambarake sejarah, kahanane tlatah sakupeng, utawa padinane masyarakat ngenggon. Contone, tari tradhisional ing Sulawesi Tari khas saka Donggala, Sulawesi Tengah iki…

Bausung Pengantin Bandar Kandangan Raja lan Ratu Sagebrayan
Manten sepasang dipunji lan diarak, sineksen sanak kadang lan tangga teparone Suku Banjar ing Kalimantan Selatan nduweni tradhisi unik kanggo ngregengake temantenan. Utamane yaiku suku Banjar Kandangan. Arane bausung pengantin. Manten lanang lan wadon dipunji lan dipondhong, diombyongi tumuju kuwadhe.…

Nganggung Tradhisi Ngusung Panganan Suku Bangka Belitung
Wis dudu pawarta anyar, yen ngrembug budayane Nuswantara kang akehe eram. Ora liya jalaran wargane uga saka maneka suku lan ras. Klebu ing Bangka Belitung. Ing kana, kejaba suku asli kang arane Sekak, uga ana suku Tionghoa lan Melayu. Suku…

Reregen Per-Peran Tradhisi Suku Madura ing Pamekasan
Manungsa nuduhake rasa bagya lan panuwune awit kanugrahan sumber pangan padinan, werna-werna carane. Kaya kang ditindakake warga suku Madura ing Pamekasan. Ana reregeng sing dieloni dening sakabehe warga, gedhe cilik enom tuwa. Arane: per peran. Per peran mujudake tandha bungahe…

Tidore Nguri-uri Paji Nyili-Nyili
Dudu pawai arak-arakan ing wayah padhang, utawa upacara lan niges tumpeng, Suku Tidore nduwe ritual unik kanggo mahargya dina ambal warsane kutha kepuloan kasebut. Yaiku, paji nyili-nyili, kang digelar wiwit tengah wengi. Para nom-noman saka sakehing desa Tidore padha nglumpuk…

Dolanan Tradhisional khas Nuswantara
Nuswantara nduweni maneka werna adat lan budaya. Ana ritual kang ajeg katindakake amarga magepokan karo kapitayan, padinan, uga panglipuran. Malah uga ana dolanan, kang adate ditindakake dening bocah. Dolanan-dolanan tradhisional kasebut saiki dadi kaskayane bangsa, warisan budaya. Dolanan apa wae…

Melukat, Tradhisi Sesuci ing Bali
Melukat, iku sesebutane. Wujude reresik kanthi srana banyu, kanthi ancas sesuci badan, ati, lan pikiran. Melukat klebu ritual adat kang wis run tumurun ing masyarakat Bali. Asale saka tembung sulukat. Su tegese apik, lukat maknane sesuci.Dene kang minangka sranane utama…

Otonan Pengetan Dina lair sing Kagelar Nem Sasi Pisan
Laire ponang jabang bayi wis salumrahe nuwuhake rasa bungah ing kulawarga. Wongtuwane, uga sekabate bebarengan ngupakara amrih bayi kasebut tumangkar kanthi becik, nir ing sambekala. Kejaba bab nyukupi butuhe pangan lan sandhang, salah sijine uga kanthi nindakake tradhisi adat. Kaya…

Dhukutan lan Dhawuhan Tradhisi ing Pereng Gunung Lawu
Bebrayan Jawa nduweni sakehing adat tradhisi. Ana sing lumrah dingerteni ngakeh, mbokmenawa ya jalaran ditindakake dening meh kabeh gonggoman lan tataran. Ananging uga ana kang beda, mligi, utawa malah nyeleneh. Kang arep kaandharake ing kalodhangan iki, ritual kang adate kagelar…

Buyung, Beksan Atur Panuwun
Beksan tradhisi minangka tontonan, lelipuran, iku wis salumrahe. Ananging, kanggone suku Sunda sing medunung Cicurug, Kuningan, Jawa Barat, ana tari kang jero banget maknane. Jalaran magepokan karo salah sijine asil bumi kang wigati banget kanggone panguripan. Yaiku, banyu. Arane, tari…

Sisemba Adu Sikil Adat Toraja
Satleraman kaya tawuran. Rong grumbul uwong lanang adhep-adhepan, banjur tendhang-tendhangan. Genti-genten anggone adu sikil. Sing katendhang ya sempoyongan, ana sing nganti tiba, uga krengkangan. Ananging ora banjur dadi bengkerengan. Iku kang arane sisemba, tradhisi suku Toraja. Sanadyan saempe kaya adu…

Palang Pintu Betawi
Lair, rabi, lan pati, dadi kawigatene suku Betawi. Bab iku katitik saka maneka ritual adat kang digelar ing saben prastawa kasebut. Contone, tradhisi kangaran tradhisi palang pintu. Selaras karo tembunge, palang ateges piranti kanggo ngalangi, dene pintu tegese lawang. Mula…












