Pendom Wektu
Share your love
Pendom Wektu

Chaerul Saleh ing Ulegan Kamardikan lan Revolusi
Chaerul Saleh sethithik akeh nduweni andhil penting marang kumandhange proklamasi kamardikan 17 Agustus 1945. Dheweke mapan ana ulegane sejarah dhetik-dhetik gawat sadurunge teks kamardikan kuwi diwaca Sukarno-Hatta. Sawenehe kenya Indo-Belanda peparab Farida tau ngramal nasibe Chaerul Saleh. Nalika kuwi taun…

Misteri Otto Iskandar Di Nata Tanpa Tlacak Sawise Diculik Laskar Hitam
Nganti seprene misteri ilange Otto Iskandar Di Nata durung kawiyak. Jisime uga ora ditemokake. Kutha Bandung dislimuti mendhung pethiting 1952 nalika pethi mati kang diiringi wong cacah atusan kuwi teka ing Bojongsoang. Kabeh praupan ngatonake kadhuh-kitan nguntabake paraga kang cukup…

Ireng Putih Tlacake Wikana
Sukarno satemene dudu wong anyar tumrap Wikana. Wiwit ambyur menyang donyane gerakan politik jaman Landa, Wikana wis wanuh karo Sukarno. Miturut analis politik Amerika, Ben Anderson, Wikana klebu anak didike Sukarno ing organisasi Barisan Pemuda Gerakan Rakyat Indonesia (Gerindo). Tanggal…

Sayuti Melik sing Ora Melik Nggendhong Lali
Nalika Sukarno dilengserake Orde Baru, kertune Sayuti Melik urip maneh. Kepara nasibe Sayuti Melik adoh sungsate karo tokoh-tokoh PKI kang ditumpes kelor dening Orde Baru. Pak Harto ngapura Sayuti sing pemikirane kenthel karo paham kiwa iku. Ing sadawane umur nganti…

Tragedhi Penyair kang Kajebak Revolusi Sosial
Kuburan siningid ing tengah kebon ladha kang ketel wilayah Kwala Begumit, Binjai, Sumatra Lor kuwi dikedhuk taun 1948. Cumplung lan balung-balunge manungsa dikukupi, nuli diusung kendharaan tumuju Mesjid Azizi, Tanjung Pura, udakara 38 kilometer saka Kwala Begumit. Ing platarane mesjid…

Geger Madiun 1948 (2) Soeharto Muncul ing Ulegane Pradondi
Madiun dijegi laskar Front Demokratik Rakjat (FDR), banjur ditetepake minangka Pemerintahan Front Nasional. Timbuling ontran-ontran Madiun keprungu tekan Yogyakarta wanci surup tanggal 18 September 1948. Presidhen Sukarno srumuwus marang rakyate, “Pilihen siji ing antarane loro: melu Musso karo PKI sing…

Geger Madiun 1948 (1) Sawise Musso Mulih saka Uni Soviet
Saka Praha, Cekoslowakia, Musso lan Suripno mbacutake laku menyang wilayah Jawa Wetan nggunakake montor mabur amfibi Catalina. Pesawat ndharat ing Campurdarat, sakidule Tulungagung. “Pendharatane Musso lan Suripno ora ngundang kawigatene warga,” tulise Soerjono jroning buku asesirah Surat Untuk Ben Anderson…

Misteri Supriyadi
Taun 1943 Supriyadi dudu tentara ndhek-ndhekan. Nadyan umure durung ganep 20 taun, priya kelairan Trenggalek 13 April 1923 iku wis nyandhang pangkat perwira ing pasukan sukarelawan bentukane Jepang: Pembela Tanah Air (PETA). Bebarengan karo Kemal Idris lan Zulkifli Lubis, Supriyadi…

Maeda kang Ora Maido Tuntutan Kamardikan
Gumyak suka parisukane rakyat Indonesia mahargya kamardikan kaya-kaya nglalekake labuh-labete Laksamana Maeda ing dhetik-dhetik kang nemtokake mau. Desember 1946 Maeda lan staf-e, Shigetada Nishijima, dilebokake pakunjaran Gang Tengah. Pandom jam nggremet menyang angka 03.00 nalika Sukarno cecawis sega salawuhe kanggo…

Drama Sedina ing Rengasdengklok
Pamilihe Rengasdengklok kanggo nyingidake Sukarno-Hatta mbokmenawa ora tanpa alasan. Wektu semana ing Rengasdengklok ana markas cudan (kompi) kaloro saka Daindan (batalyon) Tentara PETA Purwakarta. Kompi PETA Rengasdengklok dikomandhani Subeno kang sa-aliran karo klompok pemudha Jakarta. Srengenge durung mlethek nalika saklompok…

Nalika Soeratin Suthik Kompromi karo NIVU
Awal 1938 Soeratin mbatalake gentlemen’s agreement karo NIVU jalaran masalah prinsip. Soeratin kepengin tim bal-balan kang dikirim menyang Piala Dunia Prancis nggunakake jeneng Tim Nasional Indonesia PSSI. Nanging pamarentah Hindia Belanda ngotot nganggo jenenng Nedherlands Indishe Voetbal Unie (NIVU). Yen…

Sagebyaring Thathit ing Piala Dunia
Kanthi persiapan kang mepet, Hindia Belanda minangkani undangane FIFA supaya melu Piala Dunia 1938. Arepa mung paribasan timun wungkuk jaga imbuh, nanging mungguhe Indonesia Piala Dunia 1938 nggaritake kenangan endah. Kutha Reims, Prancis, 5 Juni 1938. Wasit nyebul sempritan tandha…












