Literasi
Share your love
Literasi

Gantungan Kunci Kinarya ing Sinau Nulis Jawa
Sinau aksara Jawa ora mung bisa klakon srana tulis utawa kertas. Salah siji carane sinau Jawa sing cukup narik kawigaten yaiku lumantar gantungan kunci. Gantungan kunci bisa dadi piranti lan medhia kreatif kanggo nyimpen tulisan mawa aksara Jawa lan sinau kanthi…

SURADAYA, Kolaborasine Telung Negara sajrone Menggak Lakune Warta Kliru
Ing satengahe trajange informasi digital, kaprigelan mbedakake kasunyatan (fakta) lan warta kliru (misinformasi) wigati banget. Krenteg kang kaya mangkono kuwi sing wusanane nglandhesi gumelare SURADAYA, acara kolaborasi internasional kang nggathukake maneka warna panyarta wiwit saka Indonesia, Jerman, Prancis sajrone kagiyatan…

Ngangkat Kearifan Lokal Madura menyang Karya Sastra
Pulo Medura (Madura) kang sugih tradhisi, budaya lan crita rakyat, bebasan sumber sing ora tau asat tumrap sastrawan. Maneka kearifan lokal ing Pulo Uyah iku banget narik kawigaten kanggo diangkat menyang karya sastra, becik kang arupa crita pendhek apadene puisi.…

RUU Basa Dhaerah Aja Mung Lamis
Dewan Perwakilan Daerah RI srempeng ngupaya mawujude Undang-Undang Bahasa Daerah. Sebab basa-basa lokal ing Nuswantara dinane iki lagi ngadhepi ancaman serius tumuju kecuresan. Njejegake basa dhaerah padha karo ngukuhi ketahanan budaya bangsa. Perlu aksi nyata amrih ora mung kandheg ing…

Nggegadhang Majapahitologi Satataran Egyptology
Departemen Teknik Geofisika Institut Teknologi Sepuluh Nopember (ITS) lan Fakultas Ilmu Budaya Universitas Airlangga (Unair) ngudi mlopori madege Majapahitologi, ngelmu kang nyinaoni sejarah, basa, literatur, agama, arsitektur, seni lan teknologi pra-Majapahit nganti ambruke karajan kang pusere mapan ana Trowulan, Mojokerto…

Upayane Balai Bahasa Jatim Ngukuhi Basa Daerah
Balai Bahasa Jawa Timur nindakake gerakan literasi anak wiwit 2021. Kejaba mbentuk karaktere bocah, program iku uga mengku karep nyedhakake bocah marang idhentitas kedaerahan ing ngendi dheweke manggon. Njunjung kearifan lokal. Jrone kegiyatan Taklimat Media: Capaian Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur…

Sunarko “Sodrun” Budiman Nampa Pangaji-aji Sutasoma 2025
Nalika asmane diundang pranata adicara munggah panggung kanggo nampa piagam pangaji-aji Sutasoma Balai Bahasa Jawa Timur kategori Sastrawan, Sunarko “Sodrun” Budiman (65 taun) isih bisa jumangkah kanthi sigrak, Rebo, 15 Oktober 2025. Nanging bareng didhaulat paring ‘sepatah dua patah kata’ atas…

M. Ali Soeparmantoro: Umur Meh Sa-abad, Maca PS wiwit 1937
M. Ali Soeparmantoro (99 taun) ing Mojokerto, lan Sumiah (89 taun) ing Kebumen, klebu pelanggan setiane Panjebar Semangat. Kekarone lengganan kalawarti iki luwih saka setengah abad lawase tanpa gothang. PS wis mbalung sungsum jroning uripe. Positipe, hobi maca njalari lelorone ora pikun…

Wulangan Ngarang ing Sekolahan, Guru Kudu Aweh Tuladha
Akeh keprungu sesambat bab wulangan ngarang ing sekolahan sing nuding bocah saiki angel diwulang ngarang. Utamane ngarang nganggo basa Jawa sing tansah ora bener ngenani ejaane, alur critane sing ndladrah lan sapanunggalane. Apa bener mengkono? Mengko gek kuwalik. Awit yen…












