Kadurjanan
Share your love
Kadurjanan

Teror Wengi Aktivis HAM
Yusril Ihza Mahendra nemenake kasus kang nemahi Andrie Yunus mujudake serangan marang nilai-nilai dhemokrasi lan jejege HAM ing Indonesia. Merga aktivis HAM mono nyambut gawe kanggo kapentingane rakyat lan negara. Nadyan bengi, nanging rekaman CCTV iku isih cetha sinawang. Ngatonake…

Nekad Korupsi ing Sasi Suci
KPK mikut Bupati Pekalongan lan Bupati Rejang Lebong meneri Ramadon. Yen sasi suci wae ora diwedeni kanggo tumindak korupsi, apa dadine negara sing nengenake akhlak islami iki? Nutupi meh separo raine nganggo krudhung werna klawu, Bupati Pekalongan, Jawa Tengah Fadia…

Pati Ora Sepele
Hakim matrapi ukuman 6 sasi marang aktivis Aliansi Masyarakat Pati Bersatu (AMPB) Supriyono “Bothok” lan Teguh Istiyanto. Lelorone ora perlu nglakoni ukuman kurungan jalaran terus dibebasake kanthi pengawasan sajrone 10 sasi. Majelis hakim Pengadilan Negeri Pati, Jawa Tengah nibakake vonis…

Mbengkas Kadurjanan ing Gunung Bromo
Pulisi ngrangket wong telu pelaku colong jupuk koper cacah pitu duweke wisatawan asal Thailand kang lagi plesir menyang Gunung Bromo. Keamanan lan kenyamanane wisatawan dadi prioritas utama jalaran nggepok senggol karo citrane wisata unggulan Indonesia kuwi. Abdurrohim (34 taun) ora…

Kraton Surakarta Ongkrep Maneh
Rong kubu sing lelawanan ing Kraton Surakarta regejegan sangareping Menteri Kebudayaan Fadli Zon. Pasulayan babak kapindho sing ngambra-ambra dadi lapuran pulisi lan gugatan Jroning tayangan vidheo kang sumebar ana media sosial, katon Gusti Kanjeng Ratu (GKR) Timoer Rumbay Dewayani mampang-mampang…

Nasib Ngeres Dhemonstran Agustus
Salah sijine kadakwa kasus kerusuhan dhemonstrasi Agustus 2025 tinggal donya ing njero rumah tahanan. Pihak kulawarga ndheseg marang pulisi amrih ngusut prekara kuwi jalaran matine dianggep ora wajar. Kejaba bobot awake anjlog, kurban uga tau wadul ngalami pasiksan wektu ditahan…

Melik Nggendhong Lali Oknum Pulisi
Sawenehe anggota pulisi ing Probolinggo mentala mrajaya adhine ipe sing isih aktif kuliyah. Dinuga ana pepinginan nguwasani donya brana warisan ing walike rajapati wengis mau. Pandom jam nuduhake angka 06.30 nalika Rohim (45 taun), warga Klampisrejo, Kecamatan Kraton, Kabupaten Pasuruan,…

Pungkasane Laku Paryatin
Trajange Paryatin alias Dewi Astutik minangka gembong narkoba lintas benua kandheg sawise tim gabungan BNN, TNI lan Interpol bisa mikut wanita asal Ponorogo kuwi ana Sihanoukville, Kamboja. Nadyan nguwasani bisnis narkotika ing kawasan ‘segi tiga emas’ Thailand-Myanmar-Laos, nanging nalika tilik…

Kriwikan dadi Grojogan ing KM 45
Sawenehe bos persewaan mobil tiwas dipistul ing rest area tol Tangerang-Merak. Nekad ngoyak dhewe mobile sing arep digondhol durjana merga lapurane marang pulisi ora ditanggepi serius. Kapolda Banten Inspektur Jendral Suyudi Ario Seto nglorod palungguhane Kapolsek Cinangka Ajun Komisaris Polisi…

Praktek Slenca Juru Usada
Tiwase mahasiswi PPDS Undip, dr Aulia Risma Lestari, mlebu babak anyar akhir 2024 kepungkur. Sawise tidhem patang sasi saka anggone ditemokake tiwas Agustus 2024, pulisi wekasan netepake tersangka cacah telu saka internal kampus sing dinuga meres kurban nganti atusan yuta.…

Pamilut Maut Agus Buntung
Sawenehe priya tanpa tangan dilapurake mrawasa wanita cacah 17. Modhuse rata-rata padha, yaiku ngrimuk calon kurbane ing taman, banjur diajak ngamar. Berkase perkarane wis dipasrahake jaksa akhir Desember iki. Taman Udayana, Kutha Mataram, Nusa Tenggara Barat, sawijining awan, 19 Nopember…

Sirna Kadang Kesaput Utang
Sawenehe priya pengangguran warga Lamongan tegel mrajaya mbakyu, kakang ipe lan ponakan merga lara ati ora diutangi dhuwit. Dirangket pulisi jroning wektu kurang saka 24 jam. Ilham lan Sarmudji, guru SDN Babadan 1, Kecamatan Ngancar, Kabupaten Kediri, Jawa Timur gumun…












