
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter
Rubrik “Andharan” minangka wadhahe maneka warna pamawas, gagasan, lan tintingan ngenani sawijining rembug. Sajrone rubrik iki, Panjenengan bakal disuguhake tulisan-tulisan inspiratif kang pinepakan data, fakta, lan panemu kritis. Tulisan-tulisan kang dimaksud kaya dene “Kasusastran”, “Kembang Setaman”, “Wawasan”, lan “Pangudarasa”.

Sajrone telung sasi pungkasan iki, wis ana negara 4 ing Timur Tengah kang nindakake “normalisasi hubungan” klawan Israel. Yaiku Bahrain, Uni Emirat Arab, Sudan, lan Maroko. Bab iki njalari sakehing pihak liya kuwatir, magepokan karo konflik Israel – Palestina kang…

Kanggo mujudake rasa syukur marang Gusti Kang Maha Agung, mula para pangesuh nganakake pengetan ambal warsa Sanggar Sastra Triwida kang ka-42 taun ing daleme sedulur Imam Riyadi, Desa Sarwentar, Kanigoro, Blitar dina Minggu (15 Mei 2022) kepungkur. Acara kasebut dirawuhi…

Wayang pancen wis suwe kawentar minangka sarana tontonan lan tuntunan. Ora mung saderma dadi sarana panglipur, nanging uga bisa dadi kreteg kanggo medharake piwulang agama. Salah siji tuladhane yaiku Wayang Golek Santri, kesenian saka Tegal kang diwiwiti dening almarhum dhalang…

Nalika mangsa ketiga dawa lan kahanane sawah wiwit asat, lemahe wis bera aking, masarakat Dhusun Banjarsari, Desa Bareng, Kecamatan Bareng, Kabupaten Jombang, padha ngadani upacara mirunggan kanggo ngajab tumurune udan lumantar ngedusi kucing. Njur, geneya kok kudu ngedusi kucing? Akad,…

Tumrap arkeolog saka Griffith University Australia Basran Burhan, kawasan Maros lan Pangkajene Kepulauan (Pangkep) dudu saderma alas lumrah, nanging pindhane galeri seni tinarbuka paling tuwa sadonya. Atine Basran Burhan was-was nyumurupi dilatan ilat geni kang ngrabasa alas sangsaya nyedhaki wilayah…

Anwar Ibrahim Nggelar pilihan ananging durung ana sing kasil menang, Malaysia wurung nduwe perdhana menteri anyar. Ananging PM petahana, Ismail Sabri Yaakob, nandhesake yen Malaysia tetep nduwe pamarentahan. Pamarentahan kang dikarepake Ismail, sipate sawetara. Alias caretaker government. Mula, Ismail kandha,…

Medhia sosial saiki minangka wahana kang raket karo uripe Gen Z (generasi sing lair 1997–2012). Adhedhasar survei APJII taun 2026, Gen Z nduweni tingkat penetrasi internet nganti 89,02%. Kanthi dulat-dulit layar ponsel, maneka warna pawarta, apa kuwi ngenani asil, prestasi,…

Taun 1996 lumantar Convention on Interantional Trade in Endangered Species ing Florida, Amerika Serikat, disebutake yen Panthera tigris sondaica (macan loreng Jawa) wis cures saka lumahing bumi. MACAN duwe dasanama sima, sardula lan mong. Macan uga sok dialusake nganggo tembung…

Chiang Wan An ngaruhake panyengkuyunge sawise menang pilihan walikota Taipei. Menang pilihan dhek Setu (26/11), Chiang Wan An kelakon dadi walikota Taipei paling enom sadawane sejarah Taiwan. Priya 43 taun iku wara-wara menang sawise saingane loro mbiwarakake yen kalah swara.…

Mahkamah Agung Nepal ngluwari Charles Shobraj (78 taun),warga negara Prancis sing dikun jara jalaran nindakake rajapati tumaruntun. Dheweke wis nglakoni ukuman 19 taun saka 20 taun adhedhasar vonise hakim. Shobraj kang dibebasake Rebo, 21 Desember kepungkur, dianggep tanggung jawab marang…

Festival Sastra Jawa 2026 kanthi punjer “Manjing Ajur-Ajer” kang digelar dening Himpunan Mahasiswa Prodhi (HMP) Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa (PBSJ), Fakultas Basa lan Seni, Universitas Negeri Surabaya (Unesa) minangka salah sawijining pambudidaya kanggo ngipuk-ipuk urip lan eksistensi-ne sastra lan…

Saben tanggal 1 Oktober, Indonesia mengeti Kasektening Pancasila. Pengetan kasebut ditetepake kanthi Kaputusan Presiden Nomer 153 Taun 1967 kang gegayutan karo ruhara politik ing pungkasan September nganti awal Oktober 1965. Iki sing dadi cikal bakale panetepe dina Kasektening Pancasila minangka…