80 Taun Mardika, Kawula Cilik Wimbuh Keplened? 

Emane, pamarentah mung nyawang simbul One Piece iku minangka ancaman, nanging landhep dhengkul rasa pangrasane karo apa sing dirasakake masyarakat cilik ing walike protes kasebut. 

Gambar One Piece satengahing dalan paving salah sijine gang kampung kawasan Putatgede, Kecamatan Sukonamunggal, Surabaya, iku dibusak dening petugas Badan Kesatuan Bangsa dan Politik (Bakesbangpol), Senen, 4 Agustus 2025. Gambar cumplung kanthi balung silang ing ngisore iku dibusak nganggo cet putih polos. 

Kepala Bakesbangpol Surabaya Tundjung Iswandaru kandha, kejaba mbusak One Piece sing arupa mural, petugas uga ngudhunake gendera kanthi gambar sing padha ing kampung-kampung. Nanging Tundjung ora nggenahake ana kampung ngendi wae gendera One Piece iku dirazia.

Tundjung darbe pawadan simbul One Piece dibrastha awit ora ana sambunge karo pengetan dina kamardikan Indonesia sing kaping 80. “Mosok mapag HUT RI kok nganggo gambar cumplung,” ujare Tundjung dikutip saka kompas.com.

Sikepe Tundjung sing paranoid karo simbul One Piece, kaya-kaya makili rasa ora nyamane  pamarentah pusat marang anjrahe tokoh komik bajak laut Jepang aran Jolly Roger iku akhir-akhir iki. Kejaba ing kampung-kampung, gendera One Piece uga dipasang ana truk-truk angkutan barang. Pamarentah nyawang simbul One Piece minangka ancaman, nanging landhep dhengkul rasa pangrasane karo apa sing dirasakake masyarakat cilik ing walike protes kasebut. 

Menteri Sekretaris Negara Prasetyo Hadi ngandharake aparat mung bakal tumandang aweh sanksi yen pawongan sing nglebetake gendera utawa nggambar mural One Piece iku dikantheni ajakan marang liyan amrih ora masang gendera abang putih. Sebab kepriyea wae, ing wanci pengetan HUT RI, gendera merah putih mujudake lambang kesakralan. “Kang kita utamakake yaiku nyawiji, gotong royong, sarta sikep sing kebak optimis,” kandhane Prasetyo Hadi ing kantore, dikutip saka Kantor Berita Antara, Senen, 4 Agustus 2025.

Prasetyo paham muncule simbul One Piece ana gandheng cenenge karo rasa cuwane masyarakat marang kahanan akhir-akhir iki. Ewasemono pamarentah, kandhane Prasetyo, bakal ngrampungake masalah sing timbul iku siji mbaka siji kanthi mentingake dhialog sarta nyambut gawe bebarengan karo pihak-pihak liya. Prasetyo ngakoni pancen isih ana masalah-masalah tengahing bebrayan sing butuh solusi.

“Kita ora nutup-nutupi. Mula mbaka siji masalah-masalah iku bakal mbudidaya kita wudhari. Pamarentah, DPR, swasta, masyarakat, lungguh bareng golek solusi. Iki cara anyar sing ditrapake pamarentah kanggo mecahake masalah,” kandhane Prasetyo.

Saora-orane ana patang prekara sing njalari protes sosial liwat simbul One Piece iku saya ngrembaka. Sepisan, kebijakane Pusat Pelaporan dan Analisis Transaksi Keuangan (PPATK) sing mblokir rekening bank sing ora aktif (dormant) jroning wektu tinamtu. Kapindho, kabar bab lemah utawa lahan nganggur rong taun dibeslah negara. Katelu, praktek premanisme sing saya ndadra. Lan kapapat, tarikan maneka jinis pajeg sing nekak gulu satengahing kahanan ekonomi sing lesu.

Patang isu iki sing njalari masyarakat ora marem karo kebijakane pamarentah. Sing dirasakake kawula cilik, ing atase wis mardika 80 taun, nanging golek mangan sak pulukan wae kok wimbuh rekasa. Puluhan ewu tenaga kerja dilereni merga usaha bisnis seret bebathene. Wakil Presiden Gibran Rakabuming Raka kang nalika kampanye njanjekake mbukak 19 yuta lapangan kerja, nyatane ora ana wujude. 

 Ing sisih liya praktek urip mewah tur mubra-mubru dipitontonake dening pejabat. Aparat ora mbrastha kanthi serius kadurjanan korupsi sarta mbeslah dhuwit asile nyolong iku kanggo karaharjane kawula. Kosok baline, malah kawula cilik sing diplened. Diporoti pengasilane kanggo nambal kekurangane dhuwit negara. Nganti sumebar meme nylekit sing unine: “Rekening nganggur 3 bulan diblokir negara, tanah nganggur 2 tahun disita negara, kami nganggur bertahun-tahun negara tidak perduli.”

Kepriye Satemene?

Satemene ing babagan mblokir rekening dormant, Kepala PPATK Ivan Yustiavandana wis njlentrehake menawa kabeh mau mengku kekarepan becik. Alesane, rekening sing suwe ‘nganggur’, lire ora ana lalu lintas transaksi dhuwit dening sing nduweni rekening kasebut, rawan digunakake dening jaringan pelaku kriminal. “Negara ora duwe pikiran ngrampas dhuwite rakyat, nanging malah mbudidaya nambah proteksi,” kandhane Ivan, Kemis, 31 Juli 2025.

Miturut Ivan pelaku kriminal sing saya canggih bisa ngrayah rekening ‘nganggur’ iku tanpa kinawruhan sing duwe, lan sabacute dienggo nampung dhuwit asile tindak kadurjanan, utamane judhi online, korupsi, terorisme lan narkoba. Saka panlusurane PPATK, ujare Ivan, tinemu 150 ewu rekening dormant sing rawan disalahgunakake kanggo tindak pidana pencucian uang. PPATK iya nemokake luwih saka 140 ewu rekening ora aktif jrone wektu sepuluh taun kanthi total dhuwit Rp 428,61 miliar.

 Ewasemono PPATK katon menawa mung waton mblokir tanpa nliti luwih dhisik. Sebab ora sethithik rekening sing satemene aktif, katut keblokir. Satemah masyarakat sing nduweni rekening kuwi kebingungan nalika arep narik dhuwite saka bank. Kanggo ngaktivasi rekening sing kebacut kena blokir mau butuh wektu, tenaga, ragad sing ora murah. Bisa diparibasakake pakartine PPATK mau nedya nyekel tikus sing sliweran sajrone lumbung kanthi cara ngobong gudhang panyimpenan pangan mau.

“Akeh wong desa sing duwe rekening kanggo nampung kiriman dhuwite anake sing nyambut gawe neng luwar negri goreh. Samar rekening kasebut katut diblokir,” kandhane Inah, 72 taun, warga Desa Dawuhan, Kabupaten Trenggalek.

Wondene bab kabar lemah nganggur rong taun dibeslah negara, satemene prekara kuwi katujokake marang lahan sing duwe status hak guna usaha (HGU) lan hak guna bangunan (HGB). Direktur Jendral Pengendalian dan Penertiban Tanah dan Ruang Kementerian Agraria dan Tata Ruang/Badan Pertanahan Nasional, Jonahar, ngandharake pamarentah duwe tugas nertibake lemah terlantar duweke badan hukum sing ditogake mangkrag nganti rong taun kaetung wiwit badan hukum mau diwenehi HGU lan HGB. 

Miturut Jonahar tujuwan kebijakan kuwi mengku karep supaya kabeh lemah dipaedahake sacara optimal. Bab kuwi cundhuk karo Pasal 33 UUD 1945 kang surasane lemar sarta sumber daya agraria dikuwasani negara lan digunakake sagedhe-gedhene kanggo kemakmurane rakyat. 

Kepala Biro Humas dan Protokol Kementerian ATR/BPR Harison Mocodompis ngandharake, pamarentah kepengin badan usaha sing wis diwenehi hak nggarap lahan tumuli tumandang, ora ngendhe-endhe satemah lahan iku wekasane kleleran tanpa guna.  “Negara ora ujug-ujug ‘oh lemah kosong, kleleran, jupuk wae’ ora ngono. Kabeh ana tahapane,” ujare Harison.

Kepriye ing babagan premanisme? Nadyan Polri wis mbudidaya mbrastha praktek kasebut, nanging ing kana-kene premanisme tetep ana. Wiwit preman cilik klas recehan nganti sing gedhe njaluk jatah puluhan yuta. Wiwit preman sing rapi berdhasi nganti preman sing kaosan oblong mangkak.

Yen kita gatekake tayangan YouTube upamane, akeh sopir truk angkutan barang sing sambat merga dipalak dening preman ing lokasi sing sepi. Preman-preman iku njaluk dhuwit kanggo tuku rokok sarta mangan sing gedhene antarane Rp 5 ewu nganti Rp 50 ewu. Yen ora diwenehi ngamuk sarta ngancam milara sopir. Tinimbang rame-rame, racake para sopir iku pilih menehi Rp 2 ewu nganti Rp 5 ewu.

Ribut Sutrisno, sopir angkutan rokok saka Surabaya menyang wilayah Sumatra ngandharake, praktek premanisme ditemoni sadawaning dalan sing diliwati. Sing paling akeh, kandhane, ing dhaerah Lampung. “Saben mlaku pirang meter, wis dicegat preman. Dhuwit sangu entek mung diwenehake preman,” sambate marang Panjebar Semangat sawatara wektu kepungkur. 

Sangertine Sutrisno preman-preman iku ditogake wae dening aparat. Ora ana pambudidaya kanggo cilike nggusah gedhene ngrangket amrih jalur truk angkutan barang kalis saka gangguan. Sebab nyatane seprana-seprene preman-preman iku tetep ana ing jalur sing diliwati truk ekspedhisi. Kamangka, ora kabeh sopir dicekeli sangu sing cukup kanggo ‘njatah’ preman jalanan iku. “Coba yen pulisine tegas mbrastha gangguan-gangguan kuwi, sopir kaya aku ngene iki mesthi nyaman ing dalan,” ujare priya asal Tulungagung iku.

Sauntara kuwi preman kanthi kedhok ormas uga asring gawe pituna tumrap perusahaan-perusahaan sing dijaluki ‘dhuwit keamanan.’ Para preman iku mung adol gendung tanpa gelem rekasa nyambut gawe. Golek penake dhewe kanthi thenguk-thenguk njagakake jatah wulanan.

Prekara premanisme sing bebasan kekudhung lulang macan kuwi tau dadi rembug sing serius awit para pengusaha sambat kepeksa ngetokake dhuwit ora sethithik kanggo njatah setoran marang preman-preman mau. Padhahal sing njaluk setoran biyasane ora mung preman, nanging oknum petugas sing awatak preman.  Presiden Prabowo wis prentah marang Kapolri amrih mbengkas rerusuh iku. Emane pambrasthane preman dening aparat kapulisen ora tuntas. Mung gumregut nalika prekara iku dadi isu rame ing medhia massa. Sawise isune sirep, masalah premanisme ora dadi kawigatene pulisi maneh.

Dhosen Komunikasi Politik Universitas Paramadina Jakarta Hendri Satrio negesi protese masyarakat lumantar simbul One Piece merga nanggapi kebijakan-kebijakane pamarentah sing dirasakake saya mlened. Upamane gagasan ngutip pajeg saka sumbangan buwuh, sarta anane kabar menawa pamarentah ‘ngedol’ dhata pribadine warga negara marang Amerika gegayutan karo negosiasi dagang. Miturut Hendri panggunane simbul asing kanggo nelakake protes luwih aman tinimbang simbul lokal sing gampang njalari kliru tampa.

“Yen njupuk simbul saka komik Indonesia mbokmenawa bakal dadi urusan dawa. Merga ana Undang-Undang ITE barang. Mula luwih becik nggunakake simbul komik asing wae, aman,” kandhane Hendri dikutip saka tempo.co.

Hendri ngajab pamarentah bisa mahami ekspresi protes sosial mau tanpa matrapi pidana marang pawongan sing protas. Aparat dijaluk ora kobongan jenggot  banjur kanthi represif mikut wong-wong sing nelakake protes mau.  Hendri yakin masyarakat sing ngajokake protes liwat simbul-simbul kuwi wis ngerti wates endi sing prayoga sarta endi sing ora prayoga. Kabukten ora ditemokake pamasange gendera One Piece sing luwih dhuwur tinimbang merah putih.

“Iki rak bentuk protes sing dikemas kanthi lucu nganggo tokoh komik sing cedhak karo panguripane bocah-bocah enom. Aku yakin akeh masyarakat sing diwakili pangrasane liwat protes kasebut. Kudune pamarentah mawas dhiri, aja nesu-nesu,” kandhane Hendri. (KSW)

Panulis : Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *