COKLAT utawa soklat isih dadi salah siine nyamkan sing disenengi skahing uwong. Ora bocah ora uwong tuwa, meh kabeh seneneg ngemil soklat utawa panganan sing ngandhut bahan saka olahane kakao kasebut. Cokelat/soklat sing ireng, soklat, uga putih, pancen bisa diolah maneh dadi panganan kang luwih mirasa. Yaiku kanthi dicampur bahan-bahan liyane. Contone, cokelat putih kang dicampur lemon lan parutan klapa, uga tiramisu cokelat pait. Wis aja kesuwen, mangga dicoba! (nn)
Cokalet Putih Parutan Klapa

Bahan:
- Santen kenthel 100 ml
- Cokelat putih 350 gram
- Peresan lemon 2 sendhok teh (yen ora ana lemon bisa diganti jeruk nipis)
- parutan klapa 90 gram
Carane Nggawe:
- Tata ing wadhah, lebokake kulkas maneh udakara sejam nganti atos.
- Cokelat putih dicuwil-cuwil, diwadhahi panci anti lengke lan dicampur santen.
- Banjur dipanasake nganggo geni cilik, diudhak nganti lumer lan cinampur rata.
- Sawise lumer, diangkat, diudhak terus nganti rada kenthel.
- Tambahake peresan jeruk, diudhak maneh nganti rata.
- Lebokake kulkas nganti adhem rada kaku.
- Disendhoki, digawe bunder kaya bal, banjur dioseroserake parutan klapa.
Tiramisu Cokelat Pait

Bahan:
- Endhog 2 iji, pisahake putih lan kuninge
- Gula pasir 100 gram
- Krim keju 250 gram
- Cokelat pait 100 gram, dilumerake
- Kopi pait 350 gram
- Bubuk cokelat 2 sendhok teh
- Biskuit 20 iji
Carane Nggawe:
- Kocok kuningan endhog lan gula nganti ngembang.
- Tambahake krim keju lan cokelat pait lumer, campur nganti rata.
- Ing wadhah liya, biskuit dijur, dicampur karo kopi pait (kopi bubuk) nganti rata.
- Tata ing loyang: separo adhonan biskuit lan kopi, diratakake. Banjur ing ndhuwure separo adhonan krim keju lan cokelat pait lumer.
- Tumpuke maneh nganggo turahan adhonan biskuit, banjur turahan adhonan krim keju lan cokelat.
- Pungkasan, ndhuwur dhewe, adhonan kocokan kuning endhog lan gula.
- Amrih katon merak ati, ing ndhuwure diwur-wuri parutan cokelat.
- Lebokake lemari es udakara rong jam sadurunge disugatake.
***
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital








matur nuwun resep e, mugi saget menginspirasi marang liyane.
min, kula rekues resep nyamikan sing asin
makasi kak, besok weekend aku coba deh buat ayang hehehe
mbak e, miturut njenengan nopo malih kanggih resep minggu ngarep?