Else Windasari lan Robot Gaweyane
Sawijining siswi kelas 9 SMPN 1 Jetis, Ponorogo, Jawa Timur kasil nggawe robot orak arik gabah kang dikendhalekake saka hp smartphone. Siswi ksb jenenge Else Windasari.
Inovasi iki nguntapake Else, julukane, oleh juara 2 tingkat nasional lan nampa penghargaan saka Kementerian Pendidikan lan Kebudayaan ing ajang Kalbe Junior Scientist Awards (KJSA) 2019. Else nyisihake 424 peserta liyane.
Robot gaweyane Else iki bisa mbantu para petani ngolak-alik gabah nalika dipepe amrih cepet garing. Kaya kang kita mangerteni, para petani ing Ponorogo kerep kerepotan nggaringake gabah yen wis wayahe panen raya. Mangerteni bab kuwi, Else Windasari banjur nggawe piranti arupa robot orak-arik gabah kanggo sabiyantu kerjane para petani mau. Apamaneh robot iki uga dilakokake liwat jaringan bluetooth saka smartphone, saengga bisa ngenthengake pakaryane kadang tani.
“Robot iki bisa mbantu petani ngolak-alik gabah amrih enggal cepet garing” tuture Else nalika dikonfirtmasi wartawan (2/11/2019).
Else nambahake, robot iki bisa dilakokake lumantar jaringan bluetooth saka smartphone. Saengga bisa ngenthengake kerjane petani. Bab iki amarga nalika proses mepe gabah kuwi dibutuhake wektu dinan-dinan yen cuacane ora mesthi. Durung maneh rasa gatel kang kerep nyerang para petani nalikane proses mepe gabah mau. “Proses nggawe robot iki kira-kira 4 wulan lan ngentekake ragat Rp 500 ewunan” jlentrehe.
Else nambahake, robot iki digawe saka maneka komponen elektronik kaya motor listrik DC, microcontroller arduino nano, charger solar controller, batrei, modul bluetooth hc 05, DC to DC step down lan relay.
“Robot iki uga dipepaki panel surya kang bisa mbantu ngisi daya batrei nalika dilakokake ing lapangan” imbuhe.

Robot Orak Arik Gabah
Manut cewek ayu iki, yen arus saka batrei urip mula otomatis bluetooth uga urip. Sawise kuwi petani mung kari ngoneksi robot karo smartphone kang wis diinstal software remote control.
“Petani mung kari ngarahake robot maju mundur ngiwa nengen nganti gabah kang dipepe kuwi bisa rata lan bisa digayuh saka jarak 5 nganti 10 meter” ujare.
Guru Pembimbing Robotik SMPN 1 Jetis Dwi Sujatmiko nambahake, robot gaweyan siswine iki manut sarane juri amrih bisa obah otomatis. Nanging jroning perkembangane, robot iki kerep ngalami gangguan sistem nalika pemrograman robot. Utamane bisa ng-reset dhewe kang nyebabake robot mau ora gelem menggok amarga putuse koneksine karo bluetooth.
“Wusanane sawise bola-bali dites konangan yen tegangan kanggo mikrontroler ora stabil, saengga kita wenehi kondensator elektrolit (elco) amrih tegangane stabil” pamungkase.
Penulis : d/ist
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







