Golongan kang Slamet ing Alam Kubur Tanpa Ditakoni Munkar lan Nakir

MINANGKA wong kang duwe iman, siksa kubur mujudake sawijining bab kang kudu kita yakini ana.

Sahabat Usman bin Affan, dheweke mandheg ing sawijining kuburan banjur nangis. Mula banjur ditakokake marang dheweke, nalikane kowe kelingan suwarga lan neraka kowe ora nangis, nanging geneya kowe saiki malah nangis merga bab iki?

Usman banjur ngandhakake, satemene Rasulullah Shallallahu Alaihi Wa Sallam paring dhawuh, “Kuburan mujudake ndheg-dhegan pisanan saka ndheg-dhegan akherat. Yen slamet saka kene, mula apa kang sawise iku luwih gampang, nanging yen dheweke ora slamet mula sing sabanjure bakal luwih angel maneh.” (HR. Imam Tirmidzi)

Adhedasar hadis ing ndhuwur kita kudu yakin yen ing alam kubur kita bakal ketemu klawan malaikat Munkar lan Nakir. Kaya kang kita mangerteni, kekarone malaikat iki nduweni tugas nakoni menungsa ing alam kubur bab sapa Pengerane menungsa iku, sapa nabine, apa kitabe, lan sapanunggalane.

Senajan katone climen, nanging perlu kita ngerteni yen gampang utawa angele njawab pitakonan malaikat iki gu-mantung marang amal tumindake menungsa sasuwene urip ing ndonya.

Nanging senajan mangkono, pranyata ana sawenehing wong kang ngliwati proses alam kubur iki, tanpa oleh pita- konan saka malaikat penjaga kubur.

Syaikh Ibrahim Al Waqani, jroning Kitab Hidyatul Murid njlentrehake, ana pitung golongan menungsa kang mengkone ora bakal ditakoni dening Munkar lan Nakir ing njero kubur. Kapitune golongan wong kang ora ditakoni ing njero kubur kuwi ing antarane yakuwi;

  1. Wong kang mati syahid jroning upaya ngukuhi kaimanan lan katakwaane marang Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
  2. Wong kang yakin marang keagungane Gusti Allah, apa kuwi sacara fisik apadene sacara batin.
  3. Wong kang sregep maca surat Al Mulk saben mbengi.
  4. Wong kang mati amarga kaliren.
  5. Wong kang matine ing malem jemuah.
  6. Wong kang tilar donya amarga katerak prahara.
  7. Wong kang nindakake uzlah utawa nenepi ing sawijining guwa jroning upaya nyaketake dhirine marang Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Wong iki nindakake bab kuwi jroning wektu tinamtu suwene. Lan wong sing nindakake bab iki biasane mujudake wong kang ora nyenengi umyeke ndonya kang asifat sauntara kuwi (zuhud).

Nanging senajan mangkono, ora ana kang mangerteni kita klebu jroning pitung golongan ksb apa ora. Sing jelas, lan sing mesthi kudu tetep diwanpadani yakuwi setan bakal terus ngaku-ngaku Tuhan nalikane si mayit ditakoni ing njero kubur iki.

Imam At Tirmidzi jroning Nawadirul Ushul kaya kang dinukil Ibnu Hajar Al Asqalani nyeritakake saka Sufyan Ats Tsauri “Nalika mayit ditakoni (Munkar lan Nakir) sapa Pengeranmu?”

Setan langsung ngatonake awake marang mayit ksb, lan nuding marang awake sinambi kandha; “Mayit, aku iki Pengeranmu!”.

Mula iku, ana katrangan ngenani donga komitmen kaimanan kanggo mayit nalikane ditakoni malaikat ing njero kubur.

Imam At Tirmidzi ngandhakake hadits kanthi sanad kang shahih, saka Amar bin Murah, kang ing kono para sahabat nyunahake donga kanggo mayit nalika diseleh ing njero kuburan. Donga mau yakuwi “Ya Allah selametna dheweke saka setan”.

Nabi Shallallahu Alaihi Wa Sallam paring dhawuh (sabda), “Yen mayit wis dikuburake, dheweke bakal ditekani dening malaikat loro werna ireng lan biru tuwa. Sing kapisan diarani Munkar lan sing kapindho disebut Nakir” (HR. At Tirmidzi).(ist) Wallahu a’lam.

***

Panulis: Ki Jenggot
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *