Ana wae samubarang kang unik saka saben suku ing Nuswantara. Ora mung kang kerep katon kaya ta seni, ritual, lan busana wae. Ananging uga pakulinan ing ulah padinane. Contone ngenani sapa aruh, kang dadi perangane unggah-ungguh. Kaya kang dadi khas-e suku Kerinci.
SUKU Kerinci kang umume dumunung ing tlatah Jambi, nduweni katemton bab sapa aruh. Arane tutou tabano. Tembung tutou, tegese tutur, pocapan, utawa sese- butan. Dene tabano tegese apik banget. Mula tutou tabano padha karo sesebutan kang apik, selaras karo unggah-ungguh.
Kejaba kaanggep becik (sopan), sesebutan iki uga dadi srana amrih trewaca, sing dijak omongan iku prenahe apa. Manut basane suku Kerinci, karan tikap lampit (kekerabatan). Magepokan karo bab iki, ana unen-unen mangkene: “ilang tutou, ilang sanak”. Maknane, yen nganti sesebutan iku sirna (ora digunakake), paseduluran uga bakale ilang.
Tutou tabano salah sijine gegayutan karo nyebut utawa mbasakake pawongan sing dijak rembugan. Marang pawongan sing sakpantaran, sebutane iko. Yen anggone kandha marang sing luwih enom, nyebute mpoun (yen lanang) utawa ka’u (yen wadon). Dene yen marang pawongan sing luwih tuwa, nyebute kayo. Iki mujudake sesebutan sing paling alus, lan bisa katrapake marang kakung lan putri.
Kejaba mbasakake marang pawongan sing dijak rembugan, tutou tabano uga katrapake kanggo ngaruhake sedulur nunggal ibu. Ora mung kangmas mbakyu lan adhi kaya ing Jawa. Ananging saben anak ana parabane selaras karo urutane.
Anak mbarep sinebut tuwo utawa uwo, anak nomer loro sebutane t’ngah utawa ngah. Anak nomer
telu pandak utawa andak, nomer papat putih utawa utih. Anak nomer lima peparab kitam utawa itam, nomer enem knek utawa nek. Lha dene anak ragil sebutane knsu utawa nsu.
Suku Kerinci uga nduwe sebutan mligi marang ibu, yaiku indouq utawa ndouq. Suku Kerinci pancen
klebu kang tikap lampite manut garis turune ibu (matrilineal). Mula, uga ana sesebutan mligi kang-
gone sedulur saka garise ibu.
Sedulur lanange ibu sing luwih tuwa, sinebut tuwan. Yen sedulur lanange ibu kasebut anak mbarep,
sebutane tuwan tuwo. Yen anak nomer loro, tuwant’ngah. Mangkono sateruse, nyelarasake karo nomer urut laire.
Sedulur wadone ibu sing luwih tuwa, sinebut indouq kaiumbuhan sebutan selaras karo urutane lair
(indouqtuwo, lsp.). Dene yen sedulur wadone iku kaprenah adhi, sebu- tane nde utawa nday.
Ngaruhake rama ing basa Ke- rinci, sebutane ayah, apak, abak. Yen rama/bapak nduwe sedulur wadon, sebutane datung utawa latung diimbuhi sebutan selaras karo urutane lair. Contone datung tuwo, datung knek, lsp.
Sedulure lanang bapak, yen luwih tuwa sinebute uga apak, kaimbuhan sebutan selaras karourutane lair. Umume banjur sinebut pak tuwo, pak tngah, pak andak, lsp. Dene adhine lanang bapak sinebute pak cik.
Anak-anake sedulure ibu lan rama, kaya ing Jawa karan misan, ing Kerinci ana paraben mligine. Gumantung karo sing arep ngaruhake, lanang utawa wadon. Yen padha lanange utawa padha wadone, anggone nyebut pubisan. Dene yen beda, anggone nyeluk suku duwo. Contone uwong lanang nyeluk misane wadon, semono uga yen uwong wadon ngaruhake misane lanang.
Suku Kerinci uga nduweni angger-angger gegayutan karo cara ngaruhake sapa wae. Yaiku, ora kena nyeluk langsung jenenge tanpa mbasakake. Kejaba yen kang diceluk iku klebu isih legan (durung rabi). Yen wis rabi, wajibe diceluk selaras karo jenenge sisihane. Contone, laki si XXX (jenenge semahe), lan bini si YYY (jenenge bojone).
***
Panulis: Lie
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







