Milk bun ala Jepang. (Foto pinterest)
Sawernaning panganan, tambah dina tansaya akeh tinemu ing sakehing papan dodolan. Kejaba nyamikan kang wis lumrah dirahabi wiwit mbiyen, ana uga panganan kang katone anyar, alias “kekinian”. Saperangan pancen asil kreasi anyar, dene liyane mujudake panganan khas saka liya negara kang nembe wae kawentar ing kene.
SALAH sijine yaiku roti sobek aran milk bun ala Jepang (Japanese soft fluffy milk bread). Wujude sejatine kaya salumrah roti liyane. Rasane legit lan empuuuuk banget. Ing negara asale, roti iki wis ana wiwit abad 20.
Sing njalari roti iki empuk banget, yaiku carane nggawe, uga saperangan bahan lan takerane. Kunci pokoke yaiku tangzhong alias adhonan biyang. Asale, saka glepung lan banyu kang wis dimangsak nganti kenthel. Ya kanthi campuran tangzhong iki, roti yen disuwek katon serate alus, dene yen dimaem krasa empuk banget.
Para maos kepengin njajal nggawe dhewe? Aja kuwatir. Bahan-bahane gampang golekane, semono uga carane nggawe mung prasaja wae.
Bahan tangzhong
- Glepung (trigu) 20 gram
- Banyu bening 100 gram
Bahan Roti
- Trigu protein dhuwur 285 gram
- Ragi instan 3 gram
- Gula alus 40 gram
- Uyah 3 gram
- Susu 185 gram
- unsalted butter 30 gram
- trigu sacukupe kanggo nguwur-uwuri loyang
Carane Nggawe
- loyang dicepakake, diuwur-uwuri glepung
- mangsak bahan tangzhong nganggo geni cilik nganti mateng, banjur dinengake nganti adhem
- campur bahan roti: glepung, gula alus, uyah nganti rata, banjur tambahake tangzhong
- tambahake ragi lan susu, diudhak nganti cinampur rata
- uleni nganti kalis (udakara 10 menit)
- tambahake unsalted butter nalika nguleni, lan yen kersa bisa diimbuhi pawerna panganan sethithik wae
- padhetake adhonan dadi kaya bal banjur diwadhai lan ditutupi plastik utawa lap resik, dinengake setengah jam nganti 40 menit nganti ngembang tikel pindho
- yen wis ngembang, dipenet-penet, banjur dipantha dadi 16 iji, digawe bunder kaya bal
- saben bunderan kena diiseni soklat, keju, sele stroberi, lsp. Banjur ditata ing loyang kang wis diuwur-uwuri glepung
- tutup maneh udakara setengah jam nganti 40 menit nganti ngembang tikel pindho maneh
- panasake oven nganti 180 drajat C
- adhonan diuwur-uwuri glepung nganggo saringan
- yen oven wis panas, disuda nganti 150 drajat, banjur panggang adhonan suwene 17 nganti 20 menit
- yen wis mateng, dienteni sedhela nganti anget manget-manget, lagi diangkat saka loyang.
***
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







