FENOMENA kang gawe gawok kedadeyan ing srengenge durung suwe iki. Ula langit katon kerekam kamera lagi mrambat ing lumahe srengenge. Ula tenanan apa ya?
Satelit pengamat srengenge utawa Solar Orbiter kang nduweni European Space Agency (ESA) ngrekam kedadeyan nengsemake kang ana ing lumahe srengenge mau. Nalika ngrekam kegiatan padinan srengenge, kamera Solar Obiter nangkep anane barang obah- obah kang unik saka sawijining sisihe srengenge liya. Barang obah-obah kang saemper ula utawa naga kuwi mrambat kanthi cepet.
Mung wae manut ESA aja ditegesi ula iku sacara harfiah. Merga barang obah-obah kang kaya ula mrambat kanthi cepet kuwi ora liya sawijining proses energi intens kang ana ing atmosfer srengenge.
Nalika kuwi gas atmosfer adhem ketembak dening medan magnet srengenge kang banjur ndadekake plasma adhem iku obah mrambat kanthi cepet.
ESA ngira “ula” kang mrambat kanthi cepet iku playune nggayuh 170 kilometer per detik. Fenomena unik iku dhewe kasil karekam kamera kanthi nindakake time lapse video aktivitas srengenge.
David Long, analis ruang angkasa saka Mullard Space Science Laboratory (UCL) ngandhakake fenomena luar biasa iku muncul merga kondisi gas ing atmosfer srengenge kang rupa-rupa.
Manut dheweke, kabeh gas ing atmosfer srengenge kuwi plasma. Suhu srengenge kang panase ekstrem banget, luwih saka sak yuta derajat, ndadek- ake elektron bisa uwal saka atome.
Ing antara kondisi mau bisa nuwuhake bledhosan gedhe kang disebut coronal mass ejections. Mula nalika kuwi sawenehing gedhe plasma kontal menyang luar angkasa. Ula langit kang mrambat ing srengenge ksb manut David mujudake plasma adhem kang ngetutake filamen surya.
Ula langit iku katon mrambat merga anane busur plasma. Kondisi iku kang ndadekake ula langit katon
kaya naga kang ngliwati lumahing srengenge kang nyambungake rong bagian kang adoh. Jroning video kang diunggah dening ESA, gerakan ula langit iku kayadene gas putih kang mrambat saka bagian ngisor srengenge menyang bagian ndhuwur.
“Medan magnet ndadekake plasma adhem mili saka bagian siji menyang bagian liyane. Dadi kowe oleh owah-owahan arah iki,” jlentrehe David Long.
Jroning katrangan resmine, ESA ngandhakake anane fenomena ula langit, filamen, lan kontale massa koronal dudu bab kang kebeneran. Para ahli dinane iki ngaku lagi ngupaya nyelidiki kepiye katelune mau gagendhengan. Apamaneh detektor Partikel Energetik ing Solar Orbiter nyathet yen fenomena iku mujudake partikel energik srengenge paling intens kang tau diamati.
***
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







